Quantcast
Channel: Jagad Jawa – Solopos.com
Viewing all 159 articles
Browse latest View live

Nalika Petruk Kelangan Pethel

$
0
0

Solopos.com, SOLO -- Ing kabudayan Jawa Petruk kuwi pralambang kawula, wong cilik, rakyat, sing katon lucu, nyenengake, seneng guyon, lan sugih esem. Petruk kuwi paraga sing mligi amarga setya ngabdi minangka punakawan, ngawal juragane, ora wegah urun rembug kanggo nyampurnakake uripe juragan.

Asal usule Petruk pancen durung cetha. Laire Petruk prasasat ora tau dadi lakon ing pakeliran wayang. Wong-wong Jawa merdeni Petruk kuwi anake Ki Lurah Semar. Petruk anak turune Dewa Ismaya. Semar kuwi Dewa Ismaya. Yen ana lakon Petruk dadi ratu ya ora prelu gumun, lha wong anak dewa.

Suwardi Endraswara ing buku Petruk Dadi Ratu, Polah-Tingkah Penguasa yang Tidak Mampu, weton Narasi, 2014, ngandharake mitos Petruk manjing ing madyaning pabrayan agung Jawa. Petruk dianggap pinter dhewe tinimbang anak-anake Semar liyane.

Denys Lombard ngandharake dongeng Petruk Dadi Ratu kuwi pralambang negara sing kelangan kendhali, negara sing salah urus, negara sing panguwasane gagal netepi kuwajiban. Nalika negara rusak, para panguwasa sasenenge dhewe lan lali marang kuwajibane, Petruk njedhul, mudhun saka gunung lan mungkasi kabeh karuwetan kuwi.

Ing jaman demokrasi, Petruk kuwi uga pralambang kahanan lan kanyatan nalika sapa wae bisa dadi pemimpin, sapa wae bisa dadi panguwasa. Sarate siji: kasil ngimpun swara akeh dhewe ing dina pamilihan. Demokrasi ndadekake sapa wae duwe kalodhangan padha kanggo milih lan dipilih.

Lelandhesan panemua Denys Lombard ing ndhuwur kuwi, ing jaman saiki nalika panguwasa sawiyah-wiyah, sasenenge dhewe, nglalekake kuwajibane marang rakyat, lan mung mburu senenge dhewe kanthi laku korupsi, kolusi, lan nepotisme bakal njedhul Petruk sing bakal nyaruwe panguwasa kuwi.

Ing kahanan sing pancen rusak-rusakan, Petruk bakal dadi ratu. Petruk bakal nyaruwe panguwasa sing ora pener lan ora bener kuwi. Ing jaman kolonial Belanda, Petruk Dadi Ratu kuwi mung dadi guyon. Kamangka kuwi kanyatan kang dumadi ing pabrayan agung nalika panguwasa malah deksiya marang rakyat.

Petruk Dadi Ratu ing kaskaya kabudayan Jawa diwredeni dudu wong bodho dadi raja utawa lakon wong cilik, kaum pidak pedarakan, munggah bale nganggo aji mumpung. Petruk Dadi Ratu kuwi lakon mencoke wahyu marang kawula.

Reformasi 1998 kuwi Petruk dadi ratu. Para kawula wegah maneh urip ing paprentahan sing panguwasane korupsi, kolusi, lan nepotis. Rakyat Indonesia lan mahasiswa nyawiji, kadidene Petruk, lan ora trima negara dikemonah sakepenake dhewe.

Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK) sing madeg dhek taun 2002 kuwi Petruk dadi ratu. Korupsi, kolusi, lan nepotisme sing dadi mungsuh gerakan reformasi 1998 nyatane ora bisa punthes. Salebare gerakan reformasi 1998 sing aran korupsi, kolusi, lan nepotisme tetep wae ndadra.

Ing kahanan mangkono kuwi Petruk njedhul kanggo njejegake kahanan. Petruk menjila ing wujud KPK. Kawula, rakyat, ana sadawane wektu. Dene ratu utawa raja ora langgeng. Ratu jumeneng mung sawetara. Nalika mangsane dadi ratu wus rampung ya kudu lengser keprabon utawa musna.

Petruk ana ing sadawane wektu. Ing jaman apa wae Petruk ana. Petruk dadi punawakan, wong cilik, rakyat, kawula, abdi sing ngancani panguwasa wiwit jaman biyen nganti dina iki lan ing tembe mburi. Miturut Suwardi Endraswara ing bukune kae mau, kawula kuwi ana tanpa wates, ratu kuwi anane mung winates.

Kanthi mangkono kudune panguwasa kuwi ngajeni kawula. Panguwasa kudu gelem korban kanggo kawula, ora malah ngrayah uripe ngawula, ora malah ngrebut hake kawula. Kuwasa kuwi kudu ana lelabuhane. Kuwasa kuwi jan-jane mung sarana kanggo lelabuhan.

 

Oyot Kabudayan

Ratu dudu ratu yen ditinggal kawula. Sapa sing bisa mangku ratu supaya bisa nglenggahi dhampar keprabon? Ya rakyat. Ora ana liya sing bisa mangku kejaba rakyat, kawula. Ratu utawa raja sing ora dipangku dening rakyat tegese koncatan wahyu.

Sing dadi pitakonan ing jaman demokrasi, jaman nalika Petruk bisa dadi panguwasa, kok malah akeh panguwasa sing ora nggatekake kawula? Kok akeh panguwasa sing adigang, adigung, diguna? Kok akeh panguwasa sing saben dina korupsi, kolusi, lan nepotis?

Ing jagad pakeliran wayang ana panguwasa sing ora dipangku dening rakyat. Dasamuka lan Duryudana kuwi raja sing ora dipangku dening rakyat. Duryudana cekel panguwasa, nangung ora tau kasil nglenggahi dhampar keprabone rakyat. Akeh panguwasa cekel kuwasa, nanging ora lungguh ing dhampar keprabon sing sejati, yaiku dhampare rakyat.

Pethel, gamane Petruk, kuwi pralambang kuwasa. Pethel kuwi pusakane wong cilik, pusakane kaum pidak pedarakan, pusakane rakyat. Yen Petruk kelangan pethel padha wae kelangan daya. Kelangan pusaka kuwi mbebayani, kayadene bangsa Indonesia kelangan kawibawan.

Ing lakon Petruk Dadi Ratu pethel tetep ana, nyawiji karo raja. Nalika Petruk dadi ratu lan tetep ngukuhi pethel minangka pusaka, ana sesambungan raket ing antarane krajan lan lingkungan sakiwa tengene.  Ing jaman saiki sing katelah jaman globalisasi, negara siji lan sijine tansah sesambungan kanthi raket.

Prakara sing dumadi ing sawijining negara bakal merbawani negara liya. Perang dagang antarane Amerika Serikat lan Tiongkok merbawani kabeh negara sadonya. Pethel tumrap Petruk kuwi pusaka sing mligi, minangka sipat kandel. Pethel kuwi  jati dhiri sawijining abdi. Ing jagad tetanen pethel kuwi piranti baku. Pethel kalebu pusaka kelas ngisor, pusaka murahan.

Petruk kasil mbangun jati dhiri kanthi pusaka pethel kuwi. Yen Petruk kelangan pethel ateges jati dhirine uga luntur, ilang, musna. Sipat kandel kuwi ing jaman saiki menjila ing wujud jati dhiri budaya. Oyot kabudayan kuwi pethel tumrap kabeh warga bangsa Indonesia jaman saiki.

Yen Petruk kelangan pethel ing jaman saiki ya dadine kata Orde Baru sing kelangan panyengkuyung, wusana ambruk. Petruk kelangan pethel kayadene KPK sing saiki kaya-kaya ora duwe daya. Petruk kelangan pethel kayadene bangsa Indonesia nalika kelangan oyot kabudayane lan wusana ora duwe saya ngadhepi bangsa-bangsa liya sing adidaya. Iki cetha aja nganti kedadeyan!

The post Nalika Petruk Kelangan Pethel appeared first on Solopos.com.


CERKAK: Omah Anyar kanggo Bulus

$
0
0

Kelangan omah merga kobongan alas durung suwe iki ndadekake bulus sedhih banget. Saliyane sedhih bulus bingung kudu golek papan ngiyup ing ngendi kanggo nglindhungi awake saka panas, udan, lan angin. Apa sing dialami bulus iki ndadekake kanca-kancane bulus padha susah. Sejatine akeh kanca sing padha nawani papan sawetara kanggo ngiyup. Nanging bulus nolak tawarane kancane kanthi alus lan sopan.
Awan kuwi hawane panas banget. Bulus pengin golek papan kanggo ngiyup. Dheweke banjur mlaku adoh banget nganti tekan ereng-erenge gunung. Saka kadohan bulus weruh ana guwa cilik sing sajak kepenak banget dipanggoni. Apa maneh ora adoh saka guwa kuwi ana wit gedhe sing ing ngisore ana sendhang sing bening banget banyune.
Kanthi sisa-sisa tenaga sing diduweni bulus nyengkakake lakune. Apese guwa sing diparani kuwi beda kaya sing dikarepake. Maune bulus mbatin yen guwa kuwi ambune seger. Nanging sing dumadi suwalike. Ambune guwa kuwi pesing banget. Kahanan iki dumadi jalaran guwa kuwi dadi sarange lawa.
Weruh kahanan kang kaya ngono ndadekake bulus pengin golek papan liya sing kena didadekake omah kang nyaman kanggo dipanggeni. Nanging gandhenge hawane panas banget lan tenagane akeh sing wis kakuras. Bulus pengin ngaso ing sangisore wit gedhe ing cedhake guwa lan pengin padusan ing sendhang.
Awan-awan padusan ing sendhang kang bening banget banyune. Kasil ndadekake atine bulus seneng banget. Dheweke kaya-kaya lali marang omahe sing mentas kobongan. Bareng dirasa cukup anggene padusan. Bulus banjur mentas lan teturon ing sangisore wit gedhe. Kegawa awak sing kesel lan angin sing silir-silir. Bulus sing kekeselen banjur keturon.
Sawetara wektu candhake bulus nglilir. Pinuju nglilir bulus kaget banget bareng ngerti ana pulut sing tumempel ing gegere. Maneka cara ditindakake kanggo ngilangi pulut ing gegere. Nanging bulus ora ngerti kepriye carane.
Sawise mikir sawetara wektu. Bulus kepikiran ngilangi pulut ing gegere kanthi ngoserake menyang godhong lan pang-pang garing ing cedhake wit mau. Nanging orane ilang. Sing dumadi malah suwalike. Godhong lan pang-pang garinge sing diajab ngilangi pulut ing gegere malah tumempel ing gegere.
Kahanan iki ndadekake bulus sedhih lan isin. Bulus isin merga gegere sing maune alus saiki dadi kebak godhong lan pang-pang garing. Ora watara suwe ana swara sing banget ditepungi. Swara kuwi mujudake swara manuk dekuku sing nate nawani dheweke papan kanggo ngiyup. Merga bulus ora pengin dekuku ngerti kahanane sing saiki. Bulus banjur ndelik menyang rerungkutan sacedhake sendhang.
“Kira-kira apa sing ditindakake dekuku ing kene?” batine bulus.
Saka papane singidan. Bulus bisa ngulati apa sing ditindakake dekuku. Wektu kuwi bulus ngerti dekuku katon njupuk sethithik pulut saka wit ing cedhake sendhang lan bali mabur maneh. Apa sing ditindakake dekuku iki ora mung pisan. Nanging bola-bali. Sesawangan kang kaya ngene iki sing ndadekake bulus mikir.
“Pulut kae bakal kanggo apa ya kira-kira? Gek aku kok kaya kenal banget karo ambu pulut iki ya? Kira-kira aku tau mambu ing ngendi ya?” takone bulus ing njero ati.
Sinambi mikir, dumadakan bulus kelingan.
“Oh, iya. Aku kelingan. Aku nate mambu ambu kaya ngene iki ing omahe dekuku. Yen ngono dekuku mau njupuki pulut kae kanggo mbangun omahe sing anyar,” ujare Bulus.
Kelingan pulut ing gegere bisa digunakake dekuku kanggo mbangun omah. Bulus pengin nyonto sing ditindakake dekuku. Nanging bulus pengin nggawe omah sing beda klawan omahe sing wis kobong. Bulus pengin nggawe omah sing ora gampang kobong.
Wiwitane bulus bingung kanggo nemtokake bahan apa sing ora gampang kobong. Saliyane kuwi bulus duwe pepinginan nggawe omah sing tansah bisa dijaga saben dinane. Dadine lamuna ana bebaya sing ngancam omahe. Bulus bisa nylametake omahe saengga dheweke ora bakal ngalami nasib kaya sing dialami saiki.
Kanggo nggoleki wangsulan saka apa kang dipikirake. Bulus mlaku-mlaku ing sapinggire sendhang. Sawetara wektu candhake, bulus ngulati pecahan watu sing endah banget. Wujude gepeng lan gilap banget.
“Wah, cocok iki,” batine Bulus seneng.
Pecahan watu sing gepeng lan gilap kuwi banjur dijupuki lan dikumpulake. Anggene milih digawe temanan. Merga bulus pengin nggawe omah sing apik lan kuwat. Sawise nemu pecahan watu sing dikarepake. Pecahan watu mau disambung lan digawe kaya helm nganggo pulut. Bareng wis dadi banjur dipasang ing gegere bulus.
Anggene nyoba ora mung pisan-pindho nanging bola-bali. Senajan kesel lan angel kanggo nggawe omah sing dirasa sreg ora gampang. Nanging bulus ora gelem nyerah. Dheweke terus ngupaya nganti omah sing digawe nganggo pecahan watu mau sreg kanggone. Bareng makaping-kaping nyoba. Wusanane bulus kasil nemokake ukuran sing sreg.
“Tapi kok abot banget, ya?” batine bulus sakawit. “Ah, abot ora dadi ngapa. Sauger aman lan kepenak dipanggoni. Menyang ngendi wae omah anyarku iki bakale dakgawa,” jawabe bulus dhewe.
Kanthi cara nggawa menyang ngendi omahe. Tur omahe kuwi abot banget. Cetha ndadekake anane owah-owahan tumrap Bulus. Biyen sadurunge nggawa omahe. Bulus kuwi kagolong kewan sing playune rikat banget. Nanging bareng saiki menyang ngendi-endi kudu nggawa omahe. Lakune bulus dadi alon banget.
Kahanan sing kaya ngene iki ndadekake bulus diece karo kancane. Nanging pangece saka kancane sing kaya ngono iku babar pisan ora dianggep. Saupama ditantang balapan mlayu. Yen tantangane mung saka papan siji menyang papan sijine bulus mesthi nolak. Nanging yen tantangane balapan mlayu dhisik-dhisikan mlayu tekan ngomah. Bulus mesthi ngacung paling dhisik. Jalaran bulus yakin dheweke sing bakal dadi pemenange.
Saiki masia lakune dadi alon nanging bulus seneng banget. Jalaran dheweke bisa terus njaga omahe sinambi dolan. Saliyane kuwi bulus uga ora wedi maneh kanginan, kudanan, lan kepanasan. Merga omahe sing saiki luwih bakoh tinimbang omahe sing biyen.

