Quantcast
Channel: Jagad Jawa – Solopos.com
Viewing all 159 articles
Browse latest View live

Nut Jaman, Pakem Kerep Ditinggal

$
0
0

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (31/1/2019) menika kapacak bab wayang purwa.

Solopos.com, SOLO -- Lakon wayang purwa lumrahe adhedhasar saka Serat Ramayana lan Mahabarata. Wayang uga duwe pakem-pakem tartamtu kang diugemi dening para dhalang. Nanging ing jaman sing saya maju iki, ora mung pakem sing perlu diugemi, dhalang kudu kreatif lan duwe visi sing cetha nalika mbabar pakeliran supaya bisa narik kawigatene masarakat.

Dalang kondang Ki Manteb Soedharsono nalika diskusi ing Pendapa Wisma Seni sawetara wektu kepungkur ngandharake bab sing wigati. Dhalang jaman saiki kudu nut jaman kelakone. Wiwit saka masalah sing dibabar, nganti wujud pentase kudu manut apa sing ana ing jaman saiki. Iku minangka kupiya nguri-uri kabudayan wayang.

Ki Manteb uga negesake menawa dhalang ora prelu mbabar lakon sing dawa banget uga plek kaya jaman mbiyen. Sing penting ora owah saka asale, banjur cetha piwulang apa sing pengin diomongake marang penonton.

Ing Solo akeh dhalang nom sing mbabar wayang kanthi cara modheren. Ana dhalang Keroncong Wayang Gendut (Congwayndut), Dwi Suryanto. Pentas Congwayndut digawe luwih modheren wiwit wujude wayang, basane, uga musik sing ngiringi. Kabeh digawe sarwa luwes kaya gayane nom-noman saiki.

Ora kaya pentas liyane, Dwi, Rabu (30/1/2019), ngandharake pentas Congwayndut pancen ora ngandhut piwulang tartamtu. Isine mung pagelaran wayang gayeng-gayengan supaya nom-noman gelem nonton. Pangajabe sakbubare iku padha gelem sinau bab wayang.

“Yen Congwayndut ancase pancen kanggo regenerasi penonton. Wayang kanggo nom-noman. Yen wis seneng, ya muga-muga trus gelem sinau lan nonton wayang sing asline ki kaya ngapa,” kandhane.

Dhalang saka Ponorogo sing wis mapan ing Jakarta, Nanang Hape, uga duwe cara sing unik nepungake wayang marang nom-noman. Biyen dheweke kerep "ditanggap" ing media sosial Twitter. Sing nanggap akeh banget wiwit nom-noman nganti wong tuwa. Malahan ana wong saka nagara manca sing uga seneng nanggap wayang Twitter Nanang Hape.

Dhalang sing tau ngangsu kawruh ing Solo iki uga kerep pentas wayang urban ing Jakarta. Lakon wayang sing digarap khusus kanggo masarakat urban iki sarana ngelingke wong-wong Jawa sing ana ing kutha marang tanah laire. Wayange digabungke karo musik modheren, teater, lan kadhangkala dhalang monolog. Lakone nganggo basa Indonesia supaya kabeh wong ngerti maksude. 


Guyub Rukune Budaya Jawa-Tionghoa

$
0
0

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (7/2/2019) menika kapacak bab budaya Jawa-Tionghoa.

Solopos.com, SOLO -- Crah agawe bubrah, rukun agawe santosa. Unen-unen iku jumbuh karo kahanan masarakat Jawa lan warga Tionghoa ing Kutha Solo.

Guyub rukune rong kabudayan ing Kutha Solo iku bisa dideleng ing laladan Sudiroprajan, Jebres, Solo. Saben ana sambatan, utawa adicara kabudayan mesti disengkuyung bareng. Ora mbedak-mbedakake endi Jawa endi Thionghoa.

Wujud gotong-royong sing paling kawentar yaiku Grebeg Sudiroprajan. Adicara kabudayan ngemu ajaran Tionghoa lan Jawa iku diadani minangka pengetan taun anyar Tionghoa, Imlek. Grebeg digelar saben taun wiwit 2007.

Nganti tekan saiki malahan dadi salah sawijining acara wigati sing ditunggu masarakat saindhenge Solo. Wong-wong padha seneng ndeleng, apa meneh festival lampion sing dipasang ing dalan-dalan sakiwa tengene Pasar Gede.

Adicara sing utama ing Grebeg Sudiroprajan yaiku kirab budaya ing Tugu Jam Pasar Gede. Taun iki diadani ing dina Minggu (3/2/2019) awan. Sanadyan udan deres, wong-wong padha teka nonton regeng lan endahe karnaval kasebut.

Swasana samsaya rame nalika ana barongsai sing sing pamer katrampilan. Pasarta kirab padha ngusung gunungan. Sing paling baku gunungan kue kranjang.

Ing pungkasane adicara, panganan kang digawe mligi wektu Imlek iku banjur disebarke marang warga kang nonton. Kabeh padha kruyukan amrih entuk kue kranjang. Isih ana gunungan liyane sing isine maneka werna panganan khas Sudiroprajan, kayata ondhe-ondhe, lan jamu.

Sakliyane tontonan, adicara iku uga dadi tuntunan, yaiku ngandhut piwulang bab tepa selira marang wong liya sanadyan beda suku, agama, ras, lan kabudayan.

“Irah-irahan taun iki Kebhinekaan itu Mempersatukan. Ateges apa wae sing beda iku kudune agawe rukun santosa, ora malah dadi sarana crah sing dadine malah bubrah,” tuture Ketua Grebeg Sudiroprajan taun iki, Angga Indrawan, nalika diwawancarai solopos.com, Selasa (6/2/2019).

Simbol Akulturasi

Angga ngandharake Grebeg Sudiroprajan ora mung simbol akulturasi Jawa lan Tionghoa ing Solo. Luwih saka kuwi, masarakat beda kabudayan iku urip rukun lan bebarengan ing Kampung Sudiroprajan sabendinane. Wiwit jaman leluhure Angga mbiyen.

Ing kampung kasebut akeh nom-noman Jawa lan Tionghoa sing rabi banjur nglairake anak ‘campuran’ sing uga kasebut ampyang. Saben ana adicara kampung kayata rondha, kabeh padha teka.

“Ing kene uga ana pepanthan sinau kabudayan kayata pambiwara, lan barongsai. Keturunan Tionghoa uga ana sing sinau pambiwara, semono uga barongsai anggotane malah akeh sing wong Jawa,” kandhane.

Kajupuk saka Solopos.com sing disiarake, Selasa (5/2/2019), Tionghoa utawa China pancen wis nyawiji kalawan budaya Nuswantara wiwit jaman mbiyen. Kayata masarakat India lan Arab.

Yen dideleng saka sujarahe, naskah babagan Asia Tenggara mligine Indonesia akeh sing diserat dening musafir Tiongkok.

Nom-noman asli Jawa sing kerep menyang Grebeg Sudiroprajan, Megasari, seneng nyawang endahe akulturasi budaya Jawa–Tionghoa sing ana ing Solo.

Masarakat sing apik kuwi ya kudune guyub rukun kaya mengkana. Ora prelu mbedak-mbedakake laire saka ngendi. Beda agama utawa kabudayan ora dadi masalah. Sing penting padha-padha ngerti lan nglakoni kabecikan.

“Ya seneng banget saben ndeleng pengetan Imlek ing Solo. Rasane katon ayem guyub rukun. Pancen kudune kaya ngono. Aja nganti gelem didu mung gara-gara beda budaya,” ujare Megasari.

Padha-Padha Mulangake Kabecikan

$
0
0

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (7/2/2019) menika kapacak bab akulturasi budaya.

Solopos.com, SOLO -- Budaya Jawa lan budaya Tionghoa temene padha-padha ngandhut piwulang bab kabecikan. Awit saka iku wong Jawa lan peranakan Tionghoa ing Solo bisa urip bebarengan ing bebrayan agung. Apa meneh ing Kutha Solo sing kawentar minangka kutha budaya.

Dosen Filsafat Jawa lan Tionghoa ing Pascasarjana Universitas Sebelas Maret (UNS) Solo, Oesman Arif, urun rembug babagan akulturasi budaya. Sesandhingane budaya Jawa sanjabane Jawa ing Kutha Solo wis ana wiwit puluhan taun kepungkur.

Wong asli Solo wis ora kaget marang kabudayan anyar kayata China, lan Arab. Bisa urip sesandhingan, ayem tentrem tanpa masalah. Sing nuwuhake rasa beda iku, kandhane Oesman, malahan wong anyaran sing ngenger ing Solo, utawa pendatang.

“Yen masarakat asli ya biyasa wae weruh Tionghoa, Arab lan sapiturue. Sing malah rumangsa beda kuwi ya pendatang,” tuture Oesman, Rebo (6/2/2019).

Yen diudhal saka dhasar kabudayane Tiongkok lan Jawa duwe piwulang sing padha yaiku bab aweh kabecikan marang wong liya. Oesman banjur kandha bab ajaran Konghucu. Piwulang Konghucu iku majibake nggawe seneng marang wong liya. Padha karo tepa selira ing masarakat jawa.

Oesman banjur negesake piwulang Jawa lan Konghucu iku adhedhasar rasa. Miturut konsep alamiah manungsa preduli marang kiwa tengene. Awit iku bisa nyawiji nalika urip bebarengan.

“Dhasare budaya alami, sinau saka alam lan kabudayan sing padha. Beda karo budaya Barat. Mula ya China lan Jawa gampang wae yen urip bebarengan,” kandhane.

Oesman menehi tuladha akulturasi budaya saka kaluargane. Miturut Oesman keluwarga besare akeh sing keturunan China lan asli Jawa. Nalika ana adicara-adicara kabudayan ya padha-padha disengkuyung bebarengan.

Kayata Imlek, kabeh melu seneng ngregengake pengetan Imlek sanadyan dudu wong Tionghoa. Semana uga nalika ana adicara kejawen kayata bancaan, ya kabeh melu-melu nyuwun dedonga mawa panganan kondangan.

“Yen aku biyen nalika isih cilik ya biyasa wae. Ora mikir keturunan Jawa, China, lan agamane apa. Lagi ing Orde Baru krasa banget bedane. Malahan ana aturan rabi kudu agama sing padha. Sabubare iku trus kaya-kaya ana bedane. Kamangka asline ya padha wae,” kandhane. 

Nguri-Uri Tembang Macapat

$
0
0

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (14/2/2019) menika kapacak bab tembang macapat.

Solopos.com, SOLO --  Seni Tradisi sing kakandhut ing Kabudayan Jawa iku akeh banget tur werna-werna wujude. Salah sijine yaiku tembang macapat. Lumrahe ditembangke karo rengeng-rengeng diiringi swara gamelan. Yen ana sing kepingin ngrungokake macapatan, bisa ndeleng pakeliran wayang utawa adicara klenengan sing kerep diadani papan-papan kabudayan ing Solo.

Ora sak-sake, tembang Jawa iku kaperang dadi telung jinis, yaiku tembang gedhe, tengahan, lan cilik. Dene yen tembang macapat, kalebu jinis tembang cilik lan tembang tengahan.

Miturut Poerbatjaraka ing bukune, macapat iku karan kanggone geguritan sing ana ing jaman basa Jawa Madya (tengahan). Tembange ana cacah 11 yaiku Pu­cung, Maskumambang, Megatruh, Gam­buh, Mijil, Kinanthi, Asmaradana, Durma, Pangkur, Sinom lan Dhandhanggula.

Saben jinis nduweni sasmita lan wewatakan dhewe-dhewe. Mbabar bab kamanungsan wiwit saka isih ana ing guwa garbane ibu, manungsa lair, urip ing alam ndonya, nganti tumeka titimangsane tilar.

Macapat iku kalebu tembang sing isih ditresnani masarakat saiki. Luwih-luwih wong-wong tuwa. Yen dideleng ing maneka adicara Jawa, akeh wong tuwa sing gelem lungguh suwe ing cerak gamelan sambi ngrungokake macapatan. Sakwalike, nom-noman ora akeh sing gelem sinau utawa ngugemi macapat.

“Aku mbiyen sinau macapat pas isih cilik. Wiwitane seeng nembang, banjur ajeg latian. Saiki wis ora tau,” kandhane Murid SMA Batik II Solo, Ganis Myharta Risyani, 16, nalika diwawancara solopos.com, Rebo (13/2/2019).

Ganis ngandharake dene dheweke seneng nembang amarga ndeleng wayang nalika isih Sekolah Dasar (SD). Banjur kerep latian nembang nganti tekan Kelas VIII SMP. Sakbubare iku dheweke wis ora tau latian nembang. Kamangka sakdurunge wis fasih maneka jinis macapat kayata Pucung, Gambuh, lan Pangkur.

Miturut dheweke nembang iku angel-angel gampang. Swarane kudu apik, uga kudu ngerti maksud sing kakandhut ing njero tembang. Mula ora akeh sing gelem sinau tembang.

Ganis saiki malah luwih seneng sinau beksan. Nganti wis tau pentas tari tradhisi tekan ngendi-ngendi. “Sanadyan ora pati seneng nembang. Aku kandha dene tembang iku wigati banget. Ing njerone ngandhut bab sing wigati banget,” kandhane.

Pengurus Sanggar Sarotama Benawa Karanganyar, Singgih, ngandharake dene nom-noman sing gelem sinau macapat iku mung sithik. Yen ana palinga mung wong-wong sing pengin sinau tembang kanthi maksud tartamtu, kayata kanggo melu lomba, supaya biji tugas kuliahe dadi apik, lan sakpiturute.

“Mung sithik  nom-noman sing sinau tembang jalaran tresna marang kabudayan,” kandhane, Rebo.

Beda karo bocah-bocah cilik wiwit Sekolah Dasar (SD). Bocah cilik iku malah akeh sing latihan tembang karana seneng lan tresna marang kabudayan. Nanging ya pancen ora mung sinau tembang. Lumrahe disambi ajar ndhalang, karawitan, lan sakpiturute. 

Tembang Jawa ing Sekolahan...

$
0
0

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (14/2/2019) menika kapacak bab tembang jawa.

Solopos.com, SOLO -- Tembang Macapat diajarke marang para kadang mudha wiwit ing sekolah dasar (SD) nganti Sekolah Menengah Atas (SMA). Nanging, bab sing diajarke pancen mung sethithik.

Humas MGMP Basa Jawa Kutha Solo, Muhammad Amir Dwi Purnama, nalika diwawancara Solopos.com, Selasa (13/2/2019), ngandharake dene bab tembang diajarke saben semester. Nanging mung loro nganti telung pertemuan saben sak semester.

Sing dibabar mung sak jinis tembang, kayata mung Gambuh, Mijil, lan sakpiturute. Nganti lulus mung mbabar enem jinis tembang. Kamangka Macapat ana 11 jinis tembang. “Saben sak semester sak jinis tembang, banjur yen SMA nganti lulus mbabar enem jinis tembang,” kandhane.

Sakliyane iku bocah bocah uga diwulang bab liyane kayata cerita cendhak (cerkak), pranata cara, geguritan, omah adat, nulis Jawa, uga bab unggah ungguh Basa Jawa lan tata krama. Sing paling penting lan kudu diajarke, miturut Amir yaiku bab tata krama lan unggah ungguh basa.

Guru Basa Jawa ing SMP Warga Solo, Dhagan Widyaloka, nalika diwawancara Solopos.com, Selasa, ngandharake, jinis tembang sing dibabar saben semester pancen mung sethithik. Nanging bocah bocahe uga diajak mbabar maknane tembang, struktur tembang, nganti tugas nggawe tembang.

Kayata wingi ing salah sawijining semester, ana bab sinau Serat Wedhatama. Nalika kuwi bocah-bocah diajari nembang, ndhudhah tulisan, lan nggawe tembang. Sakliyane iku dheweke uga nate mbabar Serat Wulangreh, Tripama, lan liya liyane.

“Nanging ya sanadyan mung mbabar sak jinis tembang, aku tetep ngandhani bocah bocah jinis macapat liyane,” kandhane Dhagan.

Dhagan ngandharake dene ngajari macapat marang bocah-bocah pancen rada angel. Murid ing sakkelas iku paling mung sethitik sing wasis anggone nembang. Liyane ya amarga kepepet tugas.

“Sing pengin temenan sinau tembang ya biasane melu les ing njaba sekolahan,” kandhane. 

Nasibe Dongeng Ing Jaman Milenial

$
0
0

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (21/2/2019) menika kapacak bab dongeng.