*Zuly Kristanto
Pandhemen Sastra Jawa mapan ing RT 02/RW 06 Desa Mirigambar, Kecamatan Sumbergepol, Kabupaten Tulungagung

The post CERKAK: Omah Anyar kanggo Bulus appeared first on Solopos.com.

Geguritane Aming Aminoedhin

$
0
0

GURIT LEREN DHISIK

 

Wingi wis arep daklereni olehku nggurit.

Nanging kok ati iki ora gelem leren. Kaya-kaya

kandha yen akeh bab kang bisa digawe gurit.

Saka bab urip iki sing ora ana enteke. Apa maneh

soal dhuwit. Kabeh wong kepingin duwe.

Menawa bisa akeh jumlahe.

 

Nanging urip ora mung omong soal dhuwit.

Uga omong lakune urip sing kudune eling lan waspada.

Eling marang Gustine, waspada marang ombyake

jaman akeh memala. Jaman virus wabah Korona.

Ati-ati.

 

Leren dhisik uga ora apa-apa. Gurit pancen kudu

digawe kanthi ati. Bisa gawe wong liya gelem maca.

Bisa wong liya dadi nglenggana.

Eling lan waspada.

 

Mojokerto, 15/7/2020

 

 

LAYANGAN WERNA ABANG

 

Layangane sapa werna abang ana akasa kuwi.

Dhuwure nganti sundhul langit. Kelap-kelip ora

katon cetha, amarga saking melipe.

Mung werna abange isih katon ngegla.

 

Layangan werna abang iku, kaya-kaya

nggayuh langit. Kepingin nggayuh impene anggit.

Anggitku kang bisa gawe gurit. Sabendina

bisa gawe tanpa kendhat. Nulis apa wae

sing cetha mupangate kanggo sapa wae.

 

Ananging layangan werna abang iku

saiki pedhot, kleyangan ana awang-awang.

Kaya-kaya impenku melu ngleyang.

Pedhot lan ilang.

 

Mojokerto, 14/7/2020

 

ANGKA GANJIL TELULAS

 

Angka telulas mono pancen ganjil, sapa sing

kandha ganep? Nanging ora terus nggawa

hawa ganjil, kaya sing dikandhakake kae!

Kabeh dina iku padha, ora beda.

Ana awan ana bengi.

 

Wingi ika ana sing kandha telulas, angka

sing kudu mawas. Mawas apa wae ing alam donya.

Tanggal akeh godha, jarene kanthi jelas njlentrehake.

 

Terus ana pitakonku, apa angka liyane

ora perlu mawas? Kandhane tetep kudu mawas.

Donya wis kebak memala, ora kudu sembrana.

Ana Korona, ana uga godha liya. Hapemu iku

uga godha bentuk liya. Bisa gawe gara-gara, bisa

gawe mala. Apa maneh omongan ana sosmed

sing cet-cet cowet kaya bethet. Tanpa angger-angger

asal banter, nanging ora pener.

 

Mojokerto, 13/7/2020

 

 

ORA OLEH KEMINTER

 

Urip ora oleh keminter mundhak keblinger.

Ora oleh drengki-srei lan iri mundhak

gawe lara ati. Ora oleh medhit, mundhak

diparapi pelit.

 

Dadiya wong kang gelem weweh. Oleh menehi

dhuwit, esem, ilmu, uga oleh weneh pitutur luhur.

Supaya urip mburimu luhur wekasane.

 

Ora oleh keminter marang sapadha-padha.

Amarga jamane wis beda. Dhuwura olehmu sekolah

yen kurang tata patrapmu, malah digeguyu tengu.

Apa maneh jaman Korona, kabeh sarwa ora cetha.

Sing ora pinter malah seneng keminter. Sing pinter

minteri kancane. Apa ora keblinger?

 

Mojokerto, 12/7/2020

 

KESEL NANGING BISA LEGA

 

Urip iki pancen tan bisa dikira-kira. Kabeh awak

kesel, pikiran bundhel, ananging ana

sing bisa dadi lega. Amarga kerja kang dirancang

pirang-pirang dina, bisa rampung tanpa pepalang.

Badhar kanthi gangsar, lan ugi lancar.

 

Ana ukara gelem nandur becik, olehe bakal apik.

Nandur ala, olehe perkara.Becik ketitik ala ketara,

pancen bener. Ngundhuh wohing pakartine, jarene

para leluhure awake dhewe, iku wis pinesthi.

Ora bisa diwalik, ora isa ditampik.

 

Dina iku pancene kesel, ananging kabeh bisa

dilakoni kanthi prigel. Ora ana sing mbundheli, kabeh

gangsar lan lancar. Padhange srengenge

dina kuwi tumus ning njero ati.

 

Mojokerto, 11/7/2020

 

TAPSIR WENEHANA

 

Dhawuhe Sunan Drajat, weneha teken

wong kang wuta. Wenehana mangan wong

kang luwe. Wenehana payungwong kang

kudanan. Wenehana busana wong kang wuda.

 

Dijarwake kandhanana wong kang ngeyel

kluyuran, amarga isih ana virus Korona.

Supaya ora wuta. Weweha marang wong kang

mlarat. Supaya ora keluwen. Uga dana-driyaha

marang wong kesrakat. Supaya ora udan tangis.

Benerna wong kang mlakune kliru.

Supaya bener urip lakune.

 

Iku mono mung tapsirku marang dhawuhe

Sunan Drajat ing jaman Korona.

Kowe oleh gawe tapsir dhewe.

 

Mojokerto, 10/7/2020

 

AMING AMINOEDHIN

Pangarsa Forum Sastra Bersama Surabaya (FSBS), pensiunan Balai Bahasa Jawa Timur. Mapan ing Puri Mojobaru AZ-23 Desa Canggu, Kecamatan Jetis, Mojokerto, Jawa Timur.

The post Geguritane Aming Aminoedhin appeared first on Solopos.com.

CERKAK: Mendem Kecubung

$
0
0

Sakesuk iki mau Kusno anane mung nesu-nesu wae. Purwati, bojone sing dadi sasaran sajake uga ora gelem kalah. Padudon iku nganti keprungu tangga teparo, yen perkara padu pancen wong loro kuwi juwara. Tangga-tanggane wis ora maelu, mengko lak ya meneng dhewe, ngono batine.
“Karepmu kuwi piye ta Bu, akik kecubung wulung senenganku mbok buwak sakarepmu dhewe? Ora tata tenan!” Kusno mbengok karo nuduhake wadhah akik kang wis ora ana isine.
“Witekna ora payu didol ngono arep dinggo apa?” Purwati nyengaki genti.
“Piye-piyea kuwi akikku, lha mbok rembugan karo aku dhisik yen arep ngapa-ngapa!”
“Apa mbiyen sampeyan ya rembugan karo aku nalika tuku akik kuwi? Dhuwit sepuluh yuta arep diubengke malah dibrah-brehke. Mikira lho, Pak, Angga kae sedhela engkas mlebu kuliyah, Anggi mlebu SMA. Butuh wragad ora sethithik. Mikira lhoo..mikir..wong kok pikirane gur akik..akik..akik...wae!”
“Eh kowe ki ra mudheng perkara akik, aja ngece kesenenganku yen ora pengin...,”
“Ora pengin apa? Jajal tak takon? Yawis sakarepmu, Pak, sak kojah-kojahmu, manganen watu kono yen pengen urip. Aku arep nyang pasar, wis kawanen, wektuku keguwak muspra gur nggo ngladeni padu sampeyan,”
Purwati wis ora nggagas bojone. Motor diselah, digas banter tumuju pasar saperlu kulakan barang-barang nggo isen-isen tokone. Biyasane anggone mangkat mrepet, nanging amarga ana acara perang dunia barang, dheweke kawanen. Ora gumun yen banjur numpake motor kaya diuber dhemit. Dheweke pancen isih getem-getem.
Wingi pancen dheweke jipuk akike bojone tanpa njalukidipalilah. Nalika awake ngresiki kamar, nemu kothakan sing kayane lali ora dibalekke neng nggone sakawit, dibukak, jebule ali-ali mawa akik kecubung. Purwati kelingan, akik kuwi anggone tuku mbiyen marakke tukaran antarane dheweke lan bojone. Lha piye, dhuwit sepuluh yuta simpenane dijupuk Kusno tanpa palilahe dheweke, mung dinggo tuku barang kaya tilas mut-mutan permen. Nalika kuwi Kusno kebujuk kancane, jare akik kecubung kuwi nduwe daya linuwih, bisa ngraketake relasi, pengasihan, embuh apa maneh. Purwati banjur nggawa akik kuwi neng nggon wong dodolan akik sacedhake pasar, karepe arep didol, lak lumayan yen regane mundhak.
“Piye, Mas, kira-kira isih payu didol ora?” takone Purwati.
“Wah Mbak, paling nek pajeng nggih puluhan ewu mawon, niki kualitase mboten apik,” bakul akik mangsuli.
Purwati jomblak, “Wah lha mbiyen bojoku tukune sepuluh yutanan ki, medhun-medhuna mosok ya nganti semono, Mas?”
“Nggih regi akik pancen mboten kados mas napa berleyan, Mbak. Mboten enten pathokane. Kadhang watu hematite mawon saged pajeng awis nek dipercaya gadhah daya linuwih, akik motif gambar saged milyaran regine, nggih ngaten niku lah, seneng-senengan mawon,”
Purwati ora pati mudheng bab per-akik-an. Sing dingerteni, akik sing digawa ora payu didol. Mangkel tenan atine, judheg, banjur akik kuwi dibuwak ngono wae neng pawuhan, ora akikan ra patheken, ngono pikire.
Kusno pancen pawongan sing gampang melu ombyake trend. Jaman tanduran gelombang cinta, onthorium, adenium, senthe kae Kusno ya melu-melu kedanan. Jan-jane gaweane Kusno kuwi bakul beras, jagung, lan asil tetanen liyane, nanging yen ana bab sing lagi in, dheweke ora gelem kalah. Saking kedanan karo tanduran kuwi, bakulane ora digagas, bojone muring, tandurane dibabati dipakakke wedhus. Kusno muntab, wong loro kuwi padu suwe banget nganti ditekakke Pak RT barang. Nalika trend tanduran wis ora booming maneh, Kusno mbalik anggone dodolan, Purwati seneng. Saiki, banjur trend-e ganti akik, lha kok melu-melu maneh.
Jan-jane Purwati ora papa yen bojone nandur tanduran pasren utawa nganggo akik. Ora masalah yen mung samadya wae. Nanging bojone kuwi yen wis kepilut karo sawijining bab, kaya lali liyane. Kuwi sing marakke judheg. Yen nyambi bakulan akik sing nambahi pametu, Purwati ya seneng wae. Lha bojone iki ora bakulan akik nanging koleksi wae. Yen gur puluhan tekan satus ewu isih ra masalah, lha yen nganti yutan, lak ya kojur, wong dheweke ya ora wong sing sugih mblegedhu.
***
“Ngga, kok wis mulih yahmene?” takone Purwati marang anake nalika anake mulih gasik saka sekolah.
“Nggih, Bu, bakda layat,” wangsulane sajak lesu banget.
“Lha sapa sing ninggal?”
“Alif, Bu, kanca kelas kula. Kalap wonten lepen, pados akik,” wangsulane Angga, banjur mlebu kamar.
Purwati ngelus dhadha. Tambah siji bocah sing mati gara-gara golek watu akik. Sasi wingi tangga desa uga ana sing kentir neng kali Lusi gara-gara golek akik. Kamangka jarene kali Lusi ora kali sing akeh watu akik-e, ora ngerti kok ya isa golek tekan kono. Bocah-bocah kuwi paling ya mung melu-melu wong tuwa kae. Desa kulon kali iku uga dalane saiki dadi rusak merga dijugili watu-watune. Mbiyen ya ora digape, nanging banjur ana slentingan yen watu sing dinggo ngurug dalan kuwi kalebu sela aji, banjur padha golek neng ndalan. Yen bar digoleki banjur didandani maneh dalane ora papa, lha wong golek mung sakpenake dhewe, lak ya bisa mbebayani liyan, kaya guwa neng cedhak tegalan kae wis ditutup amarga stalagtit-e dijupuki,wis mutawatiri banget. Akik pancen lagi winongwong jawata. Ora gumun yen banjur padha digoleki. Akeh kepala daerah sing majibake andhahane nganggo akik. Akeh sing banjur mundhak pametune merga dadi pengrajin watu akik utawa mung golek mentahane.
Purwati ora ngerti yagene akik isa se-booming kaya dina-dina iki. Kamangka akik wis ora barang sing asing. Bapake Purwati jaman sugenge ya seneng nganggo ali-ali akik, mung nggo pantes-pantes wae, ora nganti driji sepuluh dienggo kabeh kaya pelawak Tessy. Mbak Rini wong sugih sebrang dalan kae ya seneng nganggo liontin giok. Purwati mikir, apa dheweke kebangeten mbuwak barang klangenane bojone. Nanging pikiran kuwi ditepis maneh nalika kelingan bojone tuku barang kuwi nganggo dhuwite tanpa idin.
Purwati tau rasan-rasan karo tanggane bab akik iku. Ya ibu-ibu yen lagi blanja pancen biyasa yen karo rasan-rasan.
“Ngapa ya, Yu, kok padha seneng golek akik nganti kaya ngono? lha ya mbok ben watu kuwi neng alam,” ujare Purwati sambi ngladeni blanjan.
“Ya jenenge wae ikhtiyar golek dhit, Yu. Penting ora nganti ngrusak, ora nganti ana wong dibegal gara-gara akik lak uwis, gitu aja kok repot,” wangsulane Wati karo niruke omongane Gusdur.
“Yen nganti ngrusak alam tak kira ya ora, Yu. Wong watu akik iku kan langka, dadi entuk paling ya sepira wae, ora nganti lah yen ngrusak,” Ningsih aweh panemu seje.
“Lha buktine neng Sukoharjo kae, watune dijupuki, jare watu lavender apa..apa ngono, lemahe jugrug, saiki wis digaris polisi, piye hara? Lak ya mbebayani,” Yuli sing mau meneng wae melu-melu rembugan.
“Sing paling nggawe embuh maneh, ana wong sing nggantungke uripe karo akik amarga percaya akik kasebut nduweni daya. Apa ra malah kelabu syirik? Jare Pak Yai lho kuwi,” Aminah melu nambahi omong-omongan kuwi saya gayeng.
Kabeh manthuk-manthuk. Purwati sing rumangsa kesindhir amarga bojone percaya banget marang akike kuwi gage mungkasi rembugan kanthi ngitung blanjan kabeh lan ngomong yen wis awan lan wayah masak, becik padha cepet mulih.
***
Sajake Kusno durung mari mangkele. Dheweke pancen wis gelem dodolan maneh, wis nukoni gabahe tangga-tangga, nanging jan ora semangat nganakae. Yen diladeni mangan ya mung ya...ya..wae, ngomong mung saperlune. Kusno jan wis mendem tenan karo akik kecubunge.
Suwe-suwe Purwati ora betah ngingeti bojone kaya ngono, dheweke dadi kelingan yen kuwi gara-gara akike Kusno ilang. Akik sing tau dibuwak digoleki maneh, nanging ora ketemu. Lha ya wis suwe anggone mbuwak, gek neng pawuhan ngono. Banjur dheweke golek neng nggon dhasaran akik, sing memper kaya nggone bojone ora ana.
Nalika arep mulih, dheweke ora sengaja ngerti ibu-ibu nyrengeni anake neng pinggir ndalan, anake sing disrengeni nangis kejer sajak keweden.
“Wis dikandhani Mamak ping pira? Aja dolanan neng pinggir kali Lusi, akeh kecubunge, begja kowe ora ngapa-ngapa!”
Purwati ora krungu ukara sabanjure, krunge amung “Neng pinggir kali Lusi akeh kecubunge,” ora nganggo suwe, awake banjur mrana. Menawa entuk watu kecubung lan cocok karo karepe bojone, isa didandakke neng pengrajin.
Kusno kaget, nalika bojone diotong-otong tanggane digawa nyang omahe.
“Ana apa, ana apa? Ibune Angga ngapa iki kok diotong-otong?” Kusno omongane semu ngewel.
“Anu Lik, bojone sampeyan...,”
“Bojoku gene? Aduh Bune...piye iki..,”
“Wau kula pas ngarit caket lepen niku, kula mireng wonten tiyang estri gremeng-gremeng mboten cetha, kula kinten dhemit, waune ajrih, tapi terus kula caketi, lha kok Lik Pur mpun kados tiyang edan ngaten ngomyang-ngomyang piyambak, pas kula caketi malah semaput, kula undangke tiyang-tiyang sing caket lepen niku, kersane dirumat mriki, napa dibekta wonten puskesmas, sajake Lik Pur niku mendem kecubung, wong pinggir lepen niku wonten sing kathah taneman kecubung sing kembange putih, mendemi sanget niku, mila mboten wonten sing wantun mrika, lha kok Lik Pur saged wonten mriku, adate lak sabane wonten pasar, napa niku wau digondhol dhemit...,”
Kusno lemes, dheweke ngrasa luput, mau bengi Purwati diuman-uman, pokoe kudu bisa nemokke akike, yen ora temu kon golek watune sing padha persis, ora preduli neng endi nggone, arep neng pinggir kali, tengah alas, neng endi wae dheweke ora preduli. Saiki dheweke ngrasa keduwung, merga saka mendeme marang akik kecubung, bojone dadi mendem kecubung. Dhuh...
***

*Impian Nopitasari. Sutresna sastra Jawa, dedunung ing Solo.

Impian Nopitasari
Sawerna tulisane wus kapacak ing medhia lokal lan nasional. Tulisan abasa Jawane wus kapacak ing majalah Panjebar Semangat, Jaya Baya, Djaka Lodang, rubrik Jagad Jawa Solopos, rubrik Mekarsari Kedaulatan Rakyat, majalah Jemparing, majalah Garis Bawah, majalah Utusan, majalah Swaratama lan maneka warna antologi. Cerkak-e Balone Sutejo dadi juara 1 Lomba Nulis cerita Cekak Dinas Kebudayaan Surakarta 2017, cerkak-e Bakpao Meilin kasil dadi Juara Harapan 1 Lomba Nulis Cerita Cekak Yayasan Karmel Keuskupan Malang 2018 lan cerkak-e Sang Waranggana Tayub kepilih dadi 5 Pemenang 5 Besar Sayembara Menulis Cerita Cekak Sanggar Sastra Triwida 2020. Buku kang wus kababar yaiku kumpulan cerita cekakKembang Pasren, kababar September 2017 dening Penerbit Garudhawaca, Yogyakarta lan wacan bocah Si Jlitheng: Dongeng Bocah Abasa Jawa kababar dening Penerbit Babon, Boyolali. Asli Wirosari, Grobogan lan nunut golek upa ing Surakarta. Bisa sesambungan lumantar emai lpitanopi@gmail.com utawa instagram lan twitter @dreamy091_

The post CERKAK: Mendem Kecubung appeared first on Solopos.com.

Kumpulan Geguritan Yohanes Siyamta

$
0
0

Duk ing Uni

duk ing uni

alam lan saisining bumi

subur makmur gemah ripah loh jinawi

 

lemah subur

mesthi thukul apa wae sing ditantur

nyebar wiji mesthi dadi lan sempulur

diopeni kanthi penuh rasa syukur

ngupakara sakeh ama dimen kabur

panen derep lumbung penuh tandha makmur

 

mangsa labuh mareng rendheng isih temata

among tani dagang layar misaya mina

nambut karya emut mring pranata mangsa

 

olah lemah ngupakara tegal sawah

tani utun panenane turah-turah

gemah ripah sandhang  pangan sarwa murah

ati bungah muji syukur marang Allah

 

Bedog, 15 Februari 2020

 

Jaman Saiki

kahanan alam jaman saiki

beda karo duk ing uni

gemah ripah loh jinawi

mung dadi ucap lan uni

 

trekahe wong ora dunung

tumindak digang adigung

njarah rayah alam sawegung

mbabat alas ngrusak gunung

 

ngrampok jagad saisine

ngrusak alam sageleme

mung mburu butuhe dhewe

datan ngetung akibate

 

pawadan modernisasi

mbangun pabrik ngolah produksi

ngrusak alam nyebar polusi

 

merga pokaling manungsa

panas rendheng ora cetha

petungan pranata mangsa

owah rusak tan temata

 

kahanan sangsaya sangar

nandur gagal panen cabar

lemah subur dadi cengkar

 

Bedog, 15 Februari 2020

 

Kareben Lestari

yen kahanan alam mangkene

njur kepriye tembe mburine?

apa sing bakal dakwariske?

marang anak putune dhewe

 

aku kowe kudu emut

mumpung durung kebacut

ayo dha cancut gunregut

tandang gawe kanthi sengkut

 

mumpung durung kebanjur

ngolah lemah dimen subur

disregep padha nenandur

bareng nggayuh adil makmur

 

alas sing gundhul dhek wingi

ayo gek ndang ditanduri

kareben alam lestari

gemah ripah loh jinawi

Bedog,  15 Februari 2020

 

Dadya Pepeling Wigati

pepeling prahara Turi……….

 

tandha alam pranata mangsa

tansah bisa disurasa

mangsa rendheng lan ketiga

etungane wis cetha

 

sasi iki mangsa rendheng

geneya kowe kapiadreng?

rikalane mendhung peteng

meksa karep mburu seneng

 

geneya jemuwah wingi

tanggal selikur Februari?

murid-murid kodhawuhi

gladhi jurit nyemplung kali

 

dumadakan banyu teka

nempuh nerjang para siswa

ana sing nandhang cintaka

ana uga kang pralaya

 

ayo bareng munjuk donga

sing lara antuk usada

sing tiwas antuk ngapura

ginanjar mulya ing swarga

 

muga kadadeyan iki

dadya pepeling wigati

gladhi latih olah dhiri

dipenggalih kang permati

 

Turi, 21 Februari 2020

 

Ilang Istimewane!!!

bok menawa pengaruh zamane

kuthaku owah kahanane

beda biyen lan saikine

geseh slogan lan semboyane

 

Yogyakarta Berhati Nyaman

Bersih Sehat Asri lan Nyaman

dinayan ombyaking zaman

saiki njur ora nyaman

 

seporter ora sportif

tindak tanduke negatif

omong kasar seneng misuh

timindak nasar gawe rusuh

 

saya prihatin lan sedhih

pelajar dha dhemen klithih

nyerang tanpa welas asih

tumindak tan dipenggalih

 

yen tetep kaya mangkene

ora enggal dirampungke

datan nyaman kahanane

lan ilang istimewane!!!

 

Babarsari, 24 Februari 2020

 

 

*Yohanes Siyamta

Pandhemen Sastra Jawa, mapan ing Ngayogjakarta

 

The post Kumpulan Geguritan Yohanes Siyamta appeared first on Solopos.com.