Solopos.com, SOLO -- Jaman mbiyen wong tuwa kerep ndongengi anak-anake saben arep turu. Jinis dongenge werna-werna. Ana fabel sing mbabar bab kewan, legenda, fiksi fabel, legenda, mite, sage, lan sakpiturute.

Ing masarakat Jawa, irah-irahan dongeng sing kerep dirungokake marang bocah-bocah kayata Timun Mas, Kancil Nyolong Timun, lan Malin Kundang.
Dongeng sing diwaca marang bocah-bocah iku lumrahe ora mung kanggo rungon-rungon sakdurunge turu, nanging ya ngandhut piwulang sing wigati bab kauripan.

Kayata piwulang aja seneng nyolong ing carita Kancil Nyolong Timun, uga pitutur supaya dadi wong sing wani ing carita Timun Mas.

Ketua sing uga ngedekake Istana Dongeng Nusantara, Muhammad Nasyir, Rebo (20/2/2019), ngandharake dongeng iku kudune ora mung diwacakke sakdurunge turu. Dongeng bisa dirungokake marang bocah-bocah ing saben wektu.

Dongeng bisa dadi salah sawijining cara kanggo ngandhani bocah-bocah kanthi cara sing alus. Sing luwih penting, dongeng iku ora mung kanggo bocah cilik, nanging uga bisa ditrepake marang mudha-mudhi remaja.

“Jinis dongenge beda-beda. Yen bocah-bocah dikandhani bab fabel, yen wis gedhe ya milih irah-irahan sing beda lan luwih mligi,” kandhane.

Nasyir ngandharake dongeng uga kerep didadekake sarana kanggo ngilangi trauma wong-wong sing dadi korban banjir, longsor, lan liyane. Kadhangkala uga didadekake kanggo bocah-bocah lara. Ora mung sing ngrungokake, bocah-bocah uga prelu sinau ndongeng supaya wani ngomong.

“Dadi ya dongeng iku pigunane okeh banget. Ora mung kanggo rungon-rungon bocah sakdurunge turu,” kandhane.

Nasyir banjur nduweni pangajab supaya wong-wong padha gelem sinau ndongeng. Bisa sinau ing Istana Dongeng Nusantara utawa liyane. Pepanthan sing ngadeg wiwit taun 2011 iku wis bisa nglulusake 900-an wong diwasa sing sinau dongeng.

Ing jaman saiki cara dongeng ora mung mawa buku. Ndongeng kudu dilakoni kanthi cara sing beda ben luwih narik kawigaten. Nggunakake boneka lan piranti paraga liyane. Ajar dongeng uga gampang. Akeh tukang dongeng sing ngrekam banjur nyebarke videone lewat Youtube.

Salah sawijing pendongeng cilik saka Jebres, Solo, Bagas Destionanta, seneng ndongeng nang ngarep wong tuwa lan kanca-kancane. Wasise ndongeng iku pancen wis katon wiwit cilik. Dongeng bisa disinaoni saka buku, majalah, video, lan liya-liyane.

Dongeng Ngraketake Kluwarga

$
0
0

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (21/2/2019) menika kapacak bab dongeng lan kluwarga.

Solopos.com, SOLO -- Kepala KB/TK MTA Jebres Solo SitiJuwariyah kerep maca dongeng sakdurunge anak-anake turu. Irah-irahan sing diwaca werna-werna, wiwit fiksi dhaerah nganti jinis carita saka nagara manca.

Mbiyen dheweke nepangake dongeng marang anake kanthi cara lawas yaiku mung maca carita sing ana ing buku. Saiki dheweke nduweni cara liya kanggo narik kawigatene bocah-bocah. Yaiku maca dongeng kanthi mawa piranti utawa paraga kayata boneka. “Ya bocah-bocah pancen luwih seneng yen didongengi mawa paraga,” kandhane.

Siti sarujuk yen ana sing ngomong dene dongeng iku bisa dadi sarana ngajari bocah-bocah bab kabecikan lan cara supaya wong tuwa cedhak marang anak-anake. Buktine dheweke pancen luwih cedhak marang anak-anake.

Jalaran didongengi anak-anake uga luwih seneng ngudarasa karo wong tuwane. Ora mung dolanan handphone (HP) kaya nom-noman jaman saiki. Anake sing saiki umur 21 taun apa-apa mesti crita marang Siti. Kamangka dheweke anak lanang.

“Ya bisa wae kui jalaran mbiyen aku cedhak karo anakku amarga kerep didongengi,” kandhane.

Anggota saka Istana Dongeng Nusantara iki banjur nerusa keceritane. Yen ana sing pengin dikandhakke marang anake, dheweke biasane ngandharake mawa dongeng. Contone jaman mbiyen nalika anake ora mudheng ulangan Biologi, Siti, banjur ngajari anake kanthi cara ndongeng.

Dheweke nggawe piranti sing gampang dingerteni anake. “Dadi, ya pancen bener dene dongeng iku bisa kanggo sarana werna-werna,” kandhane.

Wiwit saka kuwi, Siti banjur nggawe aturan wajib ndongeng sakdurunge Kegiatan Belajar Mengajar (KBM) diwiwiti ing sekolahane. Dheweke uga kerep ndongengi bocah-bocah nalik aana kelas sing kosong amarga gurune ijin.

Pendongeng saka Solo, Rahmadi, tau digawe mbrebes mili jalaran ana bocah-bocah sing ngrangkul wong tuwane amarga dongeng. Nalika iku bocah-bocah lagi didongengi carita sing mbabar bab kwajiban bekti marang wong tuwa.

Rahmadi sinau dongeng saka tutorial video, buku, lan ajar ing pepanthan utawa komunitas. Dheweke asring pentas ing taman siswa, sekolah, TPA, lan pakempalan liyane. Miturut dheweke dadi pendongeng iku nyenengake. Mupangate ora mung kanggo bocah-bocah sing ndeleng lan ngrungokake,  nanging uga marang dheweke.

Ayo Sinau Aksara Jawa

$
0
0

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (28/2/2019) menika kapacak bab aksara Jawa.

Solopos.com, SOLO -- Sinau kabudayan Jawa rasane durung pepak yen ora mbabar babagan aksara Jawa. Salah sawijining aksara tradisi Nuswantara sing digunakake para leluhur nalika ngripta serat kuna. Ora mung basa Jawa, basa dhaerah liyane kayata Sunda lan Sasak uga nggunakake aksara Jawa.

Mula bukane aksara Jawa kerep digandhengke karo crita Ajisaka, mitos tutur tinular awujud perang tandinge abdi dalem Ajisaka, Dora, lan Sembada. Loro-lorone padudon nganti tiwas, sampyuh, gara-gara salah pangerten marang dhawuhe Ajisaka. Minangka pangeling-eling, Ajisaka banjur ngripta aksara Jawa nglegena cacah rong puluh wiwit saka Ha nganti Nga.

Kaya ngene iki urutane aksara Jawa: Ha Na Ca Ra Ka (ana caraka – utusan), Da Ta Sa Wa La (padha suwala, padudon pancakara), Pa Dha Ja Ya Nya (padha dene digdayane), lan Ma Ga Ba Tha Nga (wasana padha dadi bathang).

Guru Basa Indonesia sing uga ngajari Basa Jawa ing SD Muhammadiyah Program Khusus (PK) Solo, Nikmah Hidayati, Selasa (26/2/2019), kerep nyritakake dongeng Ajisaka marang murid-muride sakdurunge nulis aksara Jawa.

Kanthi ancas bocah-bocah luwih gampang anggone sinau aksara Jawa. “Yen ngerti ceritane kan bocah-bocah ya luwih seneng sinau. Buktine ya ngono tenan. Carita Ajisaka bisa narik kawigatene bocah-bocah marang aksara Jawa,” kandhane.

Nikmah ngandharake dene ngajari aksara Jawa marang bocah SD iku angel-angel gampang. Dheweke biasane ngetrepake cara mligi amrih bocah-bocah gampang apal. Sakliyane mawa carita, ana istilah nulis di atas awan.

Bocah-bocah dikon ngapalke banjur mbayangke nulis sambi merem. “Cara kuwi ya lumayan efektif kanggone bocah-bocah. Dadi gampang nulis aksara Jawa,” kandhane.

Miturut kurikulum sing ditetepake dening pamarentah, murid-murid SD mung prelu diwenehi ngerti aksara cacah 20 jangkep sandhangan lan pasangane.

Sakwise iku ajaran aksara Jawa diterusake ing Sekolah Menengah Pertama (SMP) lan Sekolah Menengah Atas (SMA). Yen wis mlebu SMP utawa SMA bocah-bocah sithik-sithik dijak mbabar perangan serat kuna sing wis kawentar kayata Wedhatama lan sakpiturute.

Sakwise SMA, sinau aksara Jawa ya mung miturut karepe dhewe-dhewe. Bisa melu pepanthan sing ngleluri Basa Jawa, sinau dhewe ing perpustakaan keraton, lan sakpiturute.

Dosen Program Studi Basa Jawa Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan (FKIP) Universitas Sebelas Maret (UNS) Solo, Rahmat, Selasa, ngandharake menawa nom-noman sing seneng sinau aksara Jawa ora pati akeh. Mahasiswa Jawa wae ora nganti separoh sing gelem tenanan anggone sinau naskah.

Ing Prodi Basa Jawa FKIP UNS, kandhane Rahmat, bab aksara Jawa dibabar sak mata kuliah. Biasane mahasiswa didhawuhi maca naskah, ora prelu ajar apalan aksara kaya bocah sekolah.

Dene yen bab nulis, mahasiswa biasane ditugasi nulis meneh serat kuna, utawa mutrani naskah.

“Kamangka yen mulang ing sekolah, paling ya mung maca teks aksara Jawa. Nanging kadang mahasiswa kudu ngerti sing jenenge serat Jawa, penere sing kaya ngapa. Kanggo sangu sapa ngerti mengko yen wis lulus ora mung dadi guru, nanging kerja ing kantor arsip naskah, perpustakaan, lan sakpiturute,” kandhane.

Rahmat ngandharake ing jaman saiki wasis aksara Jawa iku perlu banget. Ora mung kanggo guru utawa panaliten. Wis akeh sing nggunakake aksara Jawa minangka brandhing kutha.

Ing Kutha Solo contone, akeh instansi pamarentah lan non-pamarentah sing migunakake aksara Jawa minangka papan jeneng kantore. Sakliyane iku akeh kaluwarga Jawa utawa Tionghoa sing kerep nganggo aksara Jawa kanggo tenger kuburan kulawargane.

Pakaryan nggawe aksara iku kudu digarap dening wong sing ngerti temenan. Aja nganti dicekel wong sak-sake amarga bisa dadi salah.


Kanoman Kangelan Nyinau Aksara Jawa

$
0
0

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (28/2/2019) menika kapacak bab basa Jawa.

Solopos.com, SOLO -- Para muda kerep dianggep ora seneng sinau Basa Jawa. Nanging saknyatane akeh nom-noman sing seneng ajar lan ngugemi kabudayan Jawa.

Contone, murid SD Muhammadiyah Program Khusus (PK) Solo, Arkanda Nendra, 10, lan Aji Muhammad Raihan, 10, contone. Sanadyan nembe ngerti aksara Jawa nalika mlebu SD, bocah loro kuwi langsung seneng marang Basa Jawa.

Nalika ngudarasa kalawan solopos.com, Selasa (26/2/2019), Arkanda ngandharake paling seneng yen diajak mbabar dongeng Basa Jawa. Dheweke langsung anteng banget ngrungokake apa sing dicritakake dening gurune ing ngarep kelas.

Semana uga yen diajari bab unggah ungguh lan aksara Jawa. Nganti tekan saiki pancen durung wasis, nanging dheweke seneng ajar Basa Jawa. Kayata ajar Basa Indonesia, Arab, lan Inggris.

Beda meneh karo Aji. Dheweke paling seneng yen diajari nembang Jawa. Ana sawetara tembang sing wis diapali dening putu dhalang lan anak pesinden iki. Kayata dangdanggula, gambuh, lan liyane.

Sakliyane iku, Aji uga seneng sinau bab aksara Jawa lan unggah-ungguh basa. Yen kangelan ing sekolahan, dheweke kerep njaluk tulung simbah lan ibune sing dianggep luwih pinter. “Seneng wae yen ngrungokake tembang. Aku paling seneng bab kuwi,” kandhane.

Semana uga, salah sawijining murid ing SMA Negeri 5 Solo, Cindy, seneng yen ndeleng materi Basa Jawa. Nanging embuh ngapa Basa Jawa iku rumangsane luwih angel ketimbang liyane.

Apameneh yen dikongkon nulis aksara Jawa. Cindy nganti judheg, wis sinau suwe ya kasile tetep wae ora kaya bab liyane kayata Basa Indonesia, utawa Basa Inggris.

Awit saka  iku para guru kudu ngajari bocah-bocah kanthi cara sing beda. Aja dipadakne kalawan mata pelajaran iyane. Jalaran Basa Jawa iku pancen rada rumit kanggone nom-noman.

Wiwit saka basa, wujud tulisan, lan liya-liyane. “Ya aku asline seneng Mbak. Tapi rada kangelan sinaune piye aksara Jawa,” kandhane Cindy.

Sawijining ibu kang asale saka Bandung sing suwe manggon ing Solo, Maya Hikmah, ya ngrasakke apa sing diomongke Cindy. Dheweke seneng ndeleng wong sing fasih budaya Jawa. Nanging angel yen pengin melu-melu sinau.

Sanadyan mengkono dheweke kerep ngakon anak-anake sregep sinau Basa Jawa. Maya nduwe panemu nom-noman kudu melu ngleluri Budaya Jawa.

“Ya anak-anakku tak kon sinau sing bener. Takon guru utawa wong liya sing luwih ngerti. Yen takon aku pancen aku ora ngerti amarga asline dudu wong Solo. Nanging aku sarujuk dene ngleluri budaya Jawa iku wigati banget,” kandhane. 

Cerkak: Masker

$
0
0

Sing marahi wong-wong urip padha nggrangsang ki jane apa lan sapa? Jaman semana,, wong angger wis bisa mangan sedina pindho apamaneh ping telu kuwi wis dianggep cukup. Arang lelungan kajaba menyang sawah lan tegal. Sambene open-open rajakaya. Dolane menyang pasar adol ingon-ingon sinambi ngiras soto lan golek mbako. Apamaneh sing digoleki? Tontonan, ndlidir saben-saben ana wong duwe gawe. Wayang kethoprak wis gawe mareme ati. Nonton tipi cukup nunut neng daleme pak lurah. Sing dituju saben malem Rebo kethoprak ngepasi acara kethoprak. Cukup kuwi. Apamaneh yen ngepasi ana kethoprak sayembara kang hadiyahe payung, jam dinding, pit federal, nganti tekan pit montor. Bungahe ora jamak. Saben dina dadi gelem tuku lan maca koran. Sanajan tujuwan utamane ngarah kupon undian kanggo melu mbatang paraga siningid kang dadi dhalang dredahe kadhipaten ing kethoprak iku.

Lha banjur sapa sing miwiti reka-reka tuku tipi dhewe, gek berwarna sisan. Wong sing wis emoh ngingu rajakaya, apa wong kurang duga anggone nonton kethoprak, apa bakule tipi kang gawe murah rega? Ya, kabeh iku mbokmenawa ana benere. Kasunyatan reregan apa-apa saya suwe saya murah. Mesthine pabrike ora gelem rugi, barang-barang produksine kudu payu. Salah sijine alesan uga kanggo mbayari karyawane. Karyawane racake wong-wong desa kang kepengin nyekel dhuwit kandel. Ujare bakul sinambiwara mapane dhuwit kandel iku ana kutharaja negara. Dadi sapa sing arep disalahake? Bareng saiki akeh nom-noman padha saba kutha, solah bawane dadi beda, ora gelem meneh maraga tumrape wong desa. Sing lanang ora gelem rerewang bapake garap sawah lan ngopeni kewan. Sing wadon ora ngerti meneh carane tandur lan matun merga wis keslamur wedhak pupur. Bubar sekolah prung, budhal menyang Jakarta. Mangka nyatane ana Bekasi, Tangerang, Banten, apa ngendi meneh. Angger arahe mengulon ya diarani menyang Jakarta.