CERKAK: Tiba Kebrukan Andha

$
0
0

Wis telung sasi Lek Madi rina wengi ngathang-athang neng dhuwur amben, kawit bar tiba kebrukan andha, nalika arep nyulami kentheng omahe sing pecah dijag-jag kucing sing lagi nguber-uber tikus.
Sajake Lek Madi pancen lagi apes. Wis trep karo unen-unen: tiba kebrukan andha, pancen lara banget. Sakojur awake kadya wis ora duwe otot maneh. Uga ora duwe daya maneh. Lemes mes. Ora bisa obah. Mangan, ngombe, nguyoh, ngising, ngenggon. Ora tau adus babar blas. Saben esuk sore mung disibini karo banyu anget. Untunge tangga teparo padha gentenan gelem menehi pempes saenggo Lek Gimah ora repot-repot ngumbah suwale Lek Madi sing glepotan tai.
Sadurunge tiba kebrukan andha, Lek Madi tukar padu karo Lek Gimah. Perkarane mung sepele. Lek Madi kelangan dhuwit seket ewu sing didokok njero sak suwal kolor sing dikumbah dening Lek Gimah. Dhuwit kuwi olehe utang. Kamangka Lek Gimah wis kandha yen sajroning sak suwal kolor sing dikumbah kuwi ora ana dhuwit ko setengik bebasane, apa maneh seket ewu.
Nanging Lek Madi tetep ndakwa Lek Gimah sing njupuk dhuwit kuwi. “Ora ana wong liya maneh neng omah kene! Dadi sapa maneh sing njupuk dhuwitku, nek ora kowe?!” Lek Madi mbengok.
Lek Gimah ora trima didakwa njupuk dhuwit kuwi sing tegese dianggep padha karo nyolong atawa ngutil. Atine Lek Gimah kelara-lara. Banjur Lek Gimah nantang sumpah-sumpahan karo ngombe banyu segelas wong loro.
Sadurunge ngombe banyu segelas wong loro, Lek Gimah supata: “Nek aku pancen njupuk dhuwite bojoku Madi sing ana sajroning sak suwal kolor, aku bakal kuwalat, uripku apes. Nanging jalaran aku ora njupuk dhuwit kuwi, mangka bojoku Madi sing bakal kuwalat, apes uripe.”
Bar kuwi, genten Lek Madi sing supata: “Nek bojoku Gimah pancen njupuk dhuwit seket ewu sing ana sajroning sak suwal kolor, bakal kuwalat, apes uripe. Nanging yen bojoku Gimah ora njupuk dhuwit seket ewu kuwi, aku sing bakal kuwalat, apes uripku.”
Sakbare supata, Lek Gimah lan Lek Madi banjur ngombe banyu segelas. Paronan. Gentenan. Nganti ora ana sisa senajan mung setetes. Let telung dina, jebul Lek Madi tiba kebrukan andha. Tegese, Lek Madi apes, jalaran Lek Gimah ora njupuk dhuwit seket ewu sing ana sajroning sak suwal kolor kuwi.
Tangga teparo padha maido Lek Madi.
“Wong lanang kelangan dhuwit neng ngomahe dhewe, jan-jane ora usah nudhuh sing wedok karo neson. Bebasane sing wedok sing pancen njupuk dhuwite, ya tetepa aja dinesoni, jalaran dhuwit kuwi mesti kanggo blanja keperluan kaluwargane dhewe. Nek wis apes, njur getun, ya ora ana gunane.”
“Lha ya, gara-gara dhuwit seket ewu ilang, kok ya tegel-tegele tukar padu, terus sumpah-sumpahan nganggo banyu. Kamangka banyu kuwi nek digawe sumpah-sumpahan bisa cilaka salah sijine utawa cilaka kabeh. Muga-muga Lek Gimah ora katut cilaka, ora melu apes. Mesakke nek Lek Gimah cilaka, mengko sapa sing ngrumati Lek Madi?”
“Pancen ana-ana bae cobane urip bebojoan nek lagi kecingkrangan. Lek Madi wis arang-arang menyang sawahe kawit sesasi kepungkur jalaran ora ana udan babar blas. Sawahe bero, ora bisa ditanduri apa-apa maneh. Ngenteni udan tiba lagi bisa ditanduri. Kamangka gabah lan beras wis entek kabeh. Lha duwe dhuwit kari seket ewu olehe utang sing ana sak suwal kolor malah ilang, ya pantes njur muring-muring nudhuh Lek Gimah, jalaran Lek Gimah sing pancen ngumbah suwal kolor kuwi. Nanging nek Lek Gimah wis kandha ora njupuk dhuwit kuwi, malah ora weruh nek ana dhuwit neng sak suwal kolor kuwi, ya jane wis bar, ora usah sumpah-sumpahan sing mbebayani.”
“Lek Madi jane ora usah neson. Menawa dhuwite digondhol tikus. Saiki usum tikus akeh, jalaran tikus sawah padha kaliren, terus padha nyerbu kampung kene.”
“Ya, pancen ora mokal nek tikus sing nggondhol dhuwit sing ana sak suwal kolor kuwi, sadurunge dikumbah.”
“Tikus pancen kurang ajar.”
“Lho, kok malah tikus sing disalahke? Ojo-ojo dhuwit sing dianggep ilang kuwi wis ditukokno nomer togel online sing saiki meneng-meneng didol liwat sms? Nanging nomere togel mleset.”
“Lek Madi ora tau tuku nomer togel. Nek ngomong ora usah ngayawara.”
“Wis, ora usah dicatur dhawa-dhawa. Nasib apes sing dialami Lek Madi aja nganti nimbal marang wong liya. Wis tiba saka andha malah kebrukan andhane sisan, pancen lara banget.”
Senajan nyatur sing isine maido Lek Madi, tangga teparo tetepa gelem padha mara tilik lan menehi amplop isine dhuwit kaya adate tilik wong lara. Kabeh tangga padha mbrebes mili nalika nyawang Lek Madi sing ngathang-ngathang neng amben. Ora bisa obah babar blas. Bisane mung nggremeng ora patiya cetha apa sing dikarepake.
Lek Gimah katon sedhih. “Nek Lek Madi duwe salah karo tangga kabeh, ya aku sing njalukno ngapura. Pancen kaya ngene, wis piye maneh. Ora bisa obah. Ngomong bae ya ora cetha. Bisane mung nggremeng. Aku dhewe ora mudheng apa sing dikarepake.”
“Sing sabar, Lek Gimah. Gusti nek paring coba mesti karepe apik. Gusti maha welas asih. Gusti ora sare,” kandhane sawijine tangga sing pancen senengane paring pitutur sing trep karo agama.
Lek Madi dumadakan kejet-kejet. Mripate mendelik. Napase megap-megap.
Lek Gimah nangis ngguguk karo ngelus-elus bathuke Lek Madi. Banjur mbengok: “Nyebut asmane Gusti! Nyuwun nyapura! Nek aku duwe salah, ngapuranen ya! Kabeh salahmu marang aku wis dak ngapura! Elinga! Elinga!”
Tangga teparo sing ngebaki kamar padha mbrebes mili nyawang Lek Madi sing sajak wis sekarat. Saupama Lek Madi ketrucut mati, riwayate bakal cuthel, jalaran durung duwe anak. Wis limalas taun bebojoan karo Lek Madi, Lek Gimah tau meteng pisan nanging keluron. Bayine ireng katon gosong. Jare wong-wong mbiyen, bayine dipangan grahana.
Embuh bener embuh kleru, kawit mbiyen pancen ana sing ngarani bayi dipangan grahana yen nalika lair awake ireng katon gosong. Mulane saben ana grahana, kabeh wong meteng kudu gelem ngawoni wetenge. Tegese wetenge diusap-usapi karo awu supaya bayine ora dipangan grahana. Ngono kuwi pancen wis kebacut diugemi dening saperangan warga, senajan miturut agama lan ngelmu kedhokteran klebu klenik sing ora prelu diugemi maneh.
Lek Gimah dumadakan semaput. Ambruk ngrungkebi dhadhane Lek Madi. Let setengah menitan, nalika Lek Gimah dibopong metu saka kamar, Lek Madi wis ora ambegan maneh.
Tangga teparo padha kaget. Jebul Lek Gimah uga wis ora ambegan maneh nalika dibopong metu saka kamar, banjur diselehake neng dhuwur lincak sing ana neng jaga satru.
Wis tiba malah kebrukan andha, nalika sekarat malah kebrukan sing wedok. Banjur nyawane sing wedok melu ketrucut. Pancen apes banget pungkasane uripe Lek Madi lan Lek Gimah, gara-gara padha neson nganti sumpah-sumpahan sawise kelangan dhuwit.
Ora ana sing ngreti, dhuwit sing ilang kuwi jebul pancen digondhol kucing jalaran mambu gereh. Lek Madi tau ngrogoh sak sing isine dhuwit kuwi nalika bar mangan muluk karo tangan, lawuhane gereh, tur durung wijik karo sabun.
Dhuwit sing mambu gereh kuwi banjur dipangan kucing sing wetenge ngelih. Senajan ngono, ora pantes babar blas yen kucing utawa gereh sing disalahke.
“Urip lan mati wis ana pestine. Bebasane dalan pati ana sewu. Dalan urip semono uga. Manungsa mesti duwe luput lan kleru. Mula sing urip kudu gelem paring ngapura marang sing mati. Yen sing mati isih duwe utang, kamangka ora duwe waris, sing urip kudune sedekah karo dhuwit sing diutang,” ature Pak Modin sing mimpin acara mulasara mayit.
Sawise mayite Lek Madi lan mayite Lek Gimah dikubur jejer ana ing taman pusaran umum, Pak Modin banjur mimpin donga jungkur gunung ing omahe suwargi sarimbit. Kabeh tangga teparo padha lungguh kupeng melu nyadhong dedonga.
Donga jungkur gunung minangka tradhisi sing tegese njaluk pangapura kabeh dosane sing lagi tinggal donya. Yen dosane sing wis mati kadya gunung, bisa jugrug sanalika. Supaya tansah jembar lan padhang kubure. Tansah pinaringan kanugrahan ing ngalam kelanggengan.
“Merga Lek Madi lan Lek Gimah ora duwe anak, uga ora duwe dulur sing bisa nampa warisane, piye yen omah petilasane iki lan sawah tinggalane kanggo kepentingan masyarakat kene?” ature Pak Modin minangka sesepuh kampung sing mimpin rembugan sawise acara donga jungkur gunung rampung.
Kabeh tangga teparo padha sarujuk. Ing kampung kono pancen durung ana panggonan kanggo macem-macem kepentingan. Kaya dene panggonan kanggo acara rembugan warga. Kanggo acara temon ibu-ibu PKK. Kanggo bocah-bocah sing padha sinau bareng-bareng. Kanggo gladhen pencak silat, main gamelan, macapatan lan acara liya-liyane sing migunani.
Sing padha isih urip ora ana sing mangerteni yen ing ngalam kubure Lek Madi karo Lek Gimah tansah bebarengan kadya manten anyar. Praupane katon sumringah. Tansah bungah. Ora tau susah. Kabeh mau jalaran omah petilasane lan sawah tinggalane dadi panggonan sing migunani kanggone bebrayan. Ing ngalam kubur, Lek Madi karo Lek Gimah kadya wis mlebu suwarga kang sarwa endah.
“Aku kok dumadakan pengin momong bayi lanang.” Lek Gimah matur karo teturon ing pangkone Lek Madi sing lagi lungguh neng dhuwur bangku kencana. Lek Madi kadya raja. Panganggone sarwa gemebyar. Ambune wangi kadya kembang setaman.
Dumadakan Lek Gimah wis mangku bayi lanang sing umure selapanan. Lek Gimah kaget lan gumun nganti njenggirat tangi. Banjur ngepuk-puk pipine Lek Madi sing isih turu ngorok. Lek Madi uga banjur njenggirat tangi.
Wis setengah jam Lek Madi karo Lek Gimah keturon neng klasa sangarepe tv nalika bar ndelok sinetron sing judhule “Cahya Ilahi”. Crita sinetron kuwi padha karo impen sing bar kelakon nalika keturon mau.
“Keturon sediluk malah ngimpi,” kandhane Lek Madi karo nyawang tv sing lagi mbeber kabar pageblug sing jare wis mateni mayuta-yuta warga salumahing jagad.
“Ngimpi apa mau?” pitakone Lek Gimah karo nyuwot pipine Lek Madi.
“Ngimpi elek, nanging pungkasane apik,” semaure Lek Madi karo ngelus-elus wetenge Lek Gimah.
“Piye critane?” Lek Gimah takon maneh. “Aja-aja impenmu padha karo impenku?”
Lek Madi unjal ambegan. “Impenku mau, aku tiba kebrukan andha. Banjur aku mati, nanging langsung mlebu suwarga dadi manten maneh karo kowe.”
Lek Gimah mesem ngguyu karo ngithik-ithik wetenge Lek Madi. “Heleh, senengane ngarang...” ***

Griya Pena Kudus, 2020

Maria M Bhoernomo
Lair lan mapan ing Kudus.
Seratanipun mawi basa Indonesia lan Jawa
sampun kapacak wonten saperangan media.

The post CERKAK: Tiba Kebrukan Andha appeared first on Solopos.com.

Dongeng Ngraketake Kluwarga

$
0
0

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (21/2/2019) menika kapacak bab dongeng lan kluwarga.

Solopos.com, SOLO -- Kepala KB/TK MTA Jebres Solo SitiJuwariyah kerep maca dongeng sakdurunge anak-anake turu. Irah-irahan sing diwaca werna-werna, wiwit fiksi dhaerah nganti jinis carita saka nagara manca.

Mbiyen dheweke nepangake dongeng marang anake kanthi cara lawas yaiku mung maca carita sing ana ing buku. Saiki dheweke nduweni cara liya kanggo narik kawigatene bocah-bocah. Yaiku maca dongeng kanthi mawa piranti utawa paraga kayata boneka. “Ya bocah-bocah pancen luwih seneng yen didongengi mawa paraga,” kandhane.

Siti sarujuk yen ana sing ngomong dene dongeng iku bisa dadi sarana ngajari bocah-bocah bab kabecikan lan cara supaya wong tuwa cedhak marang anak-anake. Buktine dheweke pancen luwih cedhak marang anak-anake.

Jalaran didongengi anak-anake uga luwih seneng ngudarasa karo wong tuwane. Ora mung dolanan handphone (HP) kaya nom-noman jaman saiki. Anake sing saiki umur 21 taun apa-apa mesti crita marang Siti. Kamangka dheweke anak lanang.

“Ya bisa wae kui jalaran mbiyen aku cedhak karo anakku amarga kerep didongengi,” kandhane.

Anggota saka Istana Dongeng Nusantara iki banjur nerusa keceritane. Yen ana sing pengin dikandhakke marang anake, dheweke biasane ngandharake mawa dongeng. Contone jaman mbiyen nalika anake ora mudheng ulangan Biologi, Siti, banjur ngajari anake kanthi cara ndongeng.

Dheweke nggawe piranti sing gampang dingerteni anake. “Dadi, ya pancen bener dene dongeng iku bisa kanggo sarana werna-werna,” kandhane.