Sekolahan ya padha bae, ujare ora prelu meneh wulangan sing ora ana gunane kanggo nyambut gawe ing kutha. Ngapa susah-susah sinau basa lan sastra Jawa? Nalika masang mur baut, ngecek strum aki, ngepaki barang-barang produksi, ora butuh unggah-ungguh basa. Butuhe trampil lan cepet. Murih perusahaan bisa luwih akeh bathine, buruhe pabrik ya akeh pametune. Yen gelem lembur nganti wengi ditambahi kanggo tuku kopi. Ora tanggung-tanggung pabrik-pabrik ngetokake gaji. Saben wong siji bisa nampa telu tekane limang yuta. Durung lemburane. Pokoke kaya Mas Hari kae, durung genep setaun mulih numpak motor lanang gedhe sing regane 30-an yuta. Taun ngarep jare arep mbongkar omah, direhab digawe cakrik saiki. Minimalis. Jobine ora mung keramik, nanging granit.

Ora ngertiya, wong tuwa kang ndama-ndama anak-anake digawake mulih dhuwit sekranjang melu oleng melu nabuh kendhang. Nanging ngepasi garap sawah butuh tenaga macul utawa nraktor, ndhaut, tandur, ngrabuk, lan nyemprot, gari nutuh-nutuh anake ora ngerti rekasane wong tuwa urip ana desa. Ora gelem rewang-rewang. Malah dadi nyemprot-nyemprot awake dhewe. Paribasan ngidoni langit, ora wurung mung mbalik ngenani awake dhewe.

Kanggone sing nglakoni buru dhuwit, mudhenge bareng wis kelakon. Menawa nyambut gawene mung kontrak setaun suwene rong taun. Bareng kontrake entek, gari bingung lonthang-lanthung dadi panji klanthung. Arep ngapa-ngapa wegah. Wis kebacut cekel dhuwit ngembrah. Tangeh lamun nyusul bapak simbok menyang sawah. Saben dina isine mung mlumah-mlumah ana ngomah. Dhuwit wis dadi montor lan granit kanggo njrambah rehab omah. Ora mung Hari sing ngrasake kaya kuwi. Akeh tunggale. Sok kepara padha reuni, kumpul-kumpul ana buk wates desa saben wengi. Udad-udud ngobrol ngalor ngidul nutuh kahanan. Nggrantese durung sepiroa dibandhing sing wis kebacut rabi. Ora cekel gawe nanging kebutuhane anak bojo kudu dicukupi. Mumet njaba njero, lara sirah lara ati.

Esuk-esuk mari tangi, Hari gragapan krungu bapake nggedhor-nggedhor lawang. Aneh. Ora kaya adat saben, mesthine ana sing wigati. Jare garapan sawah wis rampungan, nek perkara ngopahi buruh tandur lan traktor rak ya ora prelu nggedhor-nggedhor lawang.

“Ri, Hari..!” pangundange bapakne diseroni. Hari gageyan metu saka kamare. Kriyap-kriyip karipan sewengi lek-lekan.“Mau bengi, lunga menyang ngendi karo sapa bae?”

“Ana apa ta pak?” wangsulane Hari rumangsa ora duwe salah

“Kowe krungu apa ora, omahe Pak Pranoto kebobolan maling. Tipi, hape, karo dhuwit sing ana lemari jarene limang yutanan ilang. Gelange Bu Narni bojone ya katut.”

“Wah ya ra ngerti, maksude bapak ki takon apa nudhuh aku?”

“Kok tekan semono tembungmu Le. Lha sapa ngerti kowe mau bengi nek biyasa thongkrongan ana buk wetan desa rak dalan cedhak karo omahe Pak Pranoto dadi weruh glibete wong nyalawadi.”

“Lho, bapak nggone takon ya kaya ngono, setengahe atiku rak dadi krasa. Apa dumeh saiki aku pengangguran terus dadi gelem colong jupuk?”

“Ya aja nesu, karepe bapakmu ki mbokmenawa weruh, utawa sapa ngerti wong-wong ya duwe panduga kaya ngono. Saiki akeh wong nganggur saka perantoan, dadi gelem tumindak durjana merga ora biyasa tandang gawe kasar kanthi pametu cilik. Apa salahe bapakmu takon ngaruhake. Yen iya rak dadi wirange, apameneh yen nganti dadi urusane sing berwajib.”

“Pak…jaman saiki aja dipadhake karo biyen jaman bapak isih enom. Saiki jaman maju, akeh wong sliwar-sliwer saben wektu. Ora kenal awan wengi.Sasat sedina sewengi ora ana matine.Apameneh neng kutha gedhe kana.”

“Wis cukup.Ora prelu kokbacutke. Ora ana gunane kanggo bapak.” panyigege Mustolih, bapake Hari, sora. Anak-anak jaman saiki, apa merga ora oleh pamulangan unggah-ungguh lan tata krama dadi wani nglunjak marang wong tuwa. Sakecap disauri rong kecap. Sora diungkuli luwih sora. Dumeh bisa aweh paitan ngupahi buruh tandur lan traktor dadi wani nyentak wong tuwa. Ora kelingan sapa biyene sing nglairake, sing nyukupi kabutuhane, sing ngragadi sekolahe.

“Genahe kowe ora weruh lan ora tumindak nyubriyani, sebab wong thongkrongan wayah wengi bisa kena dakwa yen wong-wong wiwit cubriya. Wis bapak arep tilik tandur.”

“Ora.” Hari mung wangsulan sakecap lan lirih.

Wengine, wong kang dicubriyani meksa durung ketitik. Mbuh wong cedhak-cedhak bae, tegese tanggane Pak Pranoto utawa tangga desa kiwa tengen. Apa malah pancen wong nguja dadi maling saka endi embuh parane. Cethane wengi iki ana suwara kenthong dititir sinartan panjelihe wong akeh kang nyebut-nyebut maling. Maliiiinnnggg …Maliiiinnnggg …Maliiiinnnggg … ambal-ambalan tundhan. Swara kasebut mrambat sekawit saka arah kidul saya suwe mengalor nyedhak omahe Mustolih. Sawetara kang keprungu ngadohi uga ana. Kena dipestheke mrambat ngidul, sebab wetan lan kulon anane bulakan sawah. Desa iki mujur ngalor ngidul diapit sawah.

Saka sawetara wong kang bisa ditakoni nyebut omahe Pak Lurah sing kemalingan. Bola-bali dhuwit yutan kang ilang. Sejene kuwi ora ana sing digawa. Kaprigelane maling iki ngemu teges neter kapitayane wong-wong desa Banjarejo. Desa kang sekawit reja aman tanpa ana kekurangan. Yen ana siji loro kang durung cukup lumrah, pamarentah desa uga wis kupiya aweh bantuwan wujud beras, endhog, malah saiki ana daging, sarta dhuwit blanjan. Yen dikerta aji gunggung kepruk ora kalah karo pegawe negri golongan 1.

Geneya saiki ana wong durjana kumawani ngosik katentremane warga. Kok saben wengi ana sing kelangan. Sasat warga banjarejo uga ora ana sing tumindak nalisir. Durung nate ana wong kang duwe urusan karo kapulisen. Ning sapa ngerti wolak-waliking jaman lan kahanan. Mung kang nggorehake pikir, geneya kahanan kaya ngene akeh wong-wong buen diculake. Apa merga iku banjur ana kadurjanan. Kena dikandhakake masarakat dhewe ya durung nganti kaluwen utawa tembung kasare kaliren. Apameneh nek mung ukurane wong memangan mesthine isih bisa cukup. Nanging yen diukur nganggo nguja weteng lan nepsu nembe kena diarani kurang. Kurang lan luwihe mesthi uga ana watese. Yen dituruti karepe wong mesthi kepengin luwih lan urip mubra-mubru.

“Pak Lurah, nek kados niki terus-terusan, warga kedah didamel jaga rondha saben wengi.” Usule Trimo karo montong-montong nyekel penthungan.

“Setuju! Setuju! Sae niku Pak Lurah.” Surake wong-wong kang padha ngumpul dadakan ing kulon omahe Mustolih. Pak Lurah kang nembe kemalingan uga ana. Wong-wong kan niyate mburu maling iku malah sidane dadi rapat dadakan.

“Sedulur kabeh, prayogane saiki ngaso dhisik. Sesuk dirembug meneh, pamong desa bakal gawe jadwal jaga, saiki sing padha mulat kahanan. Bab kedadeyan kemalingan rong wengi iki mengko dakuruse menyang pulisi. Muga-muga enggal nemu sisik melik sapa sejatine kang wani ngosik katentremane warga. Aja padha lali yen metu saka ngomah kaya iki nganggo masker.”

Wong-wong kang gethem-gethem kepengin nyekel maling padha angluh, kendho nesune. Siji mbaka siji ninggalake papan kono. Mung kari Pak Lurah karo Mustolih kang paling cedhak omah sing isih keri. Bareng mesthhekake kabeh warga wis bali, Pak Lurah uga enggal nututi ninggalake Mustolih ijen.

Pandom jam ing tangane pak Lurah nuduhake angka 01.10. Bubar saka nguber playune maling kang ora kena dititik tlacake mau durung bisa mapan sare. Klisikan keganggu perkara sepele anane maling. Ora ngrasakake kahanan sumebare covid-19nembe gawe tintrim, malah ditambahi wong culika kumawani ngubak-ubak banyu bening. Dienam pikirane ngalor ngidul durung ketemu nalare. Pungkase mripat kesel dhewe, mak liyep kelalen merem. Nanging kudu keganggu meneh swara pambengoke wong-wong kang mesthine wargane dhewe nyebut-nyebut maling.

“Ngetan, wonge mlayu ngetan…!” aloke saweneh warga karo mllayu sipat kuping. Gemrudug swara sikil pirang-pirang mlayu kaya ana balapan jaran. Wong-wong kang padha nglumpuk keprenah ana sawetan omahe pak Lurah. Gregah tangi meneh. Metu ngomah,, nakyinake kahanan dalan wetan omah.

“Wonge nganggo masker brukut.” ana meneh sing alok jare weruh malinge

“Lha mbok awake dhewe ya nganggo masker, mung wong pira iki sing ora nganggo. Wong pancen kahanan. Kaya ngendikane pak Lurah mau angger metu ngomah supaya nganggo masker.”

“Wah, iki piye olehe mbedake, rata-rata padha maskeran.”

“Iki malah padha rembugan, ayo tututi meneh menyang ngendi playune!”

“Luput meneh malinge, arep ditutui menyang ngendi? Menawa kedadeyane bareng karo nggone pak Lurah mau, mung ora rumangsa yen ana tunggale sing kemalingan lagi krasa bareng mulih saka ngoyak mau, banjur bengok-bengok kemalingan.”

“Sapa sing weruh wonge yen nganggo masker?” wong-wong dadi thingak-thinguk nggoleki sing wadul maune. Rembuge padha saur manuk. Kawit mau ora ngerti larah-larahe. Kahanan kang dadi ora tentrem, ndadekake warga tumindak kurang duga.

“Ngone sapa sing kelangan?” Pak Lurah ndangu warga.

“Nggen kula pak, lemari diudhal-udhal, emas kalih arta senajan namung sekedhik. Sayuta langkung.”

“O…. nggonmu Sum.” Pak Lurah manthuk-manthuk. “Bapak-bapak, upami wengi niki awake dhewe sisan lek-lekan, jaga-jaga pripun. Disebar ana pos-pos pojok desa sing kira-kira dadi dalan mlebu metune wong kang nyalawadi. Yen prelu ana sing sesidheman murih yen malinge isih arep tumindak, dadi ora ngerti yen saiki wis padha siyaga.”

“Setuju… prayogi ngaten pak Lurah, kula kalih kang Sumadi tak iring kidul kulon, caket griya.” usule Trimo nayogyani.

“Ning aja turu Mo! Dumeh cedhak omah banjur mlipir mlebu omah terus ngorok.” senggake Mustolih disaut guyune wong-wong. Ora let suwe warga mrenahake dhewe-dhewe apa kang dadi pamrayogane Pak Lurah. Kahanan dadi sepi maneh. Nganti parak esuk ora ana wong kang bengak-bengok kemalingan. Sajake aman. Wengi-wengi candhake wong-wong tansah siyaga. Gilir gumanti manut urutane. Durung ana kabar sapa kang dadi malinge. Lap ilange kaya dipangan peteng.

Berita kang sumebar ana ing grup-grup media kontak, Desa Kambangsari wetane Banjarejo uga ana kang kemalingan. Malah sing dijupuk dudu dhuwit, nanging gabah limang kandhi. Anehe, saben-saben kedadeyan ana bae sing rumangsa weruh menawa malinge nganggo masker. Cethane wong-wong buen kang dijanjekake bakal diluwari saka paukuman nyatane durung ana kang metu bali saka rutan. Cacahe warga Kecamatan Arjowinangun ya mung loro, wong Kambangsari siji lan wong cedhak kecamatan. Loro-lorone pancen kecekel Pulisi merga konangan anggone maling. Embuh wong loro kuwi oleh pengentheng-entheng apa ora. Nyatane nek mung ndakwa wong maskeran, saiki akeh wong maskeran. Malah mung siji loro kang ora nganggo masker.

Wong-wong saumure pak Lurah lan Mustolih padha gedheg-gedheg ndulu kahanan iki. Pindhane miyak lan njlimeti paraga sinandi kang ana ing lakon kethoprak sayembara. Kasunyatan akeh rembug-rembug warga saben ana warung ana pos rondha, ana sawah ana pasar padha grenang-greneng nyebut jeneng. Cubriyane marang wong perantoan kang saiki ngandhang ana ngomah, elok dene dhuwite ora entek-entek. Nuli ngilani gaji, ngetung-etung bandha kang mentas dituku, klebu ngothak-athik enteke wragad rehab omah. Pandumuke kabeh kena diarani ketemu nalar.Bisa uga maling-maling sing diculake saka kunjaran, apa wong-wong kang mupangatake kahanan. Dina iki Pak Lurah wis gawe putusan menawa masker warga Banjarejo bakal disragamake.

 

Eko Wahyudi Merapi

Pandhemen sastra Jawa, mapan ing Kebumen.

The post Cerkak: Masker appeared first on Solopos.com.

Dikira Arep Rabi

$
0
0

Sakinah iku anake Pak Krama. Dheweke anak nomer siji utawa mbarep. Adhine ana loro,  lanang kabeh. Sakinah iku asli wong Dhusun Mulyatani amarga Bapak lan ibune uga asli wong Dusun Mulyatani.

Ing Dhusun Mulyatani, kulawargane Sakinah iku ora klebu wong sugih. Kulawarga biyasa  kaya dene tangga teparone. Wong tuwane uga mung makarya dadi buruh. Bapake duwe usaha mebel cilik-cilikan sing pangarep-arepe mbesok bisa ngrembaka dadi pabrik mebel gedhe lan bisa dadi panggon ngudi rejeki kanggo tangga teparone.

Dene ibune Sakinah mung buruh srabutan ing pabrik kayu ing tangga desa, yaiku ing Dhusun Sukarena. Ibune melu makarya kanggo ngrewangi Pak Krama nyukupi kabutuhan kulawarga.

Omahe Pak Krama uga kapetung omah sing sakmadya banget. Omah kuwi dibangun 10 taun kapungkur lan nganti seprene during tau didandani. Tembok bata saperangan durung dilus. Jobine uga plesteran semen thok, durung nganggo keramik.

Anake Pak Krama iku wus padha gedhe. Anak mbarepe, Sakinah kuliyah ing kampus apik dhewe ing kutha sing pancen rada adoh saka Dhusun Mulyatani. Adhine Sakinah sing nomer siji kuliyah ing kampus seni sing ora adoh saka kampus papan kuliyahe Sakinah.

Adhine Sakinah sing nomer loro saiki kelas V SD. Pancen umure kacek adoh karo Sakinah lan adhine sing nomer siji. Kahanan ekonomi kulwwargane Pak Krama pancen mung pas-pasan. Sakinah lan adhine kuliyah kanthi beasiswa amarga ora pengin gawe susahe wong tuwa.

Sansaya suwe usaha mebele Pak Krama tambah ngrembaka. Akeh pesenan mebel saka ngendi-endi. Kahanan kuwi kang ndadekake ekonomi kulawargane Pak Krama sansaya apik. Sithik-sitik Pak Krama bisa nyelengi dhuwit kanggo ndandani omahe. Sawijining sore ing ngemper omeh, Pak Krama jagongan karo Bu Lastri, bojone.

”Bu, alhamdulillah iki mebele awake dhewe sansaya laris, akeh sing seneng karo gaweyanku. Wah, yen ngene terus awake dhewe bisa nyelengi kanggo ndandani omah,” kandhane Pak Krama.