Wiwit saka kuwi, Siti banjur nggawe aturan wajib ndongeng sakdurunge Kegiatan Belajar Mengajar (KBM) diwiwiti ing sekolahane. Dheweke uga kerep ndongengi bocah-bocah nalik aana kelas sing kosong amarga gurune ijin.

Pendongeng saka Solo, Rahmadi, tau digawe mbrebes mili jalaran ana bocah-bocah sing ngrangkul wong tuwane amarga dongeng. Nalika iku bocah-bocah lagi didongengi carita sing mbabar bab kwajiban bekti marang wong tuwa.

Rahmadi sinau dongeng saka tutorial video, buku, lan ajar ing pepanthan utawa komunitas. Dheweke asring pentas ing taman siswa, sekolah, TPA, lan pakempalan liyane. Miturut dheweke dadi pendongeng iku nyenengake. Mupangate ora mung kanggo bocah-bocah sing ndeleng lan ngrungokake,  nanging uga marang dheweke.

The post Dongeng Ngraketake Kluwarga appeared first on Solopos.com.

Ayo Sinau Aksara Jawa

$
0
0

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (28/2/2019) menika kapacak bab aksara Jawa.

Solopos.com, SOLO -- Sinau kabudayan Jawa rasane durung pepak yen ora mbabar babagan aksara Jawa. Salah sawijining aksara tradisi Nuswantara sing digunakake para leluhur nalika ngripta serat kuna. Ora mung basa Jawa, basa dhaerah liyane kayata Sunda lan Sasak uga nggunakake aksara Jawa.

Mula bukane aksara Jawa kerep digandhengke karo crita Ajisaka, mitos tutur tinular awujud perang tandinge abdi dalem Ajisaka, Dora, lan Sembada. Loro-lorone padudon nganti tiwas, sampyuh, gara-gara salah pangerten marang dhawuhe Ajisaka. Minangka pangeling-eling, Ajisaka banjur ngripta aksara Jawa nglegena cacah rong puluh wiwit saka Ha nganti Nga.

Kaya ngene iki urutane aksara Jawa: Ha Na Ca Ra Ka (ana caraka – utusan), Da Ta Sa Wa La (padha suwala, padudon pancakara), Pa Dha Ja Ya Nya (padha dene digdayane), lan Ma Ga Ba Tha Nga (wasana padha dadi bathang).

Guru Basa Indonesia sing uga ngajari Basa Jawa ing SD Muhammadiyah Program Khusus (PK) Solo, Nikmah Hidayati, Selasa (26/2/2019), kerep nyritakake dongeng Ajisaka marang murid-muride sakdurunge nulis aksara Jawa.

Kanthi ancas bocah-bocah luwih gampang anggone sinau aksara Jawa. “Yen ngerti ceritane kan bocah-bocah ya luwih seneng sinau. Buktine ya ngono tenan. Carita Ajisaka bisa narik kawigatene bocah-bocah marang aksara Jawa,” kandhane.

Nikmah ngandharake dene ngajari aksara Jawa marang bocah SD iku angel-angel gampang. Dheweke biasane ngetrepake cara mligi amrih bocah-bocah gampang apal. Sakliyane mawa carita, ana istilah nulis di atas awan.

Bocah-bocah dikon ngapalke banjur mbayangke nulis sambi merem. “Cara kuwi ya lumayan efektif kanggone bocah-bocah. Dadi gampang nulis aksara Jawa,” kandhane.

Miturut kurikulum sing ditetepake dening pamarentah, murid-murid SD mung prelu diwenehi ngerti aksara cacah 20 jangkep sandhangan lan pasangane.

Sakwise iku ajaran aksara Jawa diterusake ing Sekolah Menengah Pertama (SMP) lan Sekolah Menengah Atas (SMA). Yen wis mlebu SMP utawa SMA bocah-bocah sithik-sithik dijak mbabar perangan serat kuna sing wis kawentar kayata Wedhatama lan sakpiturute.

Sakwise SMA, sinau aksara Jawa ya mung miturut karepe dhewe-dhewe. Bisa melu pepanthan sing ngleluri Basa Jawa, sinau dhewe ing perpustakaan keraton, lan sakpiturute.

Dosen Program Studi Basa Jawa Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan (FKIP) Universitas Sebelas Maret (UNS) Solo, Rahmat, Selasa, ngandharake menawa nom-noman sing seneng sinau aksara Jawa ora pati akeh. Mahasiswa Jawa wae ora nganti separoh sing gelem tenanan anggone sinau naskah.

Ing Prodi Basa Jawa FKIP UNS, kandhane Rahmat, bab aksara Jawa dibabar sak mata kuliah. Biasane mahasiswa didhawuhi maca naskah, ora prelu ajar apalan aksara kaya bocah sekolah.

Dene yen bab nulis, mahasiswa biasane ditugasi nulis meneh serat kuna, utawa mutrani naskah.

“Kamangka yen mulang ing sekolah, paling ya mung maca teks aksara Jawa. Nanging kadang mahasiswa kudu ngerti sing jenenge serat Jawa, penere sing kaya ngapa. Kanggo sangu sapa ngerti mengko yen wis lulus ora mung dadi guru, nanging kerja ing kantor arsip naskah, perpustakaan, lan sakpiturute,” kandhane.

Rahmat ngandharake ing jaman saiki wasis aksara Jawa iku perlu banget. Ora mung kanggo guru utawa panaliten. Wis akeh sing nggunakake aksara Jawa minangka brandhing kutha.

Ing Kutha Solo contone, akeh instansi pamarentah lan non-pamarentah sing migunakake aksara Jawa minangka papan jeneng kantore. Sakliyane iku akeh kaluwarga Jawa utawa Tionghoa sing kerep nganggo aksara Jawa kanggo tenger kuburan kulawargane.

Pakaryan nggawe aksara iku kudu digarap dening wong sing ngerti temenan. Aja nganti dicekel wong sak-sake amarga bisa dadi salah.

The post Ayo Sinau Aksara Jawa appeared first on Solopos.com.


Kanoman Kangelan Nyinau Aksara Jawa

$
0
0

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (28/2/2019) menika kapacak bab basa Jawa.

Solopos.com, SOLO -- Para muda kerep dianggep ora seneng sinau Basa Jawa. Nanging saknyatane akeh nom-noman sing seneng ajar lan ngugemi kabudayan Jawa.

Contone, murid SD Muhammadiyah Program Khusus (PK) Solo, Arkanda Nendra, 10, lan Aji Muhammad Raihan, 10, contone. Sanadyan nembe ngerti aksara Jawa nalika mlebu SD, bocah loro kuwi langsung seneng marang Basa Jawa.

Nalika ngudarasa kalawan solopos.com, Selasa (26/2/2019), Arkanda ngandharake paling seneng yen diajak mbabar dongeng Basa Jawa. Dheweke langsung anteng banget ngrungokake apa sing dicritakake dening gurune ing ngarep kelas.

Semana uga yen diajari bab unggah ungguh lan aksara Jawa. Nganti tekan saiki pancen durung wasis, nanging dheweke seneng ajar Basa Jawa. Kayata ajar Basa Indonesia, Arab, lan Inggris.

Beda meneh karo Aji. Dheweke paling seneng yen diajari nembang Jawa. Ana sawetara tembang sing wis diapali dening putu dhalang lan anak pesinden iki. Kayata dangdanggula, gambuh, lan liyane.

Sakliyane iku, Aji uga seneng sinau bab aksara Jawa lan unggah-ungguh basa. Yen kangelan ing sekolahan, dheweke kerep njaluk tulung simbah lan ibune sing dianggep luwih pinter. “Seneng wae yen ngrungokake tembang. Aku paling seneng bab kuwi,” kandhane.

Semana uga, salah sawijining murid ing SMA Negeri 5 Solo, Cindy, seneng yen ndeleng materi Basa Jawa. Nanging embuh ngapa Basa Jawa iku rumangsane luwih angel ketimbang liyane.

Apameneh yen dikongkon nulis aksara Jawa. Cindy nganti judheg, wis sinau suwe ya kasile tetep wae ora kaya bab liyane kayata Basa Indonesia, utawa Basa Inggris.

Awit saka  iku para guru kudu ngajari bocah-bocah kanthi cara sing beda. Aja dipadakne kalawan mata pelajaran iyane. Jalaran Basa Jawa iku pancen rada rumit kanggone nom-noman.

Wiwit saka basa, wujud tulisan, lan liya-liyane. “Ya aku asline seneng Mbak. Tapi rada kangelan sinaune piye aksara Jawa,” kandhane Cindy.

Sawijining ibu kang asale saka Bandung sing suwe manggon ing Solo, Maya Hikmah, ya ngrasakke apa sing diomongke Cindy. Dheweke seneng ndeleng wong sing fasih budaya Jawa. Nanging angel yen pengin melu-melu sinau.

Sanadyan mengkono dheweke kerep ngakon anak-anake sregep sinau Basa Jawa. Maya nduwe panemu nom-noman kudu melu ngleluri Budaya Jawa.

“Ya anak-anakku tak kon sinau sing bener. Takon guru utawa wong liya sing luwih ngerti. Yen takon aku pancen aku ora ngerti amarga asline dudu wong Solo. Nanging aku sarujuk dene ngleluri budaya Jawa iku wigati banget,” kandhane. 

The post Kanoman Kangelan Nyinau Aksara Jawa appeared first on Solopos.com.

Geguritan Kidung Jawi

$
0
0

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (15/11/2018) menika kapacak geguritan anggitanipun Supriyoko, Guru ing SMPN 1 Parang, Magetan, Jatim.

Titip

Kae jejeran rupa abang putih ing emper omah
Kerlip lampu tengaran suka
Iki sasi ndhudhah crita lawas
Kang kudu kokbenem ing tuking getihmu
Bapak nyoba ndhukiri lemah poncotan
Najan sapincuk iku dadi leladi

Sawangen lan rungokna kojahe panas
Kang tumemplek ing gendheng omah iki
Swarane nembangake lemah wutahe getihmu
Kang kokdarbeni lan kokpundhi
Cecepen sesanti aji Bhinneka Tunggal Ika.

Kerlipe lampu sandhing umbul-umbul iki
Dadekne kuncara adi
Atimu nggegem bumi pertiwi
Manggungmu jiwaning jiwa tuhu mring nagri
Dudu granggang keris tombak lan glathi
Ilmu putih kanggo sesulih.

Elingen iki titipane bapak.

***

Balada Sulasmi Guru Sekolah Krempyeng

Sulasmi guru sekolah krempyeng
Sangu esem budhal mapag tekane srengenge
Gantilan SK capeg sasi wingi
Ngrangin ing rasa pindha pradangga mat-matan
Anak lanang tinggalan sing lanang
Dadi sapihan ing omah
“Le ibuk sekolah”

Sulasmi guru anyar
Ngentha bayar
Kanggo anak aja mung trima jajan pasar
Uga tebusan utang sing durung kebayar
Utang warisan sing lanang
Nalika ngathang-ngathang keterjang bandhang

Jejel riyel mudhun saka andhongan
Mlaku napaki dalan tumuju sekolahan
Yen ketiga kena kanggo tambah pupur murahan
Rendheng teka aluse dlamakan
Campuh karo derese udan

Iki sekolah krempyeng
Isi saka lumakune negara
Uga woting tresna
Katimin, Darkam, Sipah
Bocah-bocah pisah
Tininggal lunga menyang kutha
Saina anak tukang becak
Darmin anak buruh macul
Sruti make tukang pijet
Sulasmi mesem : Iki anak-anakku
Ocehe manuk lan klepere kupu
Ngisi senthong-senthong panjangka tuhu
Kanggomu thole lan gendhuk

Percayaa ngger abure panyawang aja nganti jonjing
Kaya dene thilang budhal esuk sore bali susuh
Dirubung anak-anake kang isih abang
Kanthi asih ngelus ngekep
Elinga dluwang iki isih putih memplak
Kaya dene abure dara putih mideri bumi
Rinengga aksara mawa sesotya
Kanggo mapag tekane mulya

Sekolah tegale sawah
Jejege kukus pawon isine daringan
Sugeng enjing bu guru
Ah swara iku dumeling
Kasan mboten mlebet bu
Tumut bapake mburuh macul
Sulasmi mesem
Lastri nggih mboten mlebet bu
Saniki tumut sing jaler

Sulasmi guru sekolah krempyeng
SK capeg salin pegawe negri
Ocehe manuk ing pang mburi kelas
Keprungu endah
Sekolah saya bawera

Sulasmi guru sekolah krempyeng
Ngindhit mbopong dluwang sertifikasi
Dipundhi pancen iku barang aji
Dluwang tinata peni
Karengga sekar sinengker ing ati

Nanging saiki
Dluwang kaya dene tapel wates ireng lan putih
Kanggo apa kuwi
Ora aji
Isih aji anak-anakku Parmin, Marni lan Tabri
Sing saiki dakruket keket
Dakwasuh ing Candradimuka
Awit sapa kang bakal nerusake lakune nagri
Ya anak-anakku

Sulasmi mulang ing sekolah krempyeng
Sepi kaya dene sepine ati
Awit pendhak Paing lan Pon
Kari loro Tugiyo lan Pranoto
Nalika ana sing takon

Mboten pindhah bu?
Kajenge angsal sertifikasi
Sulasmi guru sekolah krempyeng mung mesem

***

Kidung Jawi

“Guritmu jian ngrerujit ati tenan...
coba iki kedadeyan 20 taun kepungkur...
dakuber sakecekele ...”