“Wah, iya, Pak. Bener. Apa maneh saiki Sakinah lan adhine wis gedhe. Sakinah ki wis prawan. Sedhela maneh mesthi bakal ditembung uwong ta? Apa iya omahe awake dhewe arep kaya ngene bae. Rak ya isin,” kandhane Bu Lastri.

”Iya, Bu. Aku uga wis mikir tekan kono. Arepa Sakinah ditembung mbesuk bar lulus kuliyah apa sawise ketampa nyambut gawe, luwih apik yen omahe dhewe enggal didandani. Aku wegah yen anakku diece wong amarga saka kulawarga sing pas-pasan ngene,” ujare Pak Krama.

”Bener, Pak. Saiki mebele awake dhewe tambah laris. Rejeki uga sansaya lancar. Wis, ayo Pak, enggal nglumpukake dhuwit kanggo ndandani omahe dhewe sing elek iki,” kandhane Bu Lastri.

Wis pirang-pirang sasi kliwat saka rembugan ing emperan omah kuwi. Saiki Pak Krama lan Bu Lastri bisa tuku wedhi, semen, lan sapiturute. Diwiwiti nglepo tembok omah nganti alus lan pasang keramik lan nata emperan omah.

Saiki omahe Sakinah katon apik lan resik. Empere uga dadi kinclong amarga saben dina disapu lan dipel. Ana kadadeyan lucu sawise Pak Krama ndandani omahe. Awan kuwi nalika pak Krama lagi ngaso ing senthong, dumadakan ana tamu.

“Kula nuwun....! Assalamu’alaikum....”

Pak Krama sing lagi nonton TV iang senthong banjur metu krungu ana dhayoh uluk salam kuwi.

”Wa’alaikumsalam. Wah... Mas Mono. Kok njanur gunung, Mas. Kadingaren dolan miriki. Mangga mlebet, mangga lenggah rumiyin...,” Pak Krama mbagekake tamune.

”Hehehe....inggih, Pak, matur nuwun. Sowan kula miriki amargi dipun utus Pak Samto, lurahe Dhusun Mulyatanim, kapurih nyuwun tapak asma panjenengan kangge kapreluan lelang sawah mbenjing,” pratelane Mono.

Dhasare Pak Krama kuwi sregep ing laku sosial ing dhusune lan uga kerep mbiyantu bot repote kelurahan mula akeh sing mbutuhake Pak Krama. Pak Krama tandha tangan ing layang kuwi. Pak Krama lan Mono banjur jagongan ngalor ngidul amarga wus rada suwe ora ketemu.

”Walah, Pak, sakniki daleme panjenengan sampun sae. Tegele ngantos kinclong ngaten. Badhe gadhah damel ta, Pak?” ujare Mono.

”Halah, duwe gawe apa ta, Mas? Anakku isih ekolah. Durung ana calone, durung ana sing nembung...hehehehe...,” kandhane Pak Krama.

”Hahaha... kula kinten panjengan badhe gadhah damel, Pak, amargi biyasanipun tiyang ingkang badhe gadhah damel ndandosi griyanipun supados katon sae ing adicara pawiwahan putra-putrinipun,” kandhane Mono.

Pak Krama lan Mono anggone jagongan lan guyonan gayeng banget, ngrembug apa wae, ngobrol ngalor ngidul. Mono ngira Pak Krama bakal nggelar resepsi mantu Sakinah amarga omahe Pak Krama didandani lan katon apik.

Jebule ora mung Mono sing ngira yen Pak Krama bakal mantu. Tangga teparone uga ngira yen Sakinah wus ditembung wong lan sedhela maneh bakal rabi. Nganti ana sing takon tekan ngendi-endi kanggo nggenahake.

Pancen lucu-lucu tanggane Pak Krama kuwi. Bisa-bisane isu Sakinah arep rabi nyebar ing Dhusun Mulyatani, kamangka omahe Pak Krama didandani kuwi ora merga dheweke arep mantu anake. Nganti ana sing takon kapan tanggale.

Pak Krama, Bu Lastri, lan Sakinah mung bisa ngguyu angger crita babagan kuwi mau. Kabeh kuwi mau dianggep donga apik wae, sapa ngerti mbesuk sarampunge Sakinah kuliyah pancen langsung dilamar tenan dening wong lanang sing apik temen-temen.

 

 

Dening: Nurlinda Alfiannisa

Lair ing Sukoharjo, 20 Nopember 1997

Manggon ing Tempuran, Bulakan, Kabupaten Sukoharjo

Sinau ing Jurusan Pendidikan Bahasa Jawa Universitas Sebelas Maret Solo

 

The post Dikira Arep Rabi appeared first on Solopos.com.

Sobrah Julikah

$
0
0

Randha Julikah kuwi kulina diceluk Sobrah. Wong wadon sing duwe jeneng asli Julikah kuwi pancen wis suwe ora tau menyang kutha kabupaten. Udakara 20 taun kepungkur saora-orane seminggu pisan liwat dalan kutha kabupaten. Saben malem Jemuwah, angger malem Jemuwah, mesthi menyang Gunung Kemukus.

Kojahe dodolan srabi menawa ditakoni. Yen dodolan srabi kok ora tau nggawa dagangane? Apa dagangane wis ana ing Gunung Kemukus? Jaka tuwa umur 45 taunan, Sudrun, sing pancen tangga desa karo Julikah kuwi, mung bisa mbatin karo mesem nyimpen crita nalika dhemenan karo Julikah.

”Paling srabine dhewe,” rerasan ing batin mau uga dijawab dhew.

Sudrun kelingan kojahe Julikah nalika semana. Jam papat sore wis tekan Pasar Sukoharjo, banjur ngenteni bis jurusan Terminal Tirtonadi. Yen wis tekan terminal ganti bis jurusan Purwodadi banjur mudhun Sumberlawang.

Ing kono Julikah dipapag Jan Pairin. Jan Pairin kuwi wong saka Sambungmacan, Sragen. Pokoke janjine, sapa sing kabul penyuwune ya kuwi kudu ngopeni. Tenan, udakara kliwat pitung Jemuwah apa sing dikarepke Jan Pairin kasembadan.

Wong lanang sing gaweyane nebas pari kuwi sasat ora tau leren, nganti tekan njaban Sragen. Pokoke sawilayah Soloraya kemput, malah kepara bisa duwe wong sing diprecaya ngurus tebasan pari mau. Kocapa, Jan Pairin duwe pit montor anyar, sekawit mung pit montor cekether, kuwi wae pajeke mati ora ana BPKB-ne.

Ringkese crita Jan Pairin dadi wong sukses, sugih, miturut dheweke marga ”nyobrah” karo Julikah. Julikah dhewe dadi wong sing kepenak. Apa wae sing dibutuhake, Jan Pairin mesthi nuruti. Wiwit dadi sobrah, penganggone Julikah ngrempyang, gelang emas modhel dhadhung, kalung wae nganggone nganti tumpuk loro.

Aja maneh mung kalung, jam tangan kuwi wae dinggo kiwa tengen. Sing biyen nganggo benges rega telung ewunan, Sobrah Julikah saiki bengese merek luar negeri. Sing biyen lenga wangine mung srimpi, wiwit Jan Pairin ngopeni dheweke terus ganti lenga wangi saka Italia.

Sing biyen yen jajan ing warung emplek-emplek banjur ganti ing restoran sing platarane akeh mobil diparkir. Sobrah Julikah uga kojah sawise dheweke urip kepenak diopeni Jan pairin, uga duwe gendhakan jenenge Sudrun. Jane mono Sudrun kuwi ora bagus, nanging yen lagi ana paturon, sasat tandange Sudrun kaya baya lanang sing sasen-sasen ora kambonan baya babon.

Ora mung kuwi, jebul gada pusakane Sudrun yen wis ngetokke katiyasane magila-gila, nganti Julikah sasat dhengkleh-dhengkleh, kena gadane Sudrun. Kuwi saupama digambarake yen lagi perang. Kojahe karo nyekakak urakan.

”Aku uga kangen karo kowe, Kah,” swarane Sudrun sabubare ambegan landhung. Sudrun mapanake bokonge sing sajak lungguhe krasa jimpe. Najan lungguh dhewe ing lincak emper omahe, wong lanang kuwi pengangene saya nglangut, gawang-gawang katon eseme Sobrah Julikah sing jare tansah gawe mareme dheweke.

”Julikah kuwi sasat angger wong lanang tepung, najan wonge ora ayu. Dheweke pancen wong wadon grapyak. Cekake grapyak ngisor ndhuwur. Ha…ha…ha...” Sudrun ngguyu dhewe nyekakak sawise ngeling-eling jeneng Julikah sing wis meh setahun ora tau pethuk.

Biyen mesthi ketemu ing Gunung Kemukus angger malem Jemuwah, mung bedane Sudrun golek mangsa srabi anyaran. Amarga wis dadi pakulinan, gaweyane Sudrun mblithuki wong-wong wadon ing Gunung Kemukus. Jare tembunge ngalab berkah.

”Druun...?!” swara wong wadon saka njaba pager lawang mlebu plataran.

Bareng ditoleh jebul wong wadon ayu nganggo krudhung kaya wong-wong liyane kae. Bengese abang mbranang nambahi nggugah atine lanang Sudrun. Sudrun menyat saka lungguhan nggatekake wong wadon mau. Sudrun mung bisa ngeleg idu karo mbatin, rumangsa durung tepung karo wong wadon kuwi. Sawise wong wadon mau mesem, Sudrun dadi kelingan.

”Sobrah Julikah?” dheweke unjal ambegan karo isih ora percaya.

”Mosok Sobrah Julikah saiki nganggo krudhung ?” Sudrun tetep isih ora percaya karo batine dhewe.

Kuwi sing lagi wae dicritakke ing angen-angene Sudrun. Julikah sing lagi mudhun saka kendharaan mobil grab putih. Sudrun nyedhak. Wong lanang sing biyen saben malem Jemuwah ngeloni Julikah kuwi grapyak mbagekake Julikah supaya mlebu omahe.

Percaya menawa Sobrah Julikah setahun kepungkur beda karo saiki.  Julikah age-age mlebu omah. Lawang tetep diblak-blakake. Sepisan sing ditindakke Sudrun marang Julikah mesthi ngremet bokonge nalika Julikah arep lungguh. Marga dheweke kedanan karo Julikah biyen nyawang bokonge sing nyedhit kaya penyanyi dangdut koplo sing diganjel sepon.

”Jebul isih kaya biyen,” swarane Sudrun ngalem.

Sing dialem nuli menjeb minangka tandha dheweke ora tedhas dirayu. Najan ora dirayua wae, kanggone Julikah, Sudrun mono wong lanang sing bisa gawe mareme. Ing omah kang mung dipanggoni dening Sudrun kuwi, ndadekake Sudrun saya kemecer nyawang ayu lan solah bawane Julikah.

Apa maneh Julikah katon seger, wangi, sarta wis setaun ora ketemu. Isih kelingan sasat lagi rong dina kepungkur, ketemu sing pungkasan ing Hotel Novotel. Nalika kuwi Julikah crita lagi cedhak karo kepala dinas saka kutha kabupaten.

Mesthi wae sawise ucul saka Jan Pairin. Jan Pairin lara stroke lan gula. Mula tangeh bisa ngayahi Julikah. Sawise kuwi gandheng karo wong lanang liya kanggo simpenan.

”Ora, jane sebehmu kuwi apa, ta?” Sudrun ethok-ethok takon.

”Tempe goreng.”

”Kok mung tempe goreng?”

”Lha, iya. Angger kambonan getih tanggal abang lan tempe goreng mau mlebu ing ragane wong lanang. Wong lanang ngendi sing ora nyembah ing ngarepanku,” ngono pengakone Julikah blaka.

”Iki yen ora kowe ora tak kandhani.”

Sing krungu mung nggleges.

”Dadi saiki yen aku mbok gawakke utawa mbok suguhi tempe goreng aku wegah mangan. Ndhak nyembah kowe. Ha…ha…ha…” Sudrun nyekakak.

Julikah melu nyekakak karo ngarani Sudrun druhun ping pitulikur.

”Prejenganmu, Druuun…., Drun!”

”Nanging, kowe nyatane kedanan karo aku, ta?”

”Mbuh..!”

Sudrun wiwit mbingungi, kemrangga karo semaure Sobrah Julikah. Wong wadon kuwi nuli nyopot krudhunge karo nguculi benik klambine. Awake isih katon weweg, najan umure seket punjul, marga biyen nalika dadi randha umur 30, nglakoni dadi sobrah udakara 21 taun.

”Aku isih kepingin kojahmu, Kah. Kojah bab wong lanang saliyane aku, Jan Pairin karo sapa mau, kepala dinas ing kutha kabupaten kuwi?” swarane Sudrun karo nyerot udut sing kari sasedhotan.

”Aku terke nyang kolah, tak adus. Mengko kojahe diteruske neng ndhuwur paturon,” Sobrah Julikah nuli nglirik Sudrun. Sudrun age-age menyat saka kursi nuli ngeterake menyang kolah.

 

Dening: Bambang Hermanto

Cumondhok ing Omah Tulis, Sukoharjo

Biyen kulina nulis crita cekak lan opini sastra budaya

Saiki ngemonah kalawarti susastra dwibasa Omah Tulis

The post Sobrah Julikah appeared first on Solopos.com.

Kaos Bolong lan Dhaster Suwek

$
0
0

Jam sewelas wengi wis kliwat. Bapak lagi mirsani bal-balan Indonesia vs Thailand. Sejatine Bapak sing ditonton televisi, wong Bapak sare. Aku ngoreksi tugase para mahasiswa.

Krenteg atiku arep ngrampungke koreksi, nanging mripatku wis ora gelem nyawang tulisan-tulisan thirik-thirik sing luwih memper sandhi rumput. Kertas-kertas garapane para mahasiswa kuwi dak selehake ing pinggir kasur ing jogan.

Aku banjur nonton bal-balan nanging ora kesengsem amarga wus main semono suwene kok ora ndang gol. Pangiraku paling bubare ya kosong-kosong.

TV dak jarke muni ngancanci Bapak. Jebul ing kranjang akeh kumbahan sing durung dilempiti. Kranjang dak junjung. Isine dak lempiti siji mbaka siji.

”Iki kumbahan wis pirang dina kok akehe sagunung anakan? O, jebul akeh-akehe klambine adhiku,” batinku.

Dhasare adhiku kuwi senengane mung dolanan HP. Angger didhawuhi ibu apa wae ya semaur inggah-inggih nanging kerep-kerepe ya ora kepanggih. Ibu pancen ora seneng ngumbahi nganggo mesin cuci.

Ngendikane Ibu, jare ora resik yen ngumbah clanane Bapak sing kebak blethok saka sawah kuwi nganggo mesin cuci. Sepira akehe kumbahan, Ibu mesthi ngumbahi dhewe nganggo tangan.

Umbah-umbahe ya saselane Ibu. Sok-sok rong dina pisan. Sok-sok utawa telung dina pisan. Yen saben dina umbah-umbah ngendikane Ibu boros amarga listrike akeh kanggo ngurupake sanyo.

Dak delok ibu wis sare ing kamar, katon angler. Aku bali nglempiti klambi-klambi mau. Ya, ana klambine adhiku lan klambiku. Meh seprapat jam nglempiti sing dak temu mung klambine adhiku lan klambiku, durung nemu klambine Ibu utawa Bapak.

Kranjang mau banjur dak suntak, isine dak ulet ben campur. Tenan, saiki sing dak lempiti ana klambine Bapak nanging mung rong lembar, kaos lan kathok sadhengkul. Dak goleki maneh, dak odhal-adhul ya ora nemu. Saiki aku nggoleki klambine Ibu, dak klumpukake ora ana 10 lembar.

”Jan-jane Ibu karo Bapak iki salin klambi ora ta ya?” batinku karo nglempiti klambine Ibu.

Kaos selembar dak jereng ing pangkonku banjur dak lempit. Mengko dhisik, dak waspadakake kok kaos iki ora beres ya. Jebul nggon kelek wis suwek. Kaos kuwi dak selehake. Aku nemu dhastere Ibu. Jebul kahanane meh padha. Jaitan perangan ngisor wis padha dhedhel dhuwel. Wernane uga wis kluwus.

”Dhuh Gusti, kok aku ora tau maspadakake klambine Bapak lan Ibu,” mak prempeng luhku netes siji loro, suwe-suwe deres.