Ujar kang dakrungu saka ocehe thilang nalika semendhe ing senthong mburi
Sapa ngira yen kembang sari sasi wingi bakal tumiyub ing tlapukan mripat
Ngangseg nyawiji ing ubenge bumi kepengin ngeyub ing peturone lintang
Ujarmu pindha laras pelog tetabuhan
Lerem ngisi werna ing dluwang putih asih

Unyere pandom caket mekroke kekembangan
Apa banjur kinekep lan kaaras
Uga ambruk ing pangkon
Nyuntak kapang kaya ambrole tanggul samodra
Nalika angin balik dalan koantu rembulan padhang tengah latar
Murih tresna ora simpangan dalan
Dhuh bumiku

Ati loro lara kerubung suwung mbumbung
Ing kene piye anggonku ngoyak ibere konang wanci dalu
Titip impen mung saderma nyempal lara
Uga kanggo nutup catu wingi sing kadhung godras kiris lungite tresna
Wengi tintrim tanpa lintang apa maneh rembulan

Nanging piye aku mung kisen sepahan tebu bogang
Uga wot gapuk turahan rayap
Kidung sepi bumi sanyari
Endi papan pangumbara jati
Pucuke randhu apa ing pange maoni
Apa nunut ing pucuk swiwine podhang

Ah
Kidung sepi bumi Jawi saya ndadi

***

Simbok Tukang Gendhong

Simbok lungguh ndheprok sandhing pleseran
Sangu slendhang sangu kekarepan
Anak turu ing pangkon
Adhuh simbok tukang gendhong

Srengenge durung inguk-inguk
Bun-bun wiwit ndhodhog kori
Pating klethog ing gegodhongan
Pasar sungapan dadine titah
Tegal sailat kanggo sugon pawon

Gendhongan lan momongan
Anak lanang tatu kudanan
Nglangut panyawang saba tekan sabrang
Kelingan jiwa raga kelaran
Ngger apuranen simbok
Yen saben dina kekancan panas udan
Kemulan bledug pasar

Mbok tulung iki
Menyat ngadeg simbok tukang gendhong nyicil esem
Geger tememplek bagor brambang
Anak tininggal lemek klaras
Bali nggendhong karengkuh anak lanang
Udan tumiba ngreceh
Anak lanang saya kenceng ing pangkon
Ewon loro kumel ing talenan slendhang
Rasane urip kebandhang

Gebyare lampu ratan walikane donya
Wengine sepi pasar bali sepi
Lungguh semendhe tembok pleseran
Kasempyok panandhang
Anak lanang kemulan jarik gendhong

***

The post Geguritan Kidung Jawi appeared first on Solopos.com.

Budaya Tradhisi Mbangun Budi Pakarti

$
0
0

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (22/11/2018) menika kapacak bab Budaya Tradisi.

Solopos.com, SOLO -- Kahanan jaman saiki gebyar tata lan laire pancen katon maju lan modheren. Apa wae sarwa gampang. Bisa dilakoni kanthi ngandelake teknologi. Nanging menawa kawawas babagan budaya, mligine budi pakarti, lan tatakrama, ing jaman saiki katon mundur. Kepara wis padha lali, malahan akeh sing nyingkur.

Bisa disurasa saka pawarta-pawarta sing kapacak ing media massa saiki. Akeh tindak culika wiwit saka korupsi, colong jupuk, nganti paten-pinaten. Sing marai ngelus dhadha, wong kang nerak paugeran iku ora mung wong tuwa, nanging bocah welasan taun sing kudune isih sinau ing papan sekolahan tegel nglakoni tumindak ala kasebut, saengga padha mlebu pakunjaran.

Dadi eling ramalan Kalatidha sing karipta dening pujangga pinunjul R.Ng. Ronggowarsito. Ramalan kang sinawung ing tembang Sinom iku unine: "Amenangi jaman edan, Ewuh aya ing pambudi, Melu ngedan nora tahan, Yen tan melu anglakoni, Boya kaduman melik, Kaliren wekasanipun, Ndilalah kersa Allah, Beja-bejane kang lali, Luwih beja kang eling lawan waspada."

Ramalan kasebut ngandharake menawa bakal ana jaman sing diarani jaman edan. Yen melu edan ora tahan, nanging yen ora melu nglakoni edan ora keduman. Nanging ndilalah kersane Allah, sakbeja-bejane wong sing lali, luwih beja sing eling lan waspada.

Sing bakale selamet ing jaman edan iki, miturut R.Ng. Ronggowarsito, ya wong sing eling lan waspada. Uripe diisi kanthi ngabekti marang babagan sing migunani lan perintahe Gusti Allah. Piye carane? Ya bali meneh marang piwulang budaya sing diwarisi wong-wong tuwa jaman mbiyen.

Gubernur Daerah Istimewa Yogyakarta, Sri Sultan Hamengkubuwono X nalika orasi budaya ing adicara ambal warsa Universitas Muhammadiyah Yogyakarta (UMY) ngandharake menawa pendhidhikan karakter kang dilirwakake ing sekolah dadi punjere masalah krisis moral ing jaman saiki.

Pendhidhikan sing ana ing sekolah saiki mung nut kurikulum, ora mawas kebutuhane murid-murid. Awit saka iku kudu ana gagasan anyar yaiku ndadekake budaya lokal minangka dhasar pendhidhikan.

“Budaya lokal iku ora mung diuri-uri, nanging uga kudu disinau. Amarga ngandhut piwulang luhur sing bisa ditrepake nut kalakone jaman,” pangandikane Sri Sultan. Isi orasi budaya iku katulis ing website resmi UMY.

Kayane pancen akeh sing sarujuk marang isi orasi budaya sing kababar dening Sri Sultan Hamengkubuwono X.

Budayawan Solo, Suprapto Suryodarmo, Rebo (21/11/2018), ngandharake kabudayan dadi pawitan sing paling utama kanggo mbangun bangsa lan nagara, mligine generasi mudha. Kabudayan iku wujude macem-macem, wiwit saka kesenian nganti piwulang luhur bab tata karma, basa, lan sakpiturute.

Wayang Kulit

Mbah Prapto ngandharake para kawula mudha nduweni kuwajiban nyinauni lan nguri-uri. Sinau piwulang sing ana ing kabudayan iku kanggo nguripi jiwa lan ragane dhewe. Dene nguri-uri dadi kuwajibane masarakat supaya kabudayan sing luhur iku ora nganti ilang katrajang jaman sing saya maju.

“Ora mung budaya Jawa, nanging uga kabeh kabudayan sing ana ing Nuswantara. Iku kabeh ngandhut piwulang sing becik kanggone masarakat. Mila penting banget nyinau budaya kuwi,” tuture.

Dene Ki Dhalang Manteb Soedarsono nalika ngisi adicara Hari Wayang Dunia ing Institut Seni Indonesia (ISI) ngandharake mosak masiking bangsa ing jaman saiki bisa dileremake kanthi seni budaya. Pagelaran wayang contone. Wayang bisa ngguyupake masarakat. Nalika ana pagelaran wayang, wong-wong padha nglumpuk dadi siji tanpa curiga. Padha ndeleng lan ngrungokake temenan carita sing dibabar dening dhalang.

“Yen nonton wayang ora mungkin gontok-gontokan. Kabeh fokus marang dhalang. Ceritane uga ngandhut bab kabecikan. Mula aku precaya banget yen budaya iku penting banget kanggo mbangun bangsa iki. Yen ora ana budaya, saiki njur arep nggawa piranti apa yen pengin nglumpukake wong-wong sing padha jothakan. Angel,” kandhane.

Ora mung ing Jawa, kabeh kabudayan sing ana ing Nuswantara nduweni tatanan wigati. Masarakat Minangkabau sing ana ing Sumatra Barat contone. Ing Minangkabau ana unen-unen Adat basandi syara’, syara’ basandi kitabullah.

Miturut jurnal sing katulis dening Darul Ilmi kanthi irah irahan Pendidikan Karakter Berbasis Nilai-Nilai Kearifan Lokal Melalui Ungkapan Bijak Minangkabau [2015], unen-unen iku dadi paugeran uripe wong Minangkabau bab bebrayan lan pendhidhikan. Maknane yaiku masarakat adat Minangkabau nduweni sifat Iman lan takwa, disiplin, toleransi, tanggung jawab marang apa sing dilakoni, demokratis, uga tepa slira.

Bab tepa slira iku uga ana ing unen unen khas Minangkabau, Kok Gadang jan malendo, Kok Panjang jan malindih, Cadiak jan manjua kawan, Gapuak jan mambuang lamak Lamak dek awak ka tuju dek urang. “Tegese unen-unen iku, wong urip kudu bisa srawung marang tangga lan nduwe tepa slira. Uga isih akeh unen-unen liyane sing ana ing Minangkabau,” kadhane Darul Ilmi sing ditulis ing jurnal kasebut.

The post Budaya Tradhisi Mbangun Budi Pakarti appeared first on Solopos.com.

Wayang lan Tembang Ngemu Tuntunan Urip

$
0
0

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (22/11/2018) menika kapacak bab Wayang lan Tembang.

Solopos.com, SOLO -- Budaya Jawa wis ngandhut piwulang luhur. Wiwit saka adat istiada, nganti seni pergelarane. Tuladhane seni wayang lan tembang sing ana ing Jawa. Dhalang Ki Manteb Soedarsono, nalika ngisi pengetan Hari Wayang Dunia (HWD) ing Institut Seni Indonesia (ISI) Solo, sawetara wektu kepungkur ngandharake menawa wayang ngandhut makna simbolis lan filosofis.

Ing jaman saiki pakeliran wayang ana gandheng cenenge karo adicara-adicara wigati kayata mantenan, utawa ritual. Saben adicara nduweni pakem lakon sing beda-beda. Yen ana adicara mertidesa mesti nanggap lakon Dewi Sri. Dene adicara liyane, lakone bakal beda meneh.

Wayang nggambarake laku jantraning manungsa sing diperang dadi patang kahanan yaiku Pathet Nem, Pathet Sanga, Pathet Manyura, lan Joged Golek. Ewondene, kagunan wayang kulit purwa sing paling umum yaiku tontonan lan tuntunan. Saben pakeliran padhet ngandhut tontonan kanggo hibur masarakat sarta wulangan lan wejangan sing ngemot babagan filsafat lan pendhidhikan.

Ki Manteb nduwe pengalaman nalika jaman reformasi 1998 mbiyen. Pas kuwi Kutha Solo obong-obongan gedhe. Kabeh wong padha spaneng, ana sing keweden nganti ora wani lunga saka ngomah. Ora nganti seminggu sakwise kobongan Solo, dheweke entuk tanggapan ing dhaerah Lapangan Kota Barat.

Sanadyan swasana isih durung lerem, pentase tetep ditonton wong akeh. Solo krasa ayem tentrem karana kabeh wong padha mlumpuk ndeleng wayang. Kesempatan iku banjur digunakake dening Ki Manteb. Dheweke sengaja mentasake lakon sing isine nglarang perang lan ngajak ngraketake paseduluran.

“Saka ceritaku kuwi wis nggenah banget wayang bisa dadi media kanggo ngraketake paseduluran. Mbangun karakter masarakat sing sakdurunge padha geger dadi luwih ayem lan seleh,” kandhane.

Tuladhane meneh yaiku tembang macapat. Ing budaya Jawa ana 11 tembang macapat kayata Gambuh, Durma, Megatruh, Pucung lan sapanunggalane. Saben tembang iku nggambarake lakune manungsa saka lair nganti mati. Gunane ya supaya manungsa eling lan waspada amarga urip iki ora mandep enom terus nanging kabeh bakale dadi tuwa lan ngadhep marang Sing Kuwasa.

Masarakat Jawa uga nduweni unggah-ungguh basa sing wigati. Unggah-ungguh basa iku kaperang saka basa ngoko, lan krama. Dene basa krama isih ana krama lugu lan krama alus. Saben basa tatanan sing tujuane kanggo ngurmati wong sing diajak omongan, mligine wong tuwa. 

The post Wayang lan Tembang Ngemu Tuntunan Urip appeared first on Solopos.com.

Budaya Jawa lan Jejibahan Njaga Alam

$
0
0

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (29/11/2018) menika kapacak bab Budaya Jawa.

Solopos.com, SOLO -- Masarakat Osing ing Desa Kemiren, Kecamatan Glagah, Kabupaten Banyuwangi, Jawa Timur, nduweni tradhisi sungkem ing Situs Buyut Cili. Situs Buyut Cili yaiku makam leluhur sing diprecaya duwe daya saengga kudu dijaga. Masarakat ing kana precaya menawa kabeh sing ana ing donya iku duweni ruh kaya manungsa, saengga ora kena diganggu. 

Sing dikarepake wit witan, sumbere banyu, lan sakliya-liyane ing kompleks Situs Buyut Cili iku diprecaya ana sing nunggu. Kapitayan iku wis ana wiwit jaman leluhur nganti tekan saiki. Yen ora kepengin diganggu para danyang sing nunggu wit-witan utawa sumbere banyu ing Buyut Cili, masyarakat aja tumindak sakarepe dhewe kayata guwang wuh lan negor wit-witan sakpenake. 