Aku kelingan jaman biyen nalika aku umur wolung taun, kelas II SD. Aku kepingin ditukokke klambi babydoll gambar boneka Pandha, maneka rupa wernane. Ana biru, kuning, oranye, lan abang.

Kanca-kancaku padha duwe, tukune ya mung ing bakul mindring minggonan. Aku ngerti amarga nalika kanca-kancaku ditukokke aku uga ing kono, nanging ibuku ora ana. Ibu lagi ing sawah ngrewangi Bapak.

Wektu iku Bapak pancen tani 100%. Durung duwe dhuwit cukup kanggo nukokake klambi anyar. Esuk, awan, lan sore Bapak lan Ibu ing sawah. Ibu lan bapak kondur saka sawah mesthi saben meh surup.

”Bu, aku kepingin klambi kaya nggone Ayuk, Fitri, karo Arik kae, Bu. Suk yen panen tumbaske ya?” panjalukku wektu kuwi

”Iya, mengko yen wis panen dak tukokake. Kowe mau wis nyapu durung? Hayo nyapu dhisik, arep oleh samubarang kuwi kudu usaha,” wangsulane Ibu ngeyem-yemi aku.

Jan-jane ya arep ditumbasake tenan apa ora aku wis ora nggagas sabanjure. Sesuke nalika mulih sekolah ing kursi kayu cedhak meja sing biyasa kanggo mangan ana tas kresek ireng. Dak bukak jebul isine klambi kaya duweke kanca-kancaku.

Wernane kuning, ya ana gambar boneka Pandha. Atiku seneng. Aku banjur nggoleki Ibu. Jebul Ibu isih ing sawah, durung kondur. Klambi iku banjur dak anggo. Aku dolan nggone kancaku. Atiku bungah banget.

Saiki klambine Bapak lan Ibu suwek lan bolong wae aku ora ngerti. Aku ora maspadakake. Jan-jane Bapak lan Ibu iki kahanane ora kaya biyen. Bisa nyekolahake aku nganti S2. Omah gedheg jogan lemah saiki wis malih dadi gedhong lan keramikan. Kok ya ora ana krenteg mundhut klambi dhewe.

Aja-aja pancen aku sing ora gemati marang wong tuwaku? Kudune saiki kuwi tugasku minangka anak. Dhuh Gusti, aku saiki mung ketok-ketoken gaweyan. Seminar mrana seminar mrene. Tuku iki tuku kuwi sing dak pengini.

Nanging, aku lali yen sikil sing dak anggo ngadeg lan kursi sing dak lungguhi saiki iki asile Bapak lan Ibu meres kringet esuk, awan, lan sore kanggo aku. Dak sawang bapakku sing sare ing ngarep televisi, katon sayah.

Rambute saya akeh sing putih. Sanadyan kahanane wis seje, nanging semangat lan tandang gawene isih padha. Eluhku saya deres. Aku banjur nyawang Ibu sing sare ing kamar. Padha, katon sayah, saya tuwa.

Jan-jane aku ya kerep mulih nanging kok ora tau maspadakake yen ibuku wis tuwa. Apa malah aku ora kepingin ibuku dadi tuwa? Klambi-klambi sing dak lempiti banjur dak lebokake lemari, klebu lemarine Bapak lan Ibu.

Lemarine Bapak lan Ibu katon seje karo lemariku utawa lemarine adhiku. Apa pancen wong tuwa ki kaya mangkono? Mikirake anak nganti ora mikirake awake dhewe? Kaos bolong lan dhaster sing suwek iki dak simpen minangka pangeling-elingku marang Ibu lan Bapak sing ngukir jiwa lan ragaku, nggulawenthah aku nganti dadi kaya saiki.

”Ibu lan Bapak ora nyangoni bandha donya kanggo uripmu, nanging Bapak lan Ibu ibu tansah nyengkuyung apa sing dadi gegayuhanmu, sekolaha, dadiya wong sing migunani,” ngono ngendikane Ibu lan Bapak ing maneka kahanan lan wektu.

Lemari klambi dak tutup. Eluhku sing dleweran dak usap. Aku mapan turu ing sisihe ibuku. Ora ana sing kleru, arepa umurku wis 27 taun aku tetep anake ibuku sing sah njaluk kelon. Muga-muga sing dadi sedyane Bapak lan Ibu kelakon. Mripatku merem.

 

Winda Dwi Lestari

Dosen Program Studi Pendidikan Bahasa Jawa

Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan

Universitas Sebelas Maret Solo

The post Kaos Bolong lan Dhaster Suwek appeared first on Solopos.com.

Ngambah Dalan Padhang

$
0
0

Udan sing mung riwis-riwis saka esuk mau durung terang. Biruning langit isih katutup mega peteng. Hawa adhem, gedhang goreng, udud tingwe, lan kopi ireng panas sing banyune lagi wae mudhun saka kompor pancen dadi paitan sing nikmat.

Sak serotan rong serotan, bull…., sinambi dak sruput maneh kopine. Jan, urip kok nikmat tenan kaya ngene. Ngono batinku. Dumadakan keprungu swara saka njero omah

”Pak, Pakne…, wis jam semene apa ora sida mangkat kulakan?” Swarane Marni, sisihanku jan ngeget-geti anggonku nglaras tentreming kahanan sore iku. Banjur daksawang jam ing sandhuwure kursi tamu.

”Weladalah! Wis jam setengah telu ta. Ya, Bune, dak salin banjur gage mangkat!”

Udud sing isih rada dawa dakcecek ing asbak. Daksruput sithik kopine. Eman-eman yen ora dientekke. Sore iku aku wis kangsenan yen bakal sowan menyang daleme Koh Samui. Dheweke kanca bisnisku saka Semarang sing duwe toko ing tengah kutha lan wis suwe dadi jujuganku kulakan barang.

Wis tau dak tandhingake karo juragan liyane, ya pancen Koh Samui iku sing murah dhewe. Reregan sing kacek antarane sewu tekan limang ewu yen kanggo bakul ya mesthi dadi bab sing wigati.

”Budhal sik ya, Bune!” pamitku cekak marang sisihanku sinambi mlaku tumuju grobag prasajaku sing dakparkir ing garasi kulon omah. Banjur dak panasi sedhela lan enggal-enggal mangkat. Kepeneran dina iku Koh Samui lagi ana ing toko. Biyasane dheweke ing Semarang.

”Pras aku duwe barang anyar, yen wektumu sela, sesuk ketemu aku neng toko,” mangkono WA sing daktampa patang dina kepungkur. Kepeneran, stok ing omah lagi wae entek lan malah ditawani sing anyar maneh. Udakara mlaku setengah jam, mobilku wus tekan, banjur dakparkir ing sangarepe toko.

Aku banjur munggah teras. Dhekorasi budaya Tionghoa kanthi werna abang lan kuning menjila ing kono. Pitakonan kabar bisnisku, reregan sing saya mundhak, idi palilah sing saya angel, nganti babagan barang anyar mau komplit dak rembug karo Koh Samui.

Tujuwanku saka omah mau ya kulakan merga barang sing ing omah ya wis meh entek. Watara 16 dhus sing dak gawa bali sore iku. Dina-dina iki pancen anggonku kulakan dak luwihi saka biyasane. Jinise uga dak sedhiyakake sing werna-werna merga ngepasi arep taun anyar, wis mesthi panjaluke wong-wong sansaya akeh.

Dina genti dina, sasi genti sasi, anggonku dodolan saya kondhang. Usaha kang tanpa jeneng, tanpa plakat, lan mung gethok tular saka para langganan iki bisa ngasilake dhuwit lumayan. Apa maneh yen malem prei lan ari raya kayata bada lan taun anyar, sewengi malah nganti ora bisa turu.

”Kula kaya biyasane nggih, Pak. Sing abang setunggal, putihane kalih,” kandhane nom-noman tangga desa sing dadi langgananku.

”Ngati-ati, Mas, le nggawa. Dilebokke tas wae, apa jok pit montor!”

Durung dak pikir kapan arep mandheg saka usaha kaya ngene. Wong nyatane asil dodolan jamu iki lumayan akeh kanggo tambah-tambah nguripi kulawarga. Asile bisa kanggo ngentasake anakku mbarep lan nguliyahake anakku sing nomer loro ing sawijining kampus negeri.

Biyen, sing dak pikir mung dodolan ngono wae. Wong barange iki saka pabrik dhasare kanggo jamu, diombe sacukupe lan ana porsine dhewe. Yen ana warta ing TV utawa koran sing ngabarake korban minuman keras kae, kuwi rak ya salahe wong-wong sing ngombe waton tanpa aturan.

”Pak, apa njenengan ora wedi ta yen mbesuk embuh kapan ana gropyokan kaya sing digiyarake ing TV lan diwertakake koran kae?” pitakone bojoku sawijining wengi.

”Hus…, mbok aja ngayawara ngono kuwi ta, Bune. Meden-medeni wae. Mbok ya tansah donga marang Gusti supaya awake dhewe tansah dikanthi,” wngsulanku ngeyem-yemi Marni, ya bojoku kuwi.

Saya suwe bab kuwi tansah nggubet pikiranku. Apa maneh yen bar maca warta ing koran kae menawa peraturan dhaerah babagan omben-omben bakal dicakake maneh. Ana maneh warta yen wus akeh toko sing ditutup lan sing duwe dijeblosake ing pakunjaran.

Bener bab cakra manggilinganing urip. Awan-awan, pas ora mlebu kantor, jagongan ing teras omah sinambi wedangan karo Mbah Sastra, tangga kulon omah sing yuswane udakara wis 60 taun meh 70 taun. Mbah Sastra wis dak anggep kulawargaku dhewe.

Saben dina Mbah Sastra iki daktitipi pirang-pirang dus omben-omben. Dak nggo jaga-jaga yen mbok menawa ana razia dadakan saka aparat. Mbah Sastra uga wis tanggap yen dak jaluki tulung titip dagangan Pirang-pirang dina iki Koh Samui bola-bali ngelingake aku supaya ngati-ati merga lagi ana razia ing ngendi-ngendi. Dumadakan saka kadohan ana mobil aparat sing mara tumuju omah.

”Cilaka iki!” batinku. Aku mung pasrah. Awakku diseret tumuju njero omah kanggo nuduhake omben-omben daganganku. Sepatune para petugas kuwi nrajang apa wae sing diliwati. Lemari kabeh dibukaki, kasur diwolak-walik, kabeh kamar ora luput saka pamriksane petugas.

Bingung, isin, lan wedi ngebaki pikiranku. Kepriye mengko yen tekan pengadilan? Marni sing lagi mangsak uga mung dheleg-dheleg. Saka kadohan, Mbah Sastra uga diseret-seret tumuju ing omahe kanggo nuduhake barang.

Ora let suwe aku banjur digawa munggah ing mobil lan digawa menyang kantor polisi. Ing kana aku ditakoni werna-werna lan dak jawab sabisaku. Dhasare wong lagi kumyur pikirane, anggonku njawab mung sakecekele, ananging ana bab sing ora bisa dakpercaya nalika kuwi.

Aku mung bisa ngucap sukur marang Gusti amarga miturut katrangane petugas, ora ana barang siji-sijia sing ditemokake ing ngomah, mangkono uga ing omahe Mbah Sastra. Sawise iku aku entuk bali nanging isih ana tanggung jawab wajib lapor.

”Mas, age aturna panuwunmu marang Mbah Sastra,” kandhane Marni.

”Panuwun apa ta, Bu?” pitakonku kebak rasa bingung.

”Wingi sadurunge gropyokan, Mbah Sastra kandha karo aku yen dheweke krasa ora penak. Kaya-kaya ana bab elek sing bakal kedadeyan. Dheweke mindhahi omben-omben sing isih ana ing kerdhus menyang kandhang kayu mburi omahe,” kandhane Marni.

Aku banjur metu saka omah lan tumuju omahe Mbah Sastra. Dak aturke panuwunku lan njaluk pangapura sagedhe-gedhene amarga kedadeyan kuwi. Aku ora bisa ngomong apa-apa maneh kejaba mung matur nuwun lan jaluk ngapura.

”Wis, ora sah mbok pikir Pras. Sing uwis ya uwis. Kae dagangan sing isih ana entekna nanging ora sah dodol kaya mangkono maneh,” mangkono ngendikane Mbah Sastra.

Wiwit dina kuwi, aku wis ora tau kulakan ing tokone Koh Samui maneh. Dheweke sok takon liwat WA. Mung dakjawab yen aku wis ora duwe wektu kanggo dodol merga gaweyan kantor sing saya akeh. Dodolan kaya ngene pancen dadi rejeki tumrap aku, nanging durung mesthi yen kanggo liyane.

Dina genti dina, akeh wong sing padha teka ing omah nanging kecelik merga aku kandha yen wis ora dodolan maneh. Kepriye critane, kuwi wingi. Sing uwis ya uwis. Isih akeh dalan rejeki kang diparingake Gusti lan kudu diupaya. Isih akeh dalan padhang kang bisa dak ambah.

 

Dening: Immanuel Ardiatama

Cumondhok ing Jl. Wates, Pedes, Argomulyo, Sedayu, Bantul,

Daerah Istimewa Yogyakarta

The post Ngambah Dalan Padhang appeared first on Solopos.com.

Merbabu lan Merapi

$
0
0

Durung nganti lembene mingkem anggone ngundamana wengi kang peteng, bledhek nyamber-nyamber mbudhege kuping, kahanan dadi sansaya atis, let sedhela udan deres kaya disuntakke saka langit.

Wayah rendheng taun iki pancen beda karo biyasane. Banyu udan kaya disuntak saka langit ora ana enteke, telung dina telung bengi nggrejeh. Aku wis mbatin bakal ana banjir gedhe kang nemahi desaku. Taksawang aneng jagak omah ana barisan semut pada munggah nggondhol endoge pinangka tanda-tanda alam yen arep ana banjir, mung panyuwunku muga-muga dudu banjir bandhang kang nggawa watu-watu gedhene saksirah kebo.

“Apa donya iki wis gething marang dheweke, apa alam iki wis sengit marang dheweke, apa kabeh jalma wis padha ngemohi marang dheweke?” batinku karo nyawang praupane.

Aku mung bisa nyawang dheweke kanthi rasa welas asih, ah,.. sakumpama dheweke manut karo omonganku mbokmenawa ora kaya ngene kedadeyane. Bandha entek, awak rusak, isih ketambahan wirang isin. Isin marang sapa wae, marang para sedulur, marang kadang mitra lan isin karo Sing Gawe Urip. Dheweke sambat ora kuwat nandang lara jiwa lan raga.

Aku kudu bisa mbantu dheweke, kudu bisa nylametake aja nganti mutung atine lan duwe tumindak ora becik, aja nganti nglalu, tumindak dosa sing bakale ora oleh pangapura saka Gusti Kang Ngreksa Jagad. Kanggoku, Sumi wis dakanggep kaya adhiku dhewe, kekancan wiwit sekolah dhasar nganti SMK apa meneh urip tunggal kampung ing padesan, dadi ya kaya sedulur.

“Sabar ya Sum, kowe kudu kuwat ngadhepi pacoban iki,” ujarku lirih karo ngelus-elus rambute sing ireng ketel.

“Apa kowe ya wis dicritani karo Pramono bab kulawargane?” Sumi ora wangsulan, malah mung gedhek.

“Kowe percaya yen Pramono iku isih legan?” Sumi ora wangsulan mung manthuk.

“Kowe percaya yen Pramono iku pegawe bank?” Sumi ora wangsulan, sajak rada rangu-rangu arep wangsulan.

“Kanggoku pakaryan iku ora penting waton gelem nyambut gawe ya entuk rejeki kanggo urip,” wangsulane Sumi manteb.

Krungu kabeh wangsulane Sumi mau aku wis cubriya.

“Apa mas Pramono mblenjani janji ya?” wangsulane karo nyawang udan wengi sing wis meh terang.

“Ora usah nggagas Pramono, kae wong lanang sing ora duwe tanggung jawab!” wangsulanku bantas.

“Ya ora ngono. Sapa ngerti dheweke neng paran lagi kena alangan saengga ora bisa menehi kabar,” wangsulane Sumi isih ngarep-arep tekane wong lanang pepujaning ati, ya mas Pramono priya bagus, nanging kanggoku wong bagus sing marahi ati dadi nggerus.

“Iki taun 2020, jaman modheren, yen niyate becik mesti wis kirim kabar mbuh nganggo layang saksuwek, mbuh nganggo telepon utawa SMS, mbuh kongkonan kanca apa sedulure, nyatane blas ora ana kabar babar pisan kaya ilang diunthal bumi.”