Bap kaprecayan iku ditulis dening mahasiswa Universitas Negeri Malang, Rohana Sufia, ing jurnal ilmiah kanthi judul Kearifan Lokal Dalam Melestarikan Hidup (Studi Kasus Masyarakat Adat Desa Kemiren) ing taun 2016. Kearifan lokal sing isih diugemi ing Desa Kemiren iku banjur digandhengake karo kasunyatan menawa dhaerah kasebut pancen katon luwih asri ketimbang dhaerah liyane.

Desa Kemiren dilewati kali agung cacah loro sing jenenge Kali Sobo lan Kali Gulung. Kali lan sumber banyu iku ora tau asat. Sabendinane banyu sing bening saka Kali Sobo lan Kali Gunung digunakkake kanggo ngoncori sawah-sawah. 

Nganti tekan saiki saben tanggal 2 Sawal diadani festival Kesenian Barong lan Tradisi Ider Bumi Desa Kemiren. Adicara tradhisi iku minangka wujud sukur uga tolak bala. Biasane bakal digelar kenduri sing isine ana tumpeng, pecel, iwak pitik, uga panganan khas Banyuwangi.

Sanadyan akeh sing ngarani kuwi kegiatan syirik, buktine festival kirim donga marang leluhur iku samsaya ngrembaka. Kapitayan iki ora amarga tahayul, nanging ngemu kekarepan kanggo njaga lan nglestarekake alam padesan. 

Kudu Dijaga

Pamerti Budaya Solo, Suprapto Suryodharmo, Selasa (27/11/2018), ngandharake menawa kearifan lokal sing kaya mengkono kudu tansah dijaga. Gunane supaya uripe manungsa lan alam dadi timbang. Amarga urip iki sejatine mung piye carane bisa nguripi kabeh sing ana ing Bumi.  

Ing desa-desa contone. Biyasane ana kaprecayan wit gedhe iku dianggep wingit utawa malati saengga ora entuk dirusak utawa ditegori. Malahan ana sing menehi sajen kanthi wujud panganan ing njero takir, menyan, lan kembang. Amarga dianggep wingit, banjur ora ana sing wani negor wit-witan kasebut.

“Kaya kuwi mau asline cara kanggo njaga alam. Leluhur jaman biyen pancen duweni cara sing beda kanggo ngajak masarakat jaga alam. Yen mung dikandhani lan dipenging mesti angel,” kandhane. 

Ora mung Banyuwangi, tradhisi sing kaya mengkana uga isih diugemi dening wong-wong Solo lan kiwa tengene. Kayata tradisi sadranan ing masarakat pereng Merapi. Saben nyadran, wong-wong ing dhaerah iku bakal nggawa panganan menyang kuburan. Ana adicara resik-resik banjur diterusake mangan lan donga bebarengan. Sakliyane iku uga ana adicara merti desa utawa resik-resik ndesa sing maksude ya ngresiki saindenge desa supaya ora katon reged. 

Ing sasi Sura uga asring ana tradhisi sedhekah bumi. Saben kulawarga menehi sesaji sega asahan kang isine sega gurih, krupuk abang, dele ireng, gereh pethek, tahu tempe, bregedel, lan sakpiturute minangka uba rampe sesaji. Ana wewaler kang ora kena diterak nalika nggawe sega asahan, yaiku ora kena ngicipi uba rampe kang lagi dimasak. Uba rampe iku biasane ana sing dilebokake wadhah takir banjur diselehake pepundhen. 

Ora mung adicara budaya, Mbah Prapto ngandharake menawa kesenian Jawa uga akeh sing ana gandheng rakete karo alam. Mula ana tari sing judhule Banyu Mili, Wedhi Kengser, lan sakpiturute. Ing pagelaran wayang uga mengkana. Ana gunungan sing biasane dadi pambukane pakeliran. Gunungan uga dadi simbol alam lan isine kang kudu dijaga lan dilestarekake. 

The post Budaya Jawa lan Jejibahan Njaga Alam appeared first on Solopos.com.

Tradhisi Jawa Ngemu Werdi

$
0
0

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (29/11/2018) menika kapacak bab Tradhisi Jawa.

Solopos.com, SOLO -- Maneka adicara tradhisi lan adat istiadat Jawa digelar para leluhur kanthi ancas kang becik. Menawa ditintingi kanthi premati tradhisi kang turun-temurun iku ngemu piwulang kabecikan. 

Dosen Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, FKIP Univet, Sukoharjo, Adi Deswijaya, nalika ditemoni solopos.com, Rebo (28/11/2018), ngandharake menawa budaya Jawa ora adoh karo simbol-simbol alam. Dheweke sarujuk menawa adat istiadat lan tradhisi Jawa uga nduweni mupangat jaga alam lan budaya sakiwa tengene.

Ing masarakat Jawa ana adicara merti desa minangka wujud sukur marang Gusti sing Maha Kuwasa. Adicara kasebut biyasane disengkuyung wong akeh saengga bisa kanggo ngraketake paseduluran. Sakliyane iku, merti desa uga duwe mupangat sing gedhe kanggo njaga lestarine alam. “Ing Pacitan malahan ana adicara resik-resik kali,” kandhane.

Tradhisi merti desa Ceprotan sing diadani saben Senin Kliwon ing Wulan Longkang utawa Selo iku biyasane narik kawigatene atusan wong ing saindhenge Pacitan. Kang dadi ancas tujuwane tradhisi iku ora liya ndedonga supaya masarakat adoh saka bebendu. Ceprotan digelar kanthi maneka warna rerangken adicara, wiwit saka reresik kali, nganti pentas Beksan Panji.

Simbol Alam

Adi nambahake, simbol alam sing ana ing tradisi Jawa iku maneka rupa. Contone gambaran watak manungsa miturut pawukon. Wong biyen uga kulina gandelake pranata mangsa nalika nandur pari, utawa nggolek iwak kanggone nelayan.

Simbol alam uga ana ing adicara nikahan Jawa. Wiwit saka pasang tratag lan tarub nganti resepsi. Tarub diwenehi janur lan blarak minangka pratandha yen sing nduwe omah arep mantu. Dene janur kuning sing melengkung dadi simbol pangajap marang Gusti supayane calon pengantin diwenehi kaberkahan. Sabanjure iku ana kembar mayang sing digawe saka reroncenan godong, kembang, lan woh-wohan.

Uga ana pasang tuwuhan utawa woh-wohan ing papan siraman, siraman nganggo tirta wening, nandur rambut para pengantin kanti maksud supaya adoh saka lir sambikala, lan sakpiturute. Nalika upacara panggih kulawarga nganten lanang bakal menehake gawan lan cikal marang bapa lan ibune nganten putri.

Miturut Adi, masarakat Jawa iku isih precaya marang mitos. Kayata mitos Nyi Roro Kidul sing jaman biyen digunakake kanggo meden-medeni Walanda nalika arep njajah Nuswantara. Ing jaman saiki mitos iku isih diprecaya kanthi teges njaga alam lan laut saka polah tingkahe manungsa sing sakkarepe dhewe.

The post Tradhisi Jawa Ngemu Werdi appeared first on Solopos.com.

Geguritan: Duk Ing Uni

$
0
0

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben Kemis. Ing babaran Kemis (29/11/2018) menika kapacak geguritan anggitanipun Yohanes Siyamta.

Duk Ing Uni

duk ing uni
alam lan saisining bumi
subur makmur gemah ripah loh jinawi

lemah subur
mesthi thukul apa wae sing ditandur
nyebar wiji mesthi dadi lan sempulur
diopeni kanthi kebak rasa syukur
ngupakara sakeh ama dimen kabur
panen derep lumbung kebak tandha makmur

mangsa labuh mareng rendheng isih temata
among tani dagang layar misaya mina
nambut karya ngenut mring pranata mangsa

olah lemah ngupakara tegal sawah
tani utun panenane turah-turah
gemah ripah sandhang pangan sarwa murah
ati bungah muji syukur marang Allah

Jaman Saiki

kahanan alam jaman saiki
beda karo duk ing uni
gemah ripah loh jinawi
mung dadi ucap lan uni

trekahe wong ora dunung
tumindak adigang adigung
njarah rayah alam sawegung
mbabat alas ngrusak gunung

ngrampok jagad saisine
ngrusak alam sageleme
mung mburu butuhe dhewe
datan ngetung akibate

pawadan modhernisasi
mbangun pabrik ngolah produksi
ngrusak alam nyebar polusi

merga pokaling manungsa
panas rendheng ora cetha
petungan pranata mangsa
owah rusak tan temata
kahanan sangsaya sangar
nandur gagal panen cabar
lemah subur dadi cengkar

Kareben Lestari

yen kahanan alam mangkene
njur kepriye tembe mburine?
apa sing bakal dakwarisake?
marang anak putune dhewe

aku kowe kudu emut
mumpung durung kebacut
ayo dha cancut gumregut
tandang gawe kanthi sengkut

mumpung durung kebanjur
ngolah lemah dimen subur
disregepi padha nenandur
bareng nggayuh adil makmur

alas sing gundhul dhek wingi
ayo gek ndang ditanduri
kareben alam lestari
gemah ripah loh jinawi

Sleman, Nopember 2018

The post Geguritan: Duk Ing Uni appeared first on Solopos.com.


Nguri-Uri Tradhisi ing Jaman Teknologi

$
0
0

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (06/12/2018) menika kapacak bab Nguri-Uri Tradhisi.

Solopos.com, SOLO --Jaman saya maju utawa lumrah disebut modheren, canggih. Apa wae sarwa gampang. Kabeh bisa diayahi kanthi ngandelake teknologi informasi. Babagan silaturahmi contone. Yen kepengin weruh kabare sedulur adoh ora kudu nunggu bakda. Sabendina ya bisa kirim kabar. Kari ngrekam video utawa foto banjur dikirimake liwat aplikasi Whatsapp utawa media sosial.

Kepengin ngerti kabare artis nagara manca ya mengkana, kari mbuka media sosial kita bisa mangerteni apa sing lagi kedadeyan. Teknologi canggih kaya ngono iku pranyata ya ana eleke. Awit apa-apa sarwa gampang, akeh kang banjur nggampangake.

Sapejagong ana ing sesrawungan kampung kanthi ketemu langsung karo tangga utawa kanca kaya-kaya wis ora wigati maneh. La piye, kabeh wis bisa diayahi nganggo smartphone. Nrajang tatanan Jawa sing njunjung gotong-royong, rerembungan kalawan tangga, lan tepa selira. Maknane urip sing kakandhut saka budaya Jawa uga melu luntur karana jaman sing saya maju iki.

Ora mung bab adat istiadat, majuning jaman uga ngowahi lakuning seni tradhisi. Yen wis mengkana, kita minangka wong Jawa kudu sarwa ngati-ati. Oleh melu lakuning jaman, nanging bab sing wigati saka kabudayan aja nganti dilalekake.

Pamerti budaya S.T. Wiyono nalika diwawancarai solopos.com, Selasa (4/12/2018), ngandharake antarane tradhisi lan teknologi loro-lorone kudu mlaku iringan. “Budaya tradhisi ya kudu ngrembaka nut jaman, dene budaya modheren ya kudu adhedhasar tradhisi,” kandhane.

Wiyono menehi conto seni tari utawa seni tradhisi ing jaman saiki. Akeh nom-noman ngripta seni tari modheren sing adhedhasar tradhisi. Modhel garapan tari kuwi biasane dijenengke kontemporer.

Nut Jaman

Akeh penari kontemporer sing wasis lan misuwur saka Solo. Kayata Eko Supriyanto utawa Eko Pece, Mugiyono, Otniel, lan sakpiturute. Ing babagan seni musik ya mengkana. Gamelan ditabuh bareng karo musik modheren utawa piranti tradhisi saka nagara liya.

Maestro gamelan, Rahayu Supanggah, malahan nggawe pentas gamelan sing aeng. Gamelan ditabuh karo Musik Orkestra kanggo ngiringi film bisu sing irah irahane Setan Jawa. Kabeh wong ngacungi jempol pentas kolaborasi musik lan film iku. Nganti diundang tekan ngendi-ngendi. Wiwit saka Solo, Jakarta, Ngayogyakarta, nganti nagara manca.

Wiyono ngandharake kabudayan iku malah kudu nut lakune jaman. Bisa ditrepake ing jaman apa wae. Yen ora mengkana, budaya tradhisi saya angslup. Ewandene, warisan kabudayan iku wujude werna-werna, ana piwulang, tari tradhisi, karawitan, kethoprak, wayang, lan sakpiturute.

Ana wong sing ndeleng kabudayan iku minangka pusaka sing kudu dijaga, ora kena diowah-owah. Nanging uga ana sing nganggep budaya tradhisi minangka paitan ekspresi seni ing jaman modheren.

Wong sing nganggep tradhisi minangka paitan kesenian modheren iku sing pener. Dheweke kupiya ngrembakaake budaya tradhisi supaya ora kelangan roh lan bisa ditampa dening masarakat ing jaman saiki.

“Dadi ngene, nguri-uri iku minangka cara supaya tradhisi tetep urip. Piye carane tradhisi tetep urip? Ya kudu digarap cara saiki utawa digawe sumrambyah nut jaman saiki. Yen ora ngono sapa sing bakale ngerti seni tradhisi,” kandhane.

The post Nguri-Uri Tradhisi ing Jaman Teknologi appeared first on Solopos.com.

Kanoman Duwe Cara Ngleluri Seni Tradhisi

$
0
0

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (6/12/2018) menika kapacak bab Seni Tradhisi.

Solopos.com, SOLO -- Tari anyar sing diripta dening nom-noman saka Banyumas, Otniel Tasman, kanthi irah-irahan No See He or It disenengi pandhemen kesenian saka nagara manca. Ing taun 2017, tari iku digelar nganti ping pindho ing Belgia. Pentase disengkuyung penari cacah lima nganti enem lanang lan wadon. Sandhangan pentase mung nganggo kain sarwa ireng.

Yen dideleng saklebetan ora ana sing nyana tari iku kajupuk saka Tari Lengger, nanging wose obahing tari Lengger isih ana. Nalika pentas ing Teater Arena Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT) sawetara wektu kepungkur, sing dadi tandha yen iku kajupuk saka tari tradhisi yaiku iringan musik rebab lan swara sindhen khas Banyumas.

Otniel wawan rembug karo solopos.com, Selasa (4/12/2018) mbengi, ngandharake tarian iku pancen ora murni kajupuk saka Lengger. Nanging tari iku adhedasar tari Lengger lan nut panemune penari Lengger senior ing Banyumas, Dariyah. Tari sing irah-irahane nganggo basa Inggris iku maksude mbabar babagan isu gender sing ana ing obahing tari Lengger.

Nalika dipentaske ing Belgia, Otniel ngandharake akeh sing takok babagan isu gender sing ana ing Lengger. Banjur dadi bab rembugan sing gayeng ing kana. “Kanggoku, saben tarian sing diripta iku wajib ngandhut telung prekara, yaiku entertainment [tontonan], idealisme, lan heritage [nguri-uri budaya],” kandhane.

Ora kaget yen beksan-beksan modheren sing diripta Otniel mesti ana gandheng rakete karo tari tradhisional. Sakdurunge iku, dheweke uga nggawe tari sing wujude kaya Lengger yaiku Lengger Laut. Tari Lengger Laut uga tau dipentaske ing nagara manca.

Otniel Tasman ngandharake ing jaman saiki pancen angel. Nom-noman kudu bisa nguri-uri kabudayan nganggo carane dhewe-dhewe. Sing penari ya kanthi cara ngripta tari anyar sing adhedhasar tradhisi, dene mudha mudhi ing bidhang liya ya kudu mengkana.

“Ya, piye carane maknani kesenian tradhisi dadi garapan saiki supaya bisa ditampa. Sing diconto bisa bab-bab wigati sing kakandhut, utawa ngrembakaake gerak tari tradhisi,” kandhane.

Kupiya ngleluri budaya tradhisi ing jaman modheren uga ditrepake ing pentas wayang lan kesenian liyane. Kayata pentas Wayang Kautaman lakon Sotya Gandhewa ing Gedung Teater Besar Institut Seni Indonesia (ISI) Solo, Jumat (6/10/2018). Ora kaya biasane, kelir wayang wong, utawa background-ne mung nganggo kain putih. Banjur disorot lampu-lampu lan migunakake teknologi multimedia sing digarap dening tim artistik saka Jakarta. 

The post Kanoman Duwe Cara Ngleluri Seni Tradhisi appeared first on Solopos.com.

Kongres Kebudayaan Indonesia 2018 Ngasilake Strategi Kabudayan

$
0
0

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (13/12/2018) menika kapacak bab Kongres Kebudayaan Indonesia (KKI) 2018.

Solopos.com, JAKARTA -- Dina pungkasan adicara Kongres Kebudayaan Indonesia (KKI) 2018 diisi pentas lan pawai budaya sing disengkuyung kurang luwih 3.400 pawongan saka 34 provinsi. Pawai kabudayan iku diwiwiti saka Gelora Bung Karno nganti Bunderan Tugu Pemuda nalika Car Free Day (CFD), Minggu (9/12/2018) esuk.

Pawai kanthi irah-irahan Pusaran Daya Nusantara Indonesia: Warna Indonesia, Daya Nusantara! Iku uga ngepyakake tari kolosal Mahakarya Nuswantara sing diripta dening Denny Malik lan Ronald Steven.

Menteri Pendidikan dan Kebudayaan, Muhadjir Effendy, mbuka adicara pawai kanthi cara nabuh alat musik saka Aceh, rapai pasee. Adicara kasebut uga ditekani dening Direktur Jenderal Kebudayaan Hilmar Farid lan para pejabat eselon II Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan.

KKI 2018 banjur ditutup Minggu wengi. Presiden Joko Widodo diaturi asile kongres awujud dokumen strategi kebudayaan dening wakil tim penyusun yaiku I Made Bandem lan Nungki Kusumastuti ing Gedung Kemendikbud, Jakarta Pusat.

Isi dokumen iku resolusi kabudayan sing disusun dening para sutresna budaya lan budayawan sak Nuswantara. Budayawan duweni pangajab dokumen iku bisa dadi dhasar kawicaksanan kanggo majuning kabudayan 20 taun kepungkur.

Sakbubare nampa dokumen, Presiden Jokowi meheni pangaji marang budayawan senior cacah papat yaiku Ismijono lan Hubertus Sadirin (anggota pemugaran Candi Borobudur ing taun 1973 nganti 1983), D. Zawawi Imron (penyair lan sastrawan), lan Putu Wijaya (sastrawan).

Muhadjir Effendy ngandharake KKI 2018 ditekani kurang luwih 7.000 pawongan saindhenge Nuswantara. Adicara iku diadani wiwit Rebo (5/12/2018) nganti Minggu (9/12/2018) kanti irah irahan Berkepribadian dalam Kebudayaan. Kasil saka kongres arupa dokumen strategi kebudayaan iku bisa kanggo adhedhasar program-program pamarentah 20 taun kang bakal kelakon.

“Kongres iki dadi pangajab kita budayawan lan pamerti budaya. Dokumen strategi kebudayaan sing diasilake saka kongres iku muga-muga bisa dadi dhasar kabudayan nasional nganti 20 taun kang bakal teka,” kandhane Muhadjir.

Taun iki ngepasi KKI kaping satus sing diadani dening Direktorat Jenderal Kebudayaan. Taun iki uga dadi taun kapisan adicara kongres sing disahke dening Undang-Undang No 5 Tahun 2019 bab Pemajuan Kebudayaan.

Miturut lapuran Direktur Jenderal Kebudayaan, Hilmar Farid, Minggu, proses ngrumusake strategi kabudayan iku ora gampang. Diskusi bab iku diadani kira-kira nganti 800 sesi saksuwene 10 wulan. Diwiwiti saka tataran kabupaten/kota, provinsi, nembe puncake ing kongres ing Jakarta utawa pusat.

Ana 33 forum prakongres sing wis diadani. Diskusine dirawuhi dening para sutresna budaya, pamerti budaya, uga nom-noman. Dene, Strategi Kebudayaan iku digarap adhedhasar rangkuman Pokok Pikiran Kebudayaan Daerah (PPKD) saka Nuswantara.

“Strategi kabudayan ora amung sumbang pamikirane para ahli utawa pemikir sing cemerlang nanging asil saka kelantipane pikir bebarengan. Iki ora diwiwiti saka jlentrehe makalah, nanging diimpun saka usulan lan masalah saka ngisor,” kandhane Hilmar.

The post Kongres Kebudayaan Indonesia 2018 Ngasilake Strategi Kabudayan appeared first on Solopos.com.

Nguri-Uri Budaya Guyup Rukun lan Tepa Slira

$
0
0

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (13/12/2018) menika kapacak bab Guyup Rukun.

Solopos.com, JAKARTA -- Presiden Joko Widodo nalika ngisi sambutan ing Kongres Kebudayaan Indonesia (KKI) 2018 ing Kompleks Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan, Jakarta, Minggu (9/12/2018), ngaturake panuwun marang para budayawan, seniman, lan kabeh sing nyengkuyung adicara kasebut.

Kabudayan diakoni minangka salah sawijining warisan luhur sing ngandhut carita sujarah lan nilai urip sing adiluhung. Presiden sarujuk karo para sutresna budaya sing rawuh ing adicara kasebut, kabudayan kudu diuri-uri.

Budaya Nuswantara sing maneka warna, penting kanggo ngadhepi lakuning jaman. Budaya sing dikarepake Jokowi ora mung wujud asline kabudayan kayata candhi, patung, serat kuna, lan kesenian.

Luwih saka kuwi, piwulang sing kakandhut ing maneka kabudayan iku sing bisa dadi pawitan gedhe ngadhepi tantangan jaman sing saya maju iku.

“Kita kudu gumregut nguri-nguri kabudayan. Dikuwatake, banjur dijaga supayasaya sumrambyah. Aku precaya, adhedhasar kabudayan nagara kita duweni cara-cara sing luwih agung lan luwes kanggo ngadhepi majuning jaman,” kandhane.

Presiden Jokowi banjur ngandharake menawa ana bab wigati sing kudu diugemi kabeh para sutresna budaya lan masarakat Indonesia. Yaiku ngetrepake budaya toleransi, tepa selira, guyup rukun marang sedulur sabangsa lan nagara.

Rasa tepa selira iku kudu nyawiji dadi paugeran dhasar masarakat ing bebrayan agung. Yen ora ana toleransi kabeh kaya-kaya dadi bubrah. Masarakat padha padudon, ora sarujuk sithik wae langsung ngelek-elek kancane. Ora mung ing bab bebrayan, yen wis mengkana, njomplange kahanan ekonomi lan sosial bakal saya katon.

“Kudu dielingake, kudu ngetrepake sing jenenge toleransi. Yen ora ana toleransi, padha gampang anggone ngelek-elek kancane, njomplange kahanan sosial lan ekonomi uga saya amba. Ing politik uga mengkana, ngupiya kabeh cara supayane menang ngadhepi tandhingane,” tuture Jokowi.

anadyan mengkana, Presiden Jokowi, uga ngandharake majuning jaman ora bisa diselaki. Mula saka kuwi, budaya dhaerah uga kudu fleksibel. Mbuka anane kolaborasi kalawan budaya manca. Contone kolaborasi pagelaran seni sing biyasane dilakoni dening para seniman. 

The post Nguri-Uri Budaya Guyup Rukun lan Tepa Slira appeared first on Solopos.com.

Strategi Kabudayan Kanggo Majuning Budaya

$
0
0

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (20/12/2018) menika kapacak bab Kongres Kebudayaan Indonesia.

Solopos.com, SOLO -- Adicara Kongres Kebudayaan Indonesia (KKI) 2018 wis purna kira-kira sepuluh dina kepungkur. Taun iki ngepasi KKI kaping-100 sing diadani dening Direktorat Jenderal Kebudayaan, Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Indonesia.

Ing taun iki kongres uga luwih legal amarga wis disahke dening Undang-Undang No 5 Tahun 2019 bab Pemajuan Kebudayaan.

Asil KKI 2018 iku dokumen strategi kebudayaan sing isine resolusi utawa pangajabe para sutresna budaya lan budayawan saindhenge Nuswantara. Miturut rilis kang katulis dening Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan isine resolusi strategi kabudayan iku diperang dadi patang bab.

Bab kapisan yaiku kupiya gawe kabudayan saya sumrambyah supaya nguwatake kalungguhane Bangsa Indonesia ing pepanthan Internasional. Carane yaiku nyumadyakake sarana kemajuwaning kabudayan kanggo promosi Indonesia ing pepanthan internasional. Banjur luwih semangat anggone nggandheng negara liya kanthi tujuwan nguwatake kabudayane dhewe.

Bab kaping pindho yaiku mupangatake kabudayan kanggo nyejahteraake masarakat. Cara kanggo mujudke pangajab kasebut yaiku netepake kabudayan minangka investasi. Nguri-uri kabudayan, mligine sing ana gandheng cenenge karo seni tradisi. Sing pungkasan yaiku nguripi wisata budaya sing adhedhasar cagar budaya.

Bab kaping telu yaiku reformasi kelembagaan lan anggaran dana kabudayan. Cara kanggo mujudake bab kasebut, yaiku nyelarasake aturan ing pamarentah pusat lan dhaerah kanggo majuning kabudayan banjur migunakake anggaran kabudayaan kanthi bener lan pener.

Bab kaping papat yaiku pamarentah pusat minangka kang ngesuhi majuning kabudayan kudu luwih greget anggone mujudake pangajab kasebut. Carane yaiku mangun sistem data kabudayan sing tanja lan pinercaya. Nyumadyakake sarana lan prasarana kabudayan. Sing pungkasan yaiku ningkatake Sumber Daya Manusia (SDM) sing ngurusi kabudayan.

Dirjen Kebudayaan Hilmar Farid ngandharake strategi kabudayan iku bab wigati sing kudu dinduweni Indonesia. Strategi kabudayan diterusake dadi Rencana Induk Pemajuan Kebudayaan, Rencana Pembangunan Jangka Panjang, Rencana Pembangunan Jangka Menengah, banjur ditetepake dadi Rencana Kerja Pemerintah.

“Iki sing paling penting. Strategi kabudayan ora ngatur apa sing bakal dilakoni masarakat. Masarakat lan para sutresna budaya iku wis mlaku. Nanging lakune iku kudu diarahake,” kandhane.

Kepala Dinas Kebudayaan Solo Kinkin Sultanul Hakim nalika diwawancarai wartawan ing dina pungkasane KKI 2018 melu nyengkuyung program pamarentah. Dheweke ngandharake menawa kabudayan penting kanggo ngrumat Kebinekaan. 

The post Strategi Kabudayan Kanggo Majuning Budaya appeared first on Solopos.com.

Viewing all 159 articles
Browse latest View live