“Piye dakterke nyang rumah sakit bersalin saiki ya mumpung wis terang udane,” kandhaku karo nyawang praupane sing sansaya aclum. Sumi mung gedhek ora wangsulan. Miturut etungane kandhutane lagi umur wolung sasi dadi durung wancine babaran.

“Sakumpama mas Pramono ana kene mesti aku gelem dieterake nyang rumah sakit bersalin saiki, aku wis ora kuwat tenan,” kandhane Sumi karo ngelus-elus wetenge sing gedhene sakgunung.

Aku mung ngguyu krungu gunemane. E...ana wong wadon diapusi melek-melekan kok isih durung percaya. Diapusi njaba njero kok ora krasa. Mbiyen sakpenjaluke Pramono kabeh dituruti. Pinangka kanca raket aku wis elik-elik, ora sakmestine wong wadon iku menehi bandha marang wong lanang. Njaluk klambi diwenenehi, njaluk sepedha motor dituruti, njaluk pulsa diuja, prasasat kabeh kebutuhane Pramono dicukupi, ya ngene entek-entekane nganti bandha kang paling aji kanggone wong wadon dipasrahake. Mula nalika banyu lanang mau muncrat aneng rahime Sumi wetenge dadi abuh sagunung gedhene.

“Coba tulung ungaken lawang ngarep aku kok krungu swarane wong teka,” kandhane Sumi marang aku.

“Ora ana swara  apa-apa kok Sum, iki wis parak esuk tangeh lamun ana wong teka,” wangsulanku cekak.

Pikiranku nggrambyang marang kedadeyan karotengah taun kepungkur, nalika semana aku dhewe ya rada gumun sakatase Sumi iku prawan desa tur ya ora pati ayu rupane kok oleh pacangan wong lanang gedhe dhuwur bagus tur ngakune pegawe bank. Saben mara menyang ngomahe Sumi numpak sedan weton anyar. Ora ngertiya saben teka mung ngobral janji, nyilih dhuwit alesane dompete ilang. Dompet ilang kok saben dina, pegawe bank apa? Batinku wis cubriya. Nanging jeneng wong wadon lagi ketaman asmara, jare wingka katon kencana, sakpolahe mas Pramono mung dialem, penjaluke diuja nganti sawah tinggalane wong tuwa dilempit kanggo nguja wong lanang gegantilaning ati. Nanging pungkasane ya kaya ngene oleh-olehane.

“Aku ikhlas kabeh bandhaku entek kanggo mas Pram,” kandhane Sumi karo nyawang aku.

Aku ora bisa wangsulan, tak sawang Sumi kanthi permati, sakumpama bandhane entek nanging Pramono gelem teka lan tanggung jawab gelem ningkah, tak kira wangsulan kaya mengkono mau wis trep. Nanging nyatane wong lanang jeneng Pramono mau ora ketok irunge. Tak kira Pramono iku wong lanang sing penggaweyane mung apus-apus kanthi paitan rupa bagus.

Tak sawang Sumi sansaya lemes, sambate wis ora kuwat tenan. “Piye tak golek taksi ya?,” Sumi ora wangsulan. Pikiranku wis manteb, tinimbang ana apa-apa lan aku telat menyang rumah sakit luwih becik tak gawa nyang rumah sakit saiki. Sopir taksi tak kongkon banter anggone nyopir. Durung nganti seprapat jam wis tekan ruang ICU lan ditangani para bidan lan perawat

“Lha kok nganti telat kaya mengkene, saksuwene iki priksa kehamilan neng ngendi,” kandhane dokter sing nangani Sumi.

“Dereng nate priksa kehamilan dok,” wangsulanku cekak.

“Sampeyan sinten?” pitakone dokter marang aku.

“Kula kancanipun,” wangsulanku cekak.

“Hla garwane pundi?” pitakone meneh.

Duer,... kaya gludhug nyamber sirahku, aku ora bisa wangsulan. Pitakonan siji iki sing marahi sirahku lan sirahe Sumi mumet, nanging sajake dokter mau tanggap kahanane pasien.

“Sakumpama garwane ana aku njaluk pasarujukane kanggo operasi sesar, nanging piye meneh kahanane kaya mengkene, ya muga-muga wae kabeh lancar lan slamet,” kandhane dokter banjur mlebu ruang operasi.

Lambeku ndremimil donga marang Gusti Kang Maha Welas, muga-muga Sumi anggone babaran slamet lan bayine uga slamet. Bocah wadon kaya Sumi iku muga-muga tabah anggone ngadhepi urip, momong anak tanpa duwe bojo dudu bab sing gampang, jamane angel golek sandhang pangan, apameneh ngadhepi landhepe panyawang tangga teparo sing ora seneng.

Ora let suwe bidan metu saka ruwang bersalin karo nyurung kereta bayi isi bayi cacah loro.

“Putrane bu Sumi kembar, lanang kabeh,” swarane sumringah ngagetke atiku.

“Putranipun kembar?” pitakonku gumun.

Saksuwe seminggu Sumi lan bayi kembare diopeni neng rumah sakit bersalin, wancine mulih aku wis siyap kabeh ragat sing diperlokake, nanging saeba bungahku jebul pehak rumah sakit ora njaluk ragat babar pisan, jare saiki wis ditanggung dening BPJS kesehatan.

“Piye Sum, sapa jenenge anak kembarmu?” pitakonku marang Sumi sing lagi nyusoni bayine.

“Wis tak siyapke kok, aku ya wis krasa yen anakku bakale kembar,” wangsulane Sumi entheng.

“Sapa?”

“Merbabu lan Merapi, ben gagah lan kuwat kaya bapake.”

“O,...dhasar wong ora genah. Aja mbok pindho lelakon kaya mengkene,” wangsulanku rada mangkel.

 

Dening: Anis Asmediana

Dosen Prodi Teknologi Industri Pertanian Universitas Darussalam Gontor

The post Merbabu lan Merapi appeared first on Solopos.com.


Aku Ora Jangkep, Mas

$
0
0

Nyawang kaca pangilon, Danang ngrumangsani yen umure selot tuwa. Yen sawetara taun kepungkur mung siji loro kembang jambu kang sumilak ing antaraning rambute, saiki kaca pangilon iki sepisan maneh ngandani yen umure Danang saya mentiyung. Danang nyilakakae rambute, werna putih kembang jambu kaya rebutan mlumpat saka piyakan-piyakan rambut.

Wewayangane Danang ing kaca pangilon ngegla ngandharake yen saiki umure wis cepak munggah ndas papat. Kamangka tekan seprene, Danang durung mangun bale wisma, isih jejeg kanthi status single.

Senadyan ta rada kliwat umur, Danang dudu wong lanang kang mung neng gerdhu glundang-glundung. Danang wis cekel gawe sing pernah. Pakaryan minangka salah sawijining analis officer (AO) ing bank BUMN ing kutha Malang mesthi marahi cah wadon ngendi wae nyidham dilamar Danang. Ora pisan-pindho ing kantore, pegawe-pegawe wadon anyaran sing nembe training ing front office lan marketing pada tebar pesona nganti nyebar jala sutra supaya Danang kepencut lan serius jejer bapak saka anak-anake mbesuk.

Katambahan, Danang dhewe kanugrahan pasuryan kang nggantheng, dedeg-piyadeg kang pidegsa mencutake wadon ngendi wae. Ananging, sewua kaluwihan kang digadhuhi Danang pranyata ora kuwawa njurung dheweke supaya gage mengku wanita, amangun bale wisma, lan nuli setya minangka guru laki lan wong tuwa lanang kang patut tinulada para putra tuwin putri. Dheweke isih betah nglalar lawening layangan dhewekan lan mung ngembang tebu nalika disindir utawa di-bully kanca-kanca kantor lan keluwarga krana statuse kang nJaka Kasep.

“Ayo, gek ndang mlaku-mlaku menyang KUA, aku kuwatir modin ing kelurahanmu kuwi lali yen duwe penduduk sing durung rabi kaya slirane,”

“Nggoleki apa maneh? Apa nggoleki sing lambene kaya Syahrini utawa sing sangune akeh kaya Julia Perez?!”

“Yen ora ndang-ndang ngene, aku malah kuwatir, mengko gek sing disir kuwi sing bapak-bapak kaya awake dhewe,”

“Apa ibu kuwi kudu mogok makan supaya anake lanang sing nggantheng dhewe iki gelem menehi putu?! Ndang digawa mulih! Ndang dijalukne pangestu kene widadarine, Nang!”

Ukara sing pungkasan iki kewetu saka tutuke wadon tuwa kang mbiyen mamahake sega lan gedang sakdhurunge dadi isen-isen wetenge Danang nalikaning bayi. Ukara sing pungkasan iki kang uga marahi kembang tebu ing lambene Danang njilma lumpang watu kang mbeseseg ing jaja.

Ing donya iki, wong tuwane kasisa ibune kang umure tikel pindo umure Danang. Bapake Danang ninggal alam padhang krana Gagal Ginjal welasan taun kepungkur. Sadurunge ninggal salah sawijine wasiyate uga caket klawan jodo.

“Rasane awake Bapak ora kena didandani maneh. Yen ta wis wayahe, Bapak ikhlas, Nang. Mung panyuwune Bapak, Ibumu aja mboksiya-siya, aja mboktinggal lunga adoh, kancanana. Yen ta ora kowe, sisihanmu lan anak-anakmu mbesuk. Ibumu seneng yen ditunggoni putu-putu, weruh ta senenge yen disambangi mbakyumu lan kangmasmu sakanake. Kari kowe, Bapak lan Ibu uga pengin ana turune kulawarga saka kowe, Nang,” welinge Bapak sawijining sore ing pavilyune RS Saiful Anwar. “Cah wadon sing kae kok ora tau katon maneh, kaya widadari ayu banget, Nang. Mendahne ya nggantheng-ayune putuku yen kowe dadi sisihane,”

Danang mapan lungguh ing dipan kasur. Kaca pangilon ditinggalake. Wewayangan tuwane uga nututi ngalih saka kaca pangilon. Kelingan welinge Bapak sore kuwi kaya-kaya nuntun angen-angene marang cah wadon adhik tingkat kuliyahe ing Universitas Brawijaya pirang puluh taun kawuri. Cah wadon merak ati kang rambute ajeg diponi lan diklabang nang mburi. Klabangan rambut kuwi uga mamerake gulune kang ngulan cendhani. Kuning mrusuh pakulitane pindha widadarine Jonggringsalaka kang tumurun ing Ngarcapadha.

Rara Kusuma Jayanti asmane, kembang-kembang impene Danang saben wengine. Kinanthi donga lan pangajab becik, wiwit semester papat, Danang wis wani ngajak Rara dolan menyang ngomahe wong tuwane ing Sawojajar. Ngenalake widadarine marang bapak lan ibu, uga sedulur-sedulur liyane.

Ora ketung cah lanang kang ngesir Rara kuwi. Wiwit saka kanca saktingkat, kanca senior, nganti sawetara dosen thukmis kang ora bisa ngampet krodhane hawa nepsu senadyan ing ngomah wis kegandolan sisihan lan anak-anak kang manjing remaja. Salah sijine asmane Pak Darsono.

Ora pisan-pindho, bandot tuwa kuwi nggodha malah ngumbar ukara-ukara saru marang Rara. Kaya ing sawijining wengi, nalika cangkrukan klawan kanca-kanca pecinta alam ing sekretariat. Dumadakan Rara njedul klawan mripat bendul lan tangise kumudu kutah, “Nang, diajengmu!! bengoke para kanca sanjabaning ruwang sekretariat. Danang gage mlangkah metu. Panyawange nubruk Rara sing ngekep tas-e ing dadane, ponine madul-madul keterak angin wengi. Dadi sulur rambut siji loro kang muwuhi kasulitsyane.

Weruh blegere Danang, Rara gage mlayu nggapyuk lan tangise ambrol sakpol-pole. Para kanca kang weruh pada suat-suit nanging sabanjure terus mbaka siji ninggalake kekarone ing ruwangan sekretariat.

Danang ngumbar Rara nyuntak tangise. Sawise tangise rada mendha, Rara nembe mbuka swara. “Pak Dar, Mas Nang,”

“Digodha maneh klawan Pak Dar?!”

“Iya, malah iki mau serem, Mas,”

“Kowe dikapakne, cah ayu,” Danang nguber ora bisa ndelikake ontog-ontoge ati.

“Bijiku ora metu. Ditahan, Mas. Gelem maringke waton…” ukara saka lambe tipis abang mandha-mandha kuwi kandheg.

“Waton apa?”

“Waton…”

“Waton apa, Ra?” Danang ora srantan.

Meh ora keprungu, “Waton aku gelem diajak malem minggon ing villane ing Batu,”

Danang ngadeg ngejejer. Polatane mbranang. Untune gathik kebak pangigit-igit. Pisuhan-pisuhan ndlidir saka lambene mahasiswa tingkat papat kuwi. Kanca-kanca sing mau ngumpul sajabaning ruwang sekretariat pada ting bleber mlebu. Nalika Danang nyritakake apa kang nembe kedadeyan marang Rara, pisuhan nuli salang-tunjang mlethik saka kanca-kancane. Bengi kuwi uga, Danang lan kanca-kancane gawe petungan klawan Pak Darsono. Dosen tuwa kuwi babak-bundhas sawise dilurug Danang sabalane. Akibate, nganti semester wolu, nilai mata kuliyahe Danang lan kanca-kanca kang diampu Pak Darsono mbegegeg ing nilai D, E, lan F. Untunge, nalika mata kuliyah kuwi ganti diampu dosen liyane, Danang sakkancane bisa lulus kanthi mulus.

Jaman semana pasangan Danang-Rara dadi idola ing antarane tembok-tembok kampus. Danang nggantheng kaya panengahe Pendhawa gandeng-renteng kaliyan Rara sing kaya widadari Dewi Supraba marahi iri sapa wae sing nyawang. Cihna, kekarone uga ora nate keprungu tukar padu apamaneh ana sinyal-sinyal pedhot. Kamangka akeh sing ndongakake, yen pedhot, jelas Danang apadhene Rara antri sing leles.

Nanging panulake Rara nalika Danang pengin sowan menyang ngomahe Rara ing Probolinggo gawe komete sirah. Saben Danang pengin ndolani Rara menyang ngomahe, pengin kenalan klawan kulawargane ing sikile Gunung Argopuro, Rara ajeg nulak.

Nganti ing patemonan pungkasan, rong dina sawise wisudane Danang, Rara isih mbebegeg klawan panulakane. “Ra, kenengapa nganti dina iki aku ora bisa sapatemon klawan wong tuwamu, klawan kulawargamu, apa kang mbokdhelikake ing sikile Argopuro?”

“Ora ana kang dakdhelikake, Mas Nang,”

“Njur, nyapo aku ora bisa dolan menyang Probolinggo?!

“Aku ya seneng yen panjenengan dolan menyang Probolinggo, mung…”

“Mung apa?”

“Mung, aku ora bisa nguciwakake Mas Nang ing dina mburi,”

“Sliramu wis nguciwakake aku dina iki, Ra, amarga panulakmu kuwi,”

“Kuciwa saiki kuwi landhepe larane ora kaya kuciwa ing dina mburi, Mas Nang. Yen ta panjenengan pengin sowan menyang ngomah Probolinggo, terus let rong taun utawa telung taun saumpama panjenengan sampun nyambut gawe pernah terus nglamar aku kaya rancangan panjenengan kang asring mbokcritakake. Malah kuwi sing dakwedeni!”

“Ra, cah wadon ngendi wae, apa maneh mahasiswi tingkat-tingkat akhir kaya sliramu, mesthi seneng yen ana bocah lanang pilihane ngaya arepe nglamar.”

Rara mbenakake ponine nuli ambegan landhung, kanthi terus ndingkluk ora wani nyawang manik mripate Danang, dheweke mangsuli alon, “Panjenengan kuwi Arjuna, Mas, panjenengan kanthi gampang bisa nemokake wanodya liya kang bisa nywargakake panjenengan, apa maneh ing dina-dina tuwane. Aku ora bisa, Mas Nang, aku wong wadon sing ora jangkep,” swarane keprungu gumeter.

“Sing ora jangkep kuwi apane, Ra? Sliramu ayu kaya widadari! Ing kampus wae, pira cah lanang sing nguber-uber sliramu. Terus sing ora jangkep kuwi apane, jujura, Ra?”

“Aku ora bisa, Mas Nang. Ora bisa. Aku wong wadon sing ora jangkep. Aku ora bisa dadi ibu saka anak-anakmu. Aku gabug, Mas Nang.”

Danang nemplekake driji panudinge ing lathi tipis abang-abang mandha ing ngarepe.

“Cukup! Yen ta sliramu ora gelem blaka, ora papa, nanging aku ora seneng yen sliramu nggawe-nggawe alesan kang ngapesake sliramu dhewe. Aku ora seneng, Ra. Sesuk aku mangkat menyang Surabaya, ana tes wawancara ing sawijining perusahaan farmasi, aku pengin ngadu nasibku. Saumpama aku pancen dudu pilihanmu, mung pandongamu kang daksuwun sesuk, muga-muga aku ketampa lan penggaweyan kuwi dadi dalane rejekiku,”

Tangise Rara ora kutah. Mung swara mingseg-mingsege kang keprungu ngiringi jangkahe Danang ninggalake dheweke. Patemonan pungkasan kuwi isih nggembol sewu pitakonan. Apa kang ora jangkep saka Rara? Apa Danang gelem nampa Rara senadyan ora jangkep? Apa mung semene lakon tresna kekarone?

Mendung katon tumiyung sandhuwuring kutha.

--------- oo000oo ---------

 

Trowulan-Mojokerto, 2020

 

Dening: Anjrah Lelono Broto

Pandhemen sastra Jawa, mapan ing Trowulan, Mojokerto.

The post Aku Ora Jangkep, Mas appeared first on Solopos.com.

Kethoprak lan Wayang Rasa Modheren

$
0
0

Solopos.com, SOLO -- Ngejak nom-noman tepung, dunung, lan seneng seni tradhisional pancen angel-angel gampang. Kudu duwe cara sing mligi amrih bisa narik kawigatene para nom-noman kuwi. Sakora-orane kaya sing dilakoni pepanthan Kethoprak Gumregah saka Mojosongo, Solo.

Pepanthan kethoprak sing ngimpun para siswa sekolah menengah atas (SMA) lan mahasiswa iku pentas ing kafe Gudang Sekarpace Artspace, Jebres, Solo, sawetara wektu kapungkur. Pentas kethoprak para nom-noman kuwi ngiras pantes mengeti Hari Ibu, 22 Desember.

Irah-irahan kethoprak ing wengi iku Sitengsu Padhang kang Ora Blerengi. Lakon iki mbabah piwulang babagan ngurmati wong wadon ing kabudayan Jawa. Sing dadi sutradhara Panggah Rudita sene sing maragni anggota Kethoprak Gumregah sing nyakup para siswa SMA lan mahasiswa.

Pentas kethoprak kuwi mapan ing njero kafe. Ora ana panggung sing mligi. Kabeh papan ing kafe kuwi dadi panggung. Kafe ing Gudang Sekarpace kuwi ya bukak kaya biyasane. Salah sawijining barista Kopi Loma tetep ngracik pesenan kopi nalika ana wong wadon loro nganggo kebaya lan jaritan sing dolan ing kafe kuwi.

Wong wadon loro kuwi kemayu tenan. Ndeleng daftar menu ing meja banjur pesen kopi nganggo basa Jawa ngoko. Gayane pancen ketok aeng dhewe. Kamangka liyan-liyane mung kaosan lan nganggo klambi edgy kaya cah gaul jaman saiki.

Mula ora mokal nalika tamu wong wadon loro sing nganggo kebaya lawasan iku banjur narik kawigatene para pelanggan Kopi Loma liyane. Kanyata wong sing nganggo klambi lan gaya lawasan ora mung wong wadon loro kuwi. Ana nom-noman lanang sing beskapan jangkep sing mlebu ing tenat panganan liyane.

Sanadyan katon aneh, pentas kethoprak ing njero kafe kuwi narik kawigatene wong akeh. Penontone meh kabeh nom-noman, ya wong-wong sing wektu kuwi lagi jajan ing kafe kuwi. Kabeh kanton padha gumun. Para nom-noman pelanggan utawa konsumen kafe kuwi kala-kala melu cluluk nanggapi omongane wong-wong sing nganggo sandhangana eng kuwi. Kabeh padha ngomong nganggoi basa Jawa.

Swasana dadi gayeng. Ger-geran nganti tekan bubaran. Wong-wong sing nganggo sandhangan aeng kuwi mau ora liya para seniman nom ing Kethoprak Gumregah. Panggah Rudita ngandharake tanggapane para penonton, ya wong-wong sing lagi jajan ing kafe kuwi, ngluwihi sing dibayangake.

Para nom-noman sing racake pancen biaya nongkrong ing kafe kuwi katon seneng lan bisa lebur ing adegan-adegan kethoprak sing diparagani para nom-noman saka Kethoprak Gumregah. Antarane paraga kethoprak lan penonton kaya ora ana watese. Nonton kethoptak sinambi ngemil kenthang goreng, burger, utawa nyruput kopi. Para nom-noman kuwi kanthi ora sengaja nuduhake duwe rasa seneng lan rasa harbeni kesenian tradhisional kethoprak.

“Ya pancen krasa aneh ing kawitan, nanging suwe-suwe kok malah dadi apik, narik kawigaten. Mbedani wae ana kethoprak mlebu kafe. Dadi ora krasa ana wates ing antarane paraga kethoprak lan penonton. Jan-jane aku ora pati mudheng basane, nanging pancen gayeng banget,” kandhane Anin,  salah sawijining penonton.

Panggah minangka sutradhara uga pangarsa Gumregah ngandharake dheweke pancen duwe program nyedhakke seni tradhisional karo nom-noman jaman saiki. Carane ya ngandani pentas kethoprak ing kafe ngono kuwi mau. Panggah duwe gegayuhan adicara ngono kuwi bisa rutin, pindhah saka kafe siji lan sijine.

Pangajabe sing krodha nguripi kesenian ing Kutha Solo jaman saiki ora mung nom-noman sing ambyur ing seni modheren lan kotemporer, nanging uga para nom-noman sing ngleluri seni tradhisi ing mareka rupa pepanthan.

Wayang

Saliyane Gumregah sing pentas kethoprak in kafe, ana maneh pentas seni tradhisi sing wigati dhek Desember 2019, yaiku Wayang Sinema sing diadani dening Yayasan Sang Pamarta Indonesia ing Gedung Teater Murtidjono Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT) Solo.

Pakeliran wayang diracik kaya wong nonton pilem ing bioskop. Penonton kudu tuku karcis sing ana tandha studio lan nomor kursi. Yen studi wis kebak, pakeliran wayang diwiwiti. Pambukane arupa tetabuhan gamelan. Pakeliran rasa bioskop iki tetep diparagani dhalang, sindhen, lan pangrawit.

Sing rada beda, ing pakeliran wayang rasa bioskop iki ana sing jejatah ngisi swara utawa dubber. Kuwajibane ing perangan antawacana nalika dhalang ngepyakake wayang. Dhalang lan wayang ing suwalike pakeliran. Penonton mung bisa ndeleng ayang-ayang wayang lan pengrawit.

Dhalange ora mung lungguh. Dhalange bebas mlaku mrana mrene ing suwalike kelir jumbuh adegan sing dibabar. Dhalange wong enem. Pakeliran wayang rasa bioskop iki ora mung cara mbabar lakon lan ngepyakake watang sing beda karo pakeliran wayang biyasane.

Swara musik pengiring uga beda. Yen dirungokke kanthi temen-temen, musik pangiringe ora mung gamelan, nanging uga nganggo musik modheren. Penonton sing ndeleng pentas wayang iki rasane pancen kaya wong nonton pilem ing bioskop. Ing ngarep layar ana pengrawit lan gamelan. Basane  nganggo basa Indonesia.

Penulis naskah sing ngrangkep dadi paraga multimedia, Wahyu Dunung Raharjo, ngandharake krenah ngracik wayang rasa bioskop kuwi dialem dening akeh nom-noman. Pakeliran ing bioskop kuwi dibabar mung kira-kira rong jam. Sasuwene kuwi kabeh wong sing padha ndeleng ora gelem pindhah kursi. Sok-sok ana penonton song melu cluluk ngomentari antawacana ing layar amarga antawacanane nganggo basa Indonesia.

“Iki wayang inovasi. Minangka cara murih generasi mudha, para nom-noman jaman saiki, gelem tepung marang wayang kulit. Jebul ya pancen akeh sing ndeleng kanthi tenanan,” kandhane Wahyu.

 

The post Kethoprak lan Wayang Rasa Modheren appeared first on Solopos.com.

Sastra Jawa Panggah Krodha ing Jaman Digital

$
0
0

Solopos.com, SOLO -- Sastrawan Jawa, Trinil S. Setyowati, nelakake sastra Jawa bakal terus ngrembaka, panggah krodha ing ombyaking jaman lan teknologi. Sastra Jawa bakal tetep urip ing madyaning gemetrasi milenial sing pancen akeh-akehe ora tepung lan ora dunung marang sastra Jawa.

"Sing seneng marang sastra bahasa Jawa wiwit jaman aku isih remaja ya kagolong minoritas. Pancen durung ana panaliten ilmiyah bab rasa ketarik marang sastra Jawa, nanging dak kira sing ketarik marang sastra Jawa wiwit jaman biyen pancen mung sethithik,” ujare Trinil nalika ditemoni Antara ing sela-selaning adicara Festival Sastra Jawa di Surabaya, Jawa Timur, sawetara wektu kapungkur.

Trinil sing makarya minangka dhosen ing Universitas Negeri Surabaya itu bebarengan swetara sastrawan Jawa liyane sing tau kondhang dhek 1980-1990-an, kayata Budi Palopo dan Widodo Basuki, maca geguritan ing festival sing diadani dening Dewan Kesenian Surabaya (DKS) kuwi.

Trinil kelingan biyen saperangan kanca lan kulawargane mbiji dheweke nulis geguritan kuwi mun bakal diwaca dening wong sithik lan umure wus tuwa kabeh.  Nalika kuwi Trinil dikandhani yen geguritan ora bakal narik kawigatene generasi mudha.

"Kuwi pancen bener lan jumbuh kanyatan sing duwe krenteg maca karya sastra basa Indonesia wiwit jaman biyen pancen  mung sethithik, apamaneh maca karya sastra basa Jawa,” kandhane wanita sing lair ing Surabaya dhek 27 Juli 1965 itu.

Trinil kelingan nalika isih cilik kerep nonton pakeliran wayang lan nonton ludrug. Wayang lan ludrug jaman kuwi  nguwasani jagad seni ing Tanah Jawa.

"Aku seneng karo simbol-simbol ing pakeliran wayang lan ludrug. Pitutur Jawa sing dibabar ing wayang lan ludrug kuwi keprungu endah banget. Kuwi sing ndudut krentegku nulis geguritan,” pratelane Trinil.

Nganti saiki isih ana kalawarti basa Jawa, kayata kalawarti  Jaya Baya dan Panjebar Semangat sing nampa lan mbabar geguritan lan naskah-naskah basa Jawa karyane generasi mudha jaman semana. Kalawarti-kalawarti basa Jawa kuwi kang njurung regenerasi sastrawan Jawa lan moncer ing taun 1990-an.

Regenerasi
Jaman gumanti. Kalawarti Jaya Baya dan Panjebar Semangat nganti saiki pancen isih kababar, nanging sansaya kadhesek dening majuning teknologi kang nglairake medhia digital sing digandrungi dening generasi mudha jaman saiki, generasi milenial.

Sastrawan Jawa lan redhaktur kalawarti Jaya Baya, Widodo Basuki, nelakake generasi mudha jaman saiki sing ngirim naskah basa Jawa sawetara taun pungkasan ini sansaya sithik.

Widodo Basuki nampa pangaji-aji Rancage taun 2000 amarga buku kumpulan geguritan karyane asesirah  Layang saka Paran.  Dheweke kuwatir regenrasi sastrawan Jawa mandheg utawa malah cunthel. Miturut Trinil, ngrembakane teknologi lan owah-owahan jaman kang nglairake teknologi digital kudune dudu prakara tumrap sastra Jawa.

"Kuwi [teknologi digital] kudune malah dadi sarana anyar kanggo nepungake lan ndunungake sastra Jawa marang generasi mudha jaman saiki,” ujare Trinil.

Saiki jagad sastra Jawa butuh wong-wong sing preduli lan gelem nepungake sastra Jawa kanthi sarana medhia sosial, kayata Youtube, Facebook, Twitter, Instagram, lan liya-liyane.

"Kanthi sarana medihai digital kang maneka rupa kuwi generasi mudha bisa ditepungake marang basa ibune, ya basa Jawa. Pangajabe ing tembe mburi bakal tresna temen-temen marang basa Jawa kang wusana dadi papan uripe sastra Jawa,” piterange Trinil.

Festival Sastra Jawa sing mapan ing Balai Pemuda Surabaya kuwi perangan  program luminti sastra saben wulan lan minangka perangan Majelis Sastra Urban Dewan Kesenian Surabaya ing pungkasan taun 2019.

Pangarsa Dewan Kesenian Surabaya, Chrisman Hadi, ngandharake  adicara Festival Sastra Jawa bakal didayakake minangak adicara lumintu sing dibabar saben pungkasan taun.

"Prakara sastra Jawa kuwi raket gandheng cenenge kato nation character building utawa mbangun budaya bangsa. Saora-orane Festival Sastra Jawa bisa dadai sarana ngleluri lan ndayakake budaya lokal supaya ora ilang,” ujare Chrisman.

Dheweke ngandharake adicara Festival Sastra Jawa kuwi disengkuyung dening Direktorat Jenderal Kebudayaan Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan saengga bisa dipesthekake bakal lumintu ing taun-taun kang bakal teka.

Miturut Chrisman, kanggo nepungake lan ngleluri kabudayaan Jawa marang generasi mudha jaman milenial, orang mung Festival Sastra Jawa kang bakal diadani saben taun.

"Saiki Dewan Kesenian Surabaya nggagas festival sing gegayutan karo kabudayan Jawa liyane, upamane festival musik Jawa," pratelane Chrisman marang Antara.

The post Sastra Jawa Panggah Krodha ing Jaman Digital appeared first on Solopos.com.

Jawa-Tionghoa Wus Suwe Nyawiji ing Panganan

$
0
0

Solopos.com, SOLO -- Ing udyana ngrembug Kutha Solo lan panganan sing diadani dening Kota Kita, sawetara wektu kapungkur, mapan ing Rumah Banjarsari, Solo, ana dudutan panganan bisa kanggo tengara lan ndhudhah kabudayan sawijining tlatah, kayata Kutha Solo.

Panganan ing lumrah tinemu ing sawijining papan, upamane ing Kutha Solo, bisa didhudhah wiwit saka ubarampe kanggo gawe, sapa sing gawe, digawe ing ngendi, sapa sing adol, sapa sing tuku, dipangan wayah apa lumrahe, lan sapiturute.

Kabeh dhudhahan bab panganan kuwi anjoge bakal tekan ing kabudayan ing tlatah utawa kutha papan panganan kuwi. Lire, pangan ora mung wates barang sing enak dipangan lan maregi. Panganan mujudake asil laku budaya.

Ora nggumunake ing maneka papan, ing maneka negara, tinemu panganan sing yen didhudhah bakal ketemu oyot kabudayan saka maneka papan, saka maneka negara. Budaya mangan kuwi sawijining tata laku lan tapsiran kang kawujud ing laku mangan ing sawijining pabrayan agung.

Tata prilaku lan tapsiran kuwi merbawani tata cara lan tata krama mangan kang nyakup panan mangan lan piranti kanggo mangan. Ing pabrayan agung Jawa lan Tionghoa, laku mangan kuwi mligi gegayutan nyawijine kulawarga.

Ing artikel ilmiyah asesirah Pencampuran Budaya Cina, Jawa, dan Belanda pada Budaya Makanan Cina Peranakan karyane Devanny Gumulya, dosen ing Program Studi Desain Produk Universitas Pelita Harapan, Tangerang, ana andharan bab panganan tumrap warga Tionghoa.

Tumrap kulawarga Tionghoa mengan kuwi kanggo nyawijekake kulawarga, njaga wutuhe trah utawa suku, lan merbawani ekonomi kulawarga. Nalika mangan bareng sakulawarga, sikep sing enom marang wong tuwa nuduhake pangabektine anak marang wong tuwa. Anak utawa sing luwih enom ing kulawarga kudu ngladekake panganan marang wong tuwa utawa sedulur sing luwih tuwa.

Simbol pangabekti nalika mangan bareng sakulawarga kuwi ora mung mandheg ing kono, nanging uga tumuju marang arwah leluhur kang wus padha sumare. Yen didhudhah saka urusan sosial, panganan lan mangan kuwi merbawani wutuhe kahanan sosial.

Yen didhudhah saka urusan agama utawa kapitayan, panganan lan mangan kuwi sarana kanggo njaga sesambungan karo dewa-dewa lan arwah leluhur. Iki jan-jane ora beda adoh karo mangan lan panganan ing budaya Jawa. Ora nggumunake ing antarane budaya Jawa lan Tionghoa wus kawit maabad-abad kapungkur nyawiji ing panganan.

Ana sawetara jinis panganan ing Jawa kanga asale saka budaya  Tionghoa, kayata bakso, bakmi, lan bakpau. Tembung ”bak” dalam basa Hokkian tegese daging. Ana uga penganan saka Tionghoa sing diolah nggunakake bumbu Jawa lan wusana lumrah tinemu ing pabrayan agung Jawa, kayata cap cay, fu yung hai, siomay, kwetiau, lan sapiturute.

Wulandari, 24, lagi wae teka ing Solo saka dolan ing Kutha Jogja, sawetara dia kapungkur. Dheweke nggawa bakpia empuk sing werna-werna. Ana sing isi keju, soklat, lan selai. Saben dolan menyang Jogja dheweke mesti tuku bakpia.

Oleh-oleh sing kawentar yen dolan ing Jogja pancen bakpia. Ana Bakpia Patuk, Bakpia Kurnia Sari, lan liya-liyane. Ana artis saka Jakarta sing uga dodol bakpia kanthi jeneng Mamah ke Yogya.

Hla piye, yen menyang Jogja oleh-oleh sing enak dhewe ya bakpia. Rasane enak, gampang digawa,” kandhane.

Bakul bakpia pancen wis kaya jamur ing Jogja. Prasasat ing saben ratan ing Jogja ana sing adol bakpia. Ana sing regane murah, mung Rp15.000 sakerdhus, ana Rp25.000 sakerdhus, ada uga sing luwih saka Rp80.000 sakerdhus. Saking akehe, ana sing ngarani dene bakpia kuwi panganan mligi ing Joga. Pangan duweke pabrayan agung Kutha Jogja.

 

Rumangsa Handarbeni

Yen dirunut saka sujarah panganan, bakpia kuwi panganan sing asale saka budaya Tionghoa. Jeneng asline tou luk pia, saka basa Hokkian sing tegese roti pia utawa roti saka kacang ijo. Ing taun 1940-an sing gawe bakpia ya mung kulawarga Tionghoa, nanging suwe-suwe akeh wong Jawa melu gawe lan ngrembaka.

Ngrembakane bakpia ing Jogja kuwi ya ana sujarahe. Panaliti budaya Tionghoa-Jawa saka Jogja, Agni Malagina, sawetara wektu kapungkur, ngandharake bakpia sing saiki dadi oleh-oleh mligi saka Jogja kuwi campuran budaya Jawa lan Tionghoa. Bakpia iku asil srawung budaya ing Indonesia.

Miturut narasumbere Agni nalika ngadani panaliten ing Kampung Ketandan, Jogja, bakpia saka Tiongkok ora legi, rasane gurih semu asin. Bakpia saka Tiongkok isine dhele sing diuleg nganti alus banjur diwenehi uyah lan bawang.

Dhek tahun 1940-1950-an bakpia ngono kuwi laris banget. Sawise kuwi ana isu sing nyebar menawa bakpia kuwi haram, ngandhut babi. Banjur bakulan bakpia dadi sepi. Para bakul bakpia banjur ngracik krenah.

Banjur padha gawe bakpia modhel anyar sing rasane legi. Tujuwane supaya ora diarani ngandhut babi meneh. Rasane bakpia dijumbuhake karo ilate wong Jogja sing kondhang seneng panganan sing rasane legi. Saiki para pengusaha bakpia asin ya wis ora ana. Akeh-akehe bakpia legi sing didol.

”Yen dirunut saka papan asal usule, ing Tionkok kana dhek jaman semana ora ana tanduran tebu. Tebu ana ing tlatah sing adoh saka kutha gedhe. Ora nggumunake menawa ora ana bakpia legi sing asli saka Tiongkok,” pratelane Agni. Dheweke njlentrehake maneka rupa panganan saka Tiongkok sing wis lebur dadi siji karo budaya Jawa.

Panganan-panganan kuwi kayata kecap manis, mi ayam, bakso, nganti lontong capgomeh sing kerep disedhiyakake saben sawise pahargyan taun anyar Imlek. Lontong capgomeh iku genah asil srawung budaya Jawa lan Tionghoa. Isine lontong, juangan lodheh, sambel goreng, krupuk, lan abon sapi utawa srundeng.

”Sing genah samubarang sing teka kuwi mesthi ngupiya murih bisa slamet ing papan anyar, ngupiya murih bisa lebur karo kabudayan ing papan anyar. Budaya Tiongkok utawa Jawa padha-padha duweni daya pangribawa,” ujare Agni.

Miturut Agni, mi ayam ing Wonosari iku biyen bakule ya wong Tionghoa. Sekoteng Malang biyen sing bakul ya wong Tionghoa. Mangkono uga panganan liyane sing asale saka budaya Tionghoa. Dene jaman sabanjure nganti saiki sing dodolan panganan asil budaya Tionghoa kuwi umume ya wong Jawa.

Warga keturunan Tionghoa sing manggon ing cedhak Pasar Gede, Solo, lan sregep ngeblog, Halim Santoso, nalika diwawancarai Espos, Slasa, ngandharake nyawijine budaya Jawa lan Tionghoa kuwi dumadi kawit jaman biyen.

Jan-jane malah dadi aneh yen ing jaman saiki isih ana sing mbedak-mbedakake antara Jawa lan Tionghoa. Hla wong sing dilakoni saben dina ki ya padha wae. Sing beda antarane wong Jawa lan wong Tionghoa mung ing wujud laire.

Nalika mahargya taun anyar Imlek, ing altar pamujan umat Tridarma (Buddha, Taoisme, Konfusianisme) ana maneka panganan sing genah kuwi panganan asil srawung budaya Jawa lan Tionghoa. Panganan ing altar pamujan kuwi kayata roti kranjang, pisang raja, tebu, lan jeruk bali.

Panganan-panganan kuwi kudu ana ing meja altar. Sawise ngibadah, panganan kuwi dipangan bareng-bareng. Ing urip saben dina ing Kutha Solo, Halim ya mangan panganan asil budaya Tionghoa lan panganan asli Jawa. Dheweke ya seneng sega jangan, sego liwet, gudheg, lan liyane.

”Mangan mangsakan Tionghoa malah mung kadhang kala, yen ana adicara mligi. Sing daksenengi dhewe ya babi kecap,” kandhane Halim sinambi ngguyu. Agni ngandharake diplomasi kabudayan mawa panganan pancen luwih gampang. Panganan kuwi raket gandheng cenenge karo ilat lan weteng.

Yen ilat seneng, wetenge ya wis karep kabeh, genah bisa mlebu. Arepa panganan Jawa, Tiongkok, Jepang, Thailand lan liya-liyane yen mathuk karo ilat lan weteng ya mesthi mlebu. Saka panganan kuwi bisa ndudut rasa ketarik marang asal usule, bumbune, oyot kabudayane, lan liya-liyane.

”Banjur ana srawung kabudayan antarane siji lan sijine saengga rumangsa cedhak lan kabeh rumangsa handarbeni,” kandhane Halim.

The post Jawa-Tionghoa Wus Suwe Nyawiji ing Panganan appeared first on Solopos.com.

Politik Kudune Kanggo Mujudake Urip Ayem Tentrem

$
0
0

Solopos.com, SOLO -- Nuruti hawa napsu pancen ora ana enteke. Yen ngrembug kuwasa lan kalungguhan, manungsa bisa nglakoni apa wae. Bisa ngapusi nganti paten-patenan. Sri Wintala Achmad ing buku asesirah Kronik Perang Saudara dalam Sejarah Kerajaan di Jawa mbabar perang ing krajan Tanah Jawa wiwit jaman Singasari nganti jaman Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat ing jaman Sunan Paku Buwono III.

Buku kuwi ngandharake perang ing krajan Tanah Jawa ana gandheng cenenge karo rebutan kuwasa. Ana Perang Bubat, Perang Paregreg, Perang Sudarma-Wisuta, lan Perang Suksesi Jawa I-III sing ditutup kanthi Prjanjen Salatiga. Wintala ngandharake Jayakatwang mbrontak ing Singasari engga pecah pecah amarga Adipati Sumenep Aria Wiraraja pengin nguwasani Singasari.

Nalika perang, Raja Singasari Kertanagara seda. Krajan Singasari runtuh amarga dipindhah dening Jayakatwang menyang Dhaha, Kediri. Sawise dadi raja, Jayakatwang genti dijegal dening anak mantune Kertanagara sing ora trima bapake dipateni. Anak mantu Kertanagara kuwi jenenge Dyah Wijaya utawa Raden Wijaya.

Raden Wijaya banjur ngedegake kraton anyar, yaiku Majapahit. Perang dumadi nalika jaman Majapahit disambung nganti krajan generasi sabanjure. Sri Wintala ngandharake sujarah bab krajan Jawa iku minangka bukti politik praktis wis dumadi wiwit jaman biyen.

Wong sing nuruti hawa napsu bakal nggunakake cara apa wae supaya pepenginane keturutan, mangkono uga hawa napsu mburu kuwasa. Carane yen ora bisa nganggo akal, ya nganggo okol. Ing jaman saiki, politik dadi gaman mateni mungsuh. Kamangka kudune politik kuwi dadi cara kanggo nylametake kamanungsan.

Bukti sujarah perang lan paten-patenan ing antarane sedulur dhewe  kuwi direkam ing maneka rupa naskah, serat, candhi-candhi, prasasti, lan liya-liyane. Dhek 1975, sastrawan lan dramawan kondhang klairan Solo, W.S Rendra, nliti bab kuwasa lan raja-raja ing Tanah Jawa.

Panaliten kuwi kanggo nganggit naskah teater. Kawitane nalika Rendra maca geguritan ing Sasana Mulya Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat. Asistene Rendra nalika kuwi kang sabanjure dari bojone, Ken Zuraida, sing nampa jejibahan ngawiti riset lan panaliten.

”Nalika kuwi Rendra kandha kudu nulis naskah [teater] sing adhedhasar sujarah kuwasa ing Tanah Jawa. Aku dikongkon nglumpukake bahan-bahan saka naskah-naskah, layang-layang prajanjen jaman krajan, nganti pawarta ing koran-koran,” kandhane ing Teater Besar Institut Seni Indonesia (ISI) Solo sawetara wektu kapungkur.

Rendra uga rembugan karo para winasis lan sarjana saka kampus-kampus sing kawentar, kayata Universitas Gadjah Mada (UGM), Universitas Indonesia (UI), Universitas Airlangga (Unair), lan para profesor emeritus.

Wong-wong urun rembub baba sujarah krajan Jawa sing kababar ing candhi-candhi iang Jawa lan Sumatra. Jan-jane akeh bab sing bisa dibabar saka sujarah kwuasa jaman krajan Jawa kuwi. Rendra milih bab politik lan kuwasa. Bisa wae nalika kuwi Rendra  pengin nyaruwe kuwasane Presiden Soeharto ing jaman Orde Baru kuwi.

Ing jaman Orde Baru perang lan paten-patenane pancen ora katon kaya nalika jaman krajan, nanging yen didhudhah kanthi cara liya asline ya padha wae sing dumadi, yaiku rebut kuwasa lan rebut krenah nglanggengke kuwasa.

Naskah anggitane Rendra kuwi kanthi irah-irahane Panembahan Reso. Naskah sing isine drama tetembungan kuwi yen dibabar ing panggung bisa luwih saka nenem jam. Nalika kuwi Rendra lan kanca-kancane ing Bengkel Teater butuh wektu rong taun kanggo ngurus idi palilah pentas. Bengkel Teater kasil mbabar Panembahan Reso dhek 26 lan 27 Agustus 1986. Yang mung pisan kuwi. Panembahan Reso durung tau dibabar maneh.

 

Ngrusak Kamanungsan

Ing 2019, kanggo mengeti 10 tahun Rendra bali ing ngayunaning Pangeran,  para seniman Solo, Jogja, lan Jakarta nglumpuk lan duwe sedya tunggal, mbabar maaneh lakon teater Panembahan Reso karyane Rendra.

Sutradharane seniman teater ing Kutha Solo, Hanindawan. Gladhen pentas Panembahan Reso kawiwitan sawetara wulan kapungkur mapan ing Wisma Seni Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT). Bubar kuwi, pentas teater Panembahan Reso bakal mapan ing Ciputra Artpreneur, Ciputra World, Jakarta Selatan.

Nalika mbabar gladhen ing Teater Besar ISI Solo, para juruwarta antuk kalodhangan mirunggan ndeleng gladhen pungkasan Panembahan Reso kuwi.

Pentase pancen apik tenan. Kabeh sing nonton anteng kamangka pentase udakara telung jam. Ing adegan pungkasan, kabeh sing nonton keplok ambata rubuh. Beda karo pentas dhek 1986, Panembahan Reso dhek Minggu wengi kuwi luwih ringkes. Ana kolaborasi teater, tari, lan musik sing ndadekake penonton ora jeleh.

Kandhutan crita Panembahan Reso pancen mligi temen-temen. Lakon teater Panembahan Reso kuwi nggambarke adu krenah muwih bisa nglenggahi dhampar keprabon, jumeneng nata. Kabeh dikorbanke, paten-patenan ing antarane sedulur, nganti selingkuh karo juragane murih bisa mujudake pepenginan ngrengkuh kuwasa.

Panji Rekso diparagni dening seniman teater saka Jogja, Whani Darmawan. Ratu Dara diparagni artis saka Jakarta, Sha Ine Febriyanti. Pasangan aktor lan aktris iki ing lakon Panembahan Reso pancen klop tenan.

Panembahan Reso kuwi panji ing sawijining krajan ing Tanah Jawa. Panji Reso iku pinter banget, wasis, lan wicaksana, nanging amarga hawa napsu mring kuwasa kang makantar-kantar, dheweke dadi wong sing srakah.

Reso sing mung panji kuwi pengin banget dadi raja gung binathara. Pengin nglintir kuwasana Raja Tuwa. Dheweke banjur ngracik krenah, kiyanat marang kanca rakete Panji Tunggal, mateni bojone dhewe, adon-adon nganti dumadi perang, lan banjur ngrimuk atine juragane, yaiku Ratu Dara.

Ing pungkasaning lakon, Reso pancen bisa jumeneng nata, nanging nyatane Reso ora marem. Reso dadi kaya wong linglung. Dheweke eling marang kabeh tumindak dur angkara sing dilakoni. Dheweke eling bojone sing dipateni amarga ora nyengkuyung niyat ngrengkuh kuwasa raja.

Reso sing wasis iku pancen dadi raja, nanging amarga hawa napsu sing makantar-kantar dheweke lali menawa sing dibutuhke ing urip iku ora mung bandha donya. Wong urip luwih butuh cara urip mulya tanpa nglarani liyan.

”Aku kaya-kaya tansah weruh bojoku nangis. Aku pancen dadi raja, nanging raja ing tlaga getih,” kandhane Reso kanthi lungguh ing dhampar keprabon lan nangis kaya wong linglung.

Ing pungkasaning lakon, selire Reso, Ratu Kenari, merjaya Reso nganti nemahi pati. Ratu Kenari kuwi bojo selir sing kerep ngerih-rih raja supaya ora nyumet perang wae lan ngejak urip kanthi ayem lan tentrem.

Adgen Ratu Kenari mateni Prabu Reso kuwi dadi pralambang utawa simbol sejatining urip kuwi dudu mburu kuwasa, nanging urip ing kahanan ayem lan tentrem. Urip rahayu kanthi meper hawa napsu. Dudu urip kanthi ngumbar hawa napsu. Politik kudune kanggo mujudake urip kang ayem tentrem kuwi, ora malah ngrusak pabrayan agung lan kamanungsan.

The post Politik Kudune Kanggo Mujudake Urip Ayem Tentrem appeared first on Solopos.com.

Viewing all 159 articles
Browse latest View